Sabtu, 21 Agustus 2010

SEDULUR PAPAT




by Kristanto Basuki on Wednesday, August 11, 2010 at 9:05am

Wedjangan marangsabdhoning Gusti,

nyiptakake djalmomanungso. Ugo marang asal - usule

sedulor papat, kangmomong djalmo manungso.

---------------------------------------------------------

Sak durunge bumisutji kuwi ono kang manggoni, Gusti uwes luweh disek, nggawe ukom kanggonedjalmo manungso. Bandjor Gusti, ngetokake kuwasane nggawe sukmo, lan udjuterogo, kang dititesake Gusti, ing bumi sutji, naliko wong wadon kuwi mbobot isehanyar - anyaran.

1. Bandjor nalikodjabang bayi kuwi umure arep ngantjek sesasi: Gusti ngetokake kuwasane nggaweudjute rupo, marang djabang bayi kuwi, kang artine bongoso.

2. Bandjor nalikoumure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor rong sasi: Gusti ngetokake kuwasanenggawe udjute: Werno.]

3. Bandjor nalikoumure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor telong sasi: Gusti ngetokakekuwasane nggawe udjute: Kulet.]

4. Bandjor nalikoumure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor patang sasi: Gusti ngetokakekuwasane nggawe udjute: Uthek.]

5. Bandjor nalikoumure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor limang sasi: Gusti ngetokakekuwasane nggawe udjute: Otot. ]

6. Bandjor nalikoumure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor enem sasi: Gusti ngetokake kuwasanenggawe udjute: Balong.]

7. Bandjor nalikoumure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor pitong sasi: Gusti ngetokakekuwasane nggawe udjute: Rambot, geteh, lan dageng.

Lan iki kang disebotsempurnane Gusti, nyiptakake djalmo manungso, deneng udjute djabang bayi kuwiuwes sempurno. Amergo kuwi, kanggone djalmo manungso kang uwes luweh disek tekoing bumi mulyo iki, kang Gusti suwon: Mator nuwono, marang Gusti kang mohokuwoso, deneng udjute djabang bayi, kang ditjiptakake Gusti ing bumi sutjikuwi, uwes sempurno.

Lan sirnakake bebayankanggone djabang bayi kuwi, supoyo yen djabang bayi kuwi utjol soko bumi sutji,ora nandang kasengsaran, amergo sengkalane setan. Bandjor dusono bopo lanbiyunge djabang bayi kuwi, karo dungo keslametan:

8. Bandjor nalikoumure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor wolong sasi: Gusti ngetokakekuwasane, nggawe asal - usule sedulor papat ugo artine sedulor papat:

1. Geteh puteh.artine: [ welas asih ]

2. Bungkos. artine: [kang nggawe kekuatan ]

3. Ari - ari. artine:[ kang ndjogo sukmo ]

4. Geteh abang.artine: [kang nglawan bebayan]

Bandjor sak teruse,Gusti ngetokake kuwasane nggawe, djenenge sedulor papat kang sedjati. Kangmanggon ono ing ragane djabang bayi, kang udjute koyo mengkene:

1. Djoborolo. manggonono ing [ kulite djabang bayi ]

2. Mokoholo. manggonono ing [ balunge djabang bayi ]

3. Hosoropolo.manggon ono ing [ nyawane djabang bayi ]

4. Hodjorolo. manggonono ing [ daginge djabang bayi ]

Bandjor naliko umuredjabang bayi kuwi, arep ngantjek umor sangang sasi: Gusti ngetokake kuwasane,nggawe roso kanggone djabang bayi kuwi, kang udjute koyo mengkene:

1. Budi. ing ndjeronebudi ono, [ pikiran.]

2. Roso. ing ndjeroneroso ono, [ sukmo.]

3. Pikiran. ingndjerone pikiran ono, [ roso.]

4. Kahuripan. ingndjerone kahuripan ono, [ Ingsoen.]

Jo Ingsoen sedjatinemanungso, kang ditjiptakake Gusti, kang moho sutji, kang nggowo kasempurnaneGusti: Moho kuwoso Gusti, engkang pareng kasempurnane djabang bayi, ing bumimulyo meniko, sangkeng kuwoso pandjenengan. Bandjor utjol sabdhoning Gustikanggone Ingsoen, ninggalake bumi sutji.

Utjol soko dalan kangtjilek, bebarengan sempurno marang udjute sedulor papat kang moho sutji: DuhGusti kang moho sutji, kok kados makaten bumi mulyo puniko. Kabeh mahu uwessempurno marang opo kang tinitah Gusti, kanggone djalmo manungso. Lan siro,djalmo manungso ora perlu wedi, marang kahuripan ing bumi mulyo iki.

Awet kahuripan siroing bumi mulyo kene ora idjen ketjobo nggowo kuwasane Gusti. Ugo siro ditunggusedulor papat kang asmone, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, rinoklawan wengi kang dadi utusane Gusti.

Amergo kuwingelingono marang sabdhoning Hosoropolo, kang diutos Gusti pareng wartokanggone siro bongoso Djowo. Supoyo siro biso mangerteni, lan ngelingi marangdino kang dadi pengapesane siro, sak mbendinane, ing dino kemis mbengi lanminggu mbengi. Awet ing dino kuwi, sengkalane siro teko, soko smoro bumo, kangndadegake, kahuripane siro ing bebayan, yen siro nglalekake marang udjute abanglan puteh. Amergo kuwi, ngelingono marang udjute siro, supoyo siro biso nduwenikasempurnan marang kahuripane siro kang ditunggu sedulor papat ing bumi mulyoiki.

( 1 )

Wedjangan marangsabdhoning Gusti kang gaib

kanggone Ingsoen, ingbumi sutji.

Kang ditulesDjoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo.

------------------------------------------------------------------------

Sak durunge beniheIngsoen kuwi ono, Gusti kang luweh disek nggawe ukom kanggone Ingsoen, bandjorsukmo kang iseh durong ono isine ing bumi sutji. Ketjobo kang luweh disek teko,asmone, Ingsoen ing bumi sutji, ora ono Gusti ketjobo Ingsoen. Lan beniheIngsoen kang moho sutji, kang ditjiptakake Gusti, ndadegake sipate Ingsoensutji, ono ing asmone Ingsoen.

( 2 )

Wedjangan marangsabdhoning Gusti,

ndadegake beniheIngsoen ing bumi sutji.

-------------------------------------------------

Ingsoen benih kangmoho sutji, kang biso nggawe sak widjine kedadian, ugo Ingsoen biso ngentekakeopo kang dadi kekarepane Ingsoen. Awet Ingsoen nduweni kasempurnan kang manggonono ing ragane Ingsoen, kang diparengake Gusti. Lan iki tondo, kang kasunyatanmarang asal - usule Ingsoen. Luweh, luweh Ingsoen iki rasane manungso kangditjiptakake Gusti, kang tekane soko: (1. Lemah.) ( 2. Geni.) ( 3. Banyu.) ( 4.Angin.) Bandjor teko rasane Ingsoen kang lima jo kuwi: ( l. Tjahyo.) ( 2.Roso.) (3. Sukmo.) (4. Angkoro murko.) ( 5. Budi.) semono, ugo budi kuwi talirupane Ingsoen, kang moho sutji, tan keno, reget kanggo sak lawase.

( 3 )

Wedjangan marangsabdhoning Gusti,

supoyo Ingsoen biso,nglebor marang kesalahane.

-----------------------------------------------------------

Ingsoen nduwenikesalahan, marang ragane Ingsoen, kang moho sutji, kang ditjiptakake Gusti.Awet Ingsoen tansah nglalekake, marang asal - usol Ingsoen, kang tekane sokoGusti. Bandjor reget kuwi teko, ngrusak kahuripane Ingsoen, kanggo sakmbendinane. Lan akhire Ingsoen nduweni roso ngapusi, angkoro murko, lali, kangtekane amergo kesalahane Ingsoen dewe. Sebab Ingsoen uwes ora tahu manehmangerteni, marang kasempurnane Ingsoen kang diparingi Gusti, ugo marangsedulor papat kang momong Ingsoen, rino klawan wengi Dungo: ( Gusti kang mohopangaksumo, kang kuwoso pareng kasempurnan marang Ingsoen. Ingsoen nglebormarang kesalahane Ingsoen, ugo marang dusane Ingsoen kang nggawe, sengsaranekahuripane Ingsoen. Sirno bebayan soko, kuwasane Gusti kang moho pangaksumo,sirno bebayan kanggo sak lawase. Ingsoen sempurnakake udjute Ingsoen, kangmahune sirno. Slamet sempurno marang udjute Ingsoen kang moho sutji sokokuwasane Gusti.)

( 4 )

Wedjangan marangsabdhoning Gusti,

supoyo Ingsoen bisonglebor kesalahane

marang sedulor papat,kang momong Ingsoen

------------------------------------------------------

Ingsoen nglebor dusaneIngsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo,Hodjorolo, kang ndjogo Ingsoen rino klawan wengi. Kakang kawah adi Ingsoen siari - ari, pusating kabeh sedulor Ingsoen, kang ndjogo Ingsoen ono ing djagateGusti, kang gaib. Kang metu bebarengan sempurno, marang udjute Ingsoen kangpantjer, kang tinitah Gusti. Dungo: Gusti engkang welas asih lan mohopangaksumo, sirnakake bebayan, kang ono ing ragane Ingsoen, ugo sirnakake kabehkesalahane Ingsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat. Slamet soko kuwasaneGusti, ugo slamet marang kahanane Ingsoen, kang sedjati, kanggo sak lawase.

( 5 )

Wedjangan marangsabdhoning Gusti,

ngawenake sukmo lanragane Ingsoen.

----------------------------------------------

Gusti kang mohokuwoso, kang ngawenake sukmane Ingsoen, karo ragane Ingsoen, lan pengulune poroMidodari. Bandjor disaksekake, sedulor Ingsoen kang papat, kang asmone:Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, lan Hodjorolo, kang mangku roso, ugo kangpareng tjahyo kahuripane Ingsoen. Bandjor Gusti maringi kuwasane, marangsedulor Ingsoen kang papat kang diutos Gusti, ndjogo, kahuripane Ingsoen ingbumi mulyo kene, supoyo Ingsoen biso nduweni kahuripan kang sempurno:

1. Djoborolo. kangmaringi pangomongan marang Ingsoen.

2. Mokoholo. kangmaringi roso marang Ingsoen.

3. Hosoropolo. kangmaringi pangelingan marang Ingsoen.

4. Hodjorolo. kangmaringi wisikhan marang Ingsoen.

Bandjor Ingsoennebusi mas kawine Ingsoen, sukmo lan ragane Ingsoen marang Gusti, jo kuwikasempurnan kang ono ing kuwasane Ingsoen kang sidji: Joho Gosoto. JohoDjoborolo. Joho Mokoholo. Joho Hosoropolo. Joho Hodjorolo. Joho Hongosono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar