Kamis, 04 Februari 2010

SANGKAN PARAN


SANGKAN PARAN #1

Wacana ‘Paraning Dumadi’ yang dikirimkan ke saya dan kemudian saya teruskan kepada para sejawat semua kiranya perlu menjadi perhatian kita semua. Marilah kita sama-sama menelisik ‘kawruh murni’-nya leluhur kita tersebut dengan ketulusan demi bisa terwariskan kepada anak keturunan kita sendiri.

Telah kita ketahui bersama, bahwa ‘ngelmu-ngelmu’ Jawa sangat jarang yang dipaparkan secara tertulis dengan gamblang. Kebanyakan dengan simbul-simbul yang benar-benar rumit untuk dipahami secara awam. Terlebih-lebih tentang ‘ngelmu- ngelmu’ yang sangat penting dan mendasar sebagaimana ‘Kawruh Sangkan Paran’.

Kita tidak tahu mengapa hal itu terjadi. Bahkan pemahaman yang terwariskan kepada kita telah memposisikan ‘ngelmu-ngelmu’ tersebut sebagai ‘sinengker’ yang artinya tidak boleh dibicarakan secara umum. Perlu prasyarat-prasyarat tertentu yang harus ‘dilakoni’ oleh orang yang berkehendak mempelajari dan memahami. Maka akibatnya bagi awam terposisikan untuk ‘manut miturut’ mengikuti para ‘sesepuh’ yang diyakini telah mampu menguasai ‘ngelmu-ngelmu rungsit lungid’ tersebut.

Sinengkernya ngelmu-ngelmu Jawa tersebut menjadikan kebanyakan orang Jawa awam merasa terjauhkan dari ‘Kawruh Ajaran Hidup’ warisan leluhurnya sendiri. Kemudian memilih untuk mengikuti ‘Ajaran Hidup’ dari luar yang disebarkan dengan intensif dan gampang. Bahkan untuk menjadi ‘tokoh’ ajaran hidup yang dari luar itupun tidak banyak prasyarat yang harus dipenuhi. Oleh karena itu menjadi wajar ketika ‘nuansa’ Jawa di saat ini terkesan sudah berubah menjadi “Barat’ dan ‘Timur Tengah’.

Keinginan Ki Djoko Wiro dalam mewacanakan ‘Paraning Dumadi’ membuktikan bahwa sesungguhnya ada keinginan-keinginan di kalangan masyarakat Jawa terpelajar untuk bisa memahami ‘Kawruh Ajaran Hidup’ yang asli miliknya sendiri. Beliau yang telah ‘yuswa’ dan mengenyam asam garam kehidupan nampaknya ‘kurang sreg’ dengan diskripsi ajaran hidup (agama) yang dari luar. Namun menjadi gamang ketika mencoba mengikuti penekunan spiritual Jawa yang ada (Aliran Kepercayaan). Kiranya banyak kadang lajer Jawa yang seperti Ki Djoko Wiro tersebut.

Ketika saya kepingin ‘urun rembuk’ untuk mengkaji berbagai ngelmu Jawa, maka kendala yang terjadi ada pada bahasa. Pada kenyataannya memang sangat sulit menyam-paikan paparan kawruh kejawen dengan bahasa Indonesia. Padahal bahasa Jawa untuk ngelmu-ngelmu tersebut sudah banyak yang kurang paham lagi. Serat-serat kapujanggan misalnya, bahasanya sudah jarang dipergunakan awam pada masa sekarang ini. Lagian disusun dalam bentuk tembang-tembang. Maka jarang orang paham isinya meskipun ketika berkesenian nembang macapat begitu fasih melakukan.

Namun demikian, kita hendaknya tidak gampang menyerah. Karena kita, wong Jawa, masih memiliki bahasa Jawa Ngoko yang secara alamiah terlestarikan dan masih banyak awam yang memahami. Kebetulan saja bahwa ‘teks’ ngelmu-ngelmu Jawa banyak yang dipaparkan dengan bahasa Jawa Ngoko itu. Menanggapi keinginan Ki Doko Wiro dan mungkin para sejawat lain yang senada, maka saya ingin menyampaikan suatu kajian tentang ‘Kawruh Sangkan Paran’ semampu saya kepada para sejawat. Sumangga ……. Meski yang tertera di banyak literatur Jawa masih banyak berbau ‘dongeng’, namun bisa menuntun saya memahami ‘dasar falsafah’ Jawa tentang: teologi, mitologi dan ‘kosmologi’ Kejawen. Landasan atau ‘aras dasar’ utama spiritualisme Kejawen adalah ‘Panunggalan’, atau ‘Manunggal’ yang artinya menerangkan bahwa ‘sistim’ dari semua ‘yang ada’ merupakan suatu ‘kesatuan yang mutlak kosmis-magis tak terpisahkan’.

‘Struktur sistim’-nya seperti kesatuan sel yang terdiri ‘inti’ dan ‘plasma’, disebut dalam istilah Jawa ‘Gusti’ dan ‘Kawula’. Kalimatnya : “Manunggaling Kawula Gusti”. Untaian kata wewarah Jawa lainnya: ‘kembang lan cangkoke’, ‘sesotya lan embanan’, ‘sedulur papat kalima pancer’ (dalam konteks rohani manusia), Hyang Manik lan Hyang Maya; Manikmaya atau ‘Dzat Sejatining Urip’ (rohani jagad semesta) yang dalam istilah Jawa diberi sebutan: ‘Pangeran’ atau ‘Gusti’.

Kawruh Kêjawèn mengajarkan bahwa tergelarnya jagad raya adalah diciptakan oleh Sang Hyang Wenang (sebutan lainnya: Sang Hyang Wisesa, Sang Hyang Tunggal), nama sebutan untuk Sesembahan Asli Jawa. Penciptaannya dengan meremas (membanting) antiga (benih, wiji, bebakalan) hingga tercipta tiga hal :
a. Langit dan bumi (alam semesta).
b. Teja dan cahya, teja merupakan cahaya yang tidak bisa diindera sedangkan cahya merupakan cahaya yang bisa diindera.
c. Manikmaya, yaitu “Dzat Urip” atau “Sejatining Urip” (Kesejatian Hidup, Suksma, Roh).

Menurut Kawruh Kêjawèn, maka seluruh semesta seisinya adalah ciptaan Sanghyang Wisesa di alam suwung, artinya mencipta di dalam haribaan-Nya sendiri. Di dalam haribaan-Nya sendiri mengandung maksud bahwa Tuhan murbâ wasésâ (melingkupi, memuat, serta menguasai dan mengatur) seluruh semesta dan seluruh isinya.

Di dalam kesemestaan tersebut ada materi (bumi dan langit), ada sinar dan medan kosmis (cahya dan teja), dan ada Dzat Urip (Manik-mâyâ, Sêjatining Urip, Kesejatian Hidup) sebagai derivate (emanasi, pancaran, tajali) Dzat Tuhan. Pandangan Kêjawèn menyatakan bahwa: Dzat Tuhan “tan kênâ kinâyângâpâ”, tidak bisa dihampiri oleh akal,
rasa, dan daya spiritual (batin) manusia. Yang mampu dihampiri akal, rasa dan daya spiritual (kebatinan) adalah Derivate Awal Dzat Tuhan yang di banyak penekunan kejawen disebut ‘Suksma Kawekas’. Saya sendiri lebih nyaman menggunakan sebutan Dzat Sejatining Urip, yang kemudian disebut: Pangèran, Gusti, atau Ingsun.

Kawruh Sangkan Paran merupakan ‘ngelmu’ Jawa yang mengajarkan asal mula keseluruhan yang ada dan kemana tujuan akhirnya. ‘Ada’ dalam artian ‘Maha Kesatuan
Tunggal Semesta’ adalah langgeng abadi. Maka dengan demikian ‘sangkan paran’ lebih ditujukan kepada ‘ada’ untuk ‘titah urip’ dan lebih khusus lagi ‘manusia’. Titah urip merupakan ‘persenyawaan’ dari tiga unsur : bumi lan langit, cahya lan teja, serta ‘dzat urip’. Ketiga unsur tersebut bersifat langgeng pada ‘azali’-nya, maka yang tidak langgeng adalah ‘kahanan pernyawaannya’. Sangkan berarti proses mensenyawa, sementara paran merupakan ‘kahanan’ setelah mengurai kembalinya pernyawaan tersebut. Berikut saya kutipkan ‘Wedaran Sang Wiku Djawa Boedi Moerni’ (1934) :

Note :
Sang Wiku adalah ‘sesepuh’ Kejawen yang menjadi ‘guru utama’ banyak tokoh-tokoh Jawa di jamannya. Tersirat dalam tulisan para siswanya, bahwa saat itu Sang Wiku sudah sepuh sekali, diatas seratus taun. Sang Wiku menyatakan diri sebagai orang pelosok (pegunungan) yang jauh dari kota. ‘Cedhak watu adoh ratu”.

SANGKAN PARAN #2

Sangkan Paran iku lakone Urip utawa Jiwa kang lagi tumurun saka kana tumeka ing kene, kang ing maune sira padha durung wikan (mangerti). Maune iku, karepe wiwitan utawa kana, dadi sangkane kang mau saka kana, parane mrene. Kosok baline, saka kene parane mrana. Iku yen mungguh tumraping wong lumaku, sing mesthi sangkane saka mburi parane menyang ngarep. Sawise tumeka ing paran (kene iki), yen arep marani sangkane, kudu lumaku ambalik. Ananging patrap kang mangkono iku rekasa, marga dunung lan dalane wis ora kelingan; rak iya ta? Coba caritaa sapa kang wus tau weruh, wong tuwa bisa bali dadi bocah maneh, banjur dadi bayi bali lumebu ing guwa garba, nuli bisa bali dadi jiwa? Iku aran mokal.

Ing mengko sarehning patrap ambalik iku ora bakal bisa kalakon, becike nganggo patrap lumaku ambanjur bae. Geneya teka mangkono? Iya awit mirid saka piwulang bab kaanan titahing Suksma, adhapur piwulang kang sajati ngenani jagad saisine kabeh, bawana iku wujude bunder. Dadi yen lumaku ambanjur, kang mesthi iya bisa tumeka ing panggonan maune. Awit araning enggon iku mung loro, kana karo kene. Kosok baline: kene karo kana. Dadi yen saka kana, parane mrene, lan manawa saka kene parane mrana. Waton lakune mau ora slewengan, utawa mompar mampir ndadak utang sangu barang, utawa maneh ndadak jajan ana ing warung, adus ing kedhung, mesthine rak iya bakal tekan ing kana ta?

Mulane padha den ngati-ati lan prayitna sarta kang eling, manawa kene iki akeh begalane lan akeh sambekalane, apa maneh dhasar gedhe cobane. Iku kang dadi pangridhu lan pamurunging sedya, kang marakake ora bisa sembada. Mangka kene iki wawayangane kana, lan kana iku iya wawayangane kene. Papadhane sira andeleng warnanira ana sajroning pangilon, yen kene tutul, kana iya tutul; kene lorek, kana iya lorek; kene ireng, ing kana iya ireng, mangkono sapiturute. Ana dene sakabehing rurupan iku, iya wujuding begalan. Begalan mau kadadeyan saka kurang pangati-atine mungguh pangreksane marang awake dhewe. Pinangkane mung saka karem angumbar karep, anuruti hawa napsune. Mangka karep lan hawa napsu iku, manawa diuja sangsaya makantar-kantar anggegirisi, tutuging endhon andadekake coba beka, kang mahanani awake dhewe dadi ambuntel, utawa ambalebet sarta ambabaluhi marang Pak Jiwa. Apa iya ora rekasa lakune Pak Jiwa mau? Sing mesthi kang amarga kabotan ing babaluh, dadi banjur banget ing sarentine. Terkadhang durung sapira dohing lakune, nuli karasa sayah, banjur trima mung mandheg ana ing saenggon-enggon bae. Gek kapan bisane menyang panggonane lawas? Jalaran saka kang mangkono iku, luwih prayoga manawa ingsun nyaritakake bab sangkan paran dhisik, lan kapriye sababe dene bisa tumurun marang ing donya iki. Apa maneh kapriye mungguh perlune kawruh kang
mangkono mau dibutuhake dening manungsa, lan kudu diudi kongsi kapara nyata nemu buktine, kang kalawan sinaksenan dening lepasing pandulu kita pribadi. Sarta maneh kumudu angawruhi marang dumadining rereged utawa luput kang sakawit. Duk nalika tumurun saka kana- kanane, rereged mau ora tinemaha. Marga kang mangkono mau, banjur ora diarani suci, dening wus anduweni cacat lan luput ing wiwitane. Mangka sajatine cacad utawa luput mau, tansah cumepak angadhang ana ing dadalan, kang diliwati dening kang lumaku saka sangkan (kana panggonane lawas), marang paran kene iki.

Dadi luput utawa reregede mau iya banjur sangsaya ajujul wuwul. Mulane Urip utawa Jiwa kang kawuwulan ing rereged iku mau lumrahe banjur diarani ‘kawula’. Amarga tekane wus kawuwulan dening rereged (kaluputan) kang kongsi andadekake lemesing dayane Pak Urip iku. Rumangsa kaya kinunjara ana ing sajroning gedhong wesi. Mulane saya akeh kaluputane, iya sangsaya ringkih uripe. Iya jalaran saking kandel lan gedhening kaluputane, Pak Jiwa kongsi kena diandheg ana ing kene watara lawas. Ora uwal utawa ora ucul yen bandhule kang kasar-kasar mau durung rusak. Dene bandhul utawa balebed kang wis rusak, diuwalake dening Pak Urip mau, lumrahe diarani mati.

Mungguh salugune Jiwa utawa Pak Urip iku ora bisa mati, ajeg ing salawas-lawase. Tembung ajeg iku, iya langgeng: apane kang langgeng? Yaiku uripe lan anane, yaiku Jiwa kang wus oncat saka buntel utawa bandhule. Dene buntel utawa bandhule kang kaprahe diarani raga, kang asipat kaya dene ragangan, kang ing tembe mesthi bakal rusak dadi wangke. Sanajan wis bisa oncat saka rereged utawa raga, suprandene iya isih ana maneh rereged kang ora gampang diuwalake. Ing ngarep wis ingsun caritakake, yen
rereged kang nutupi iku andadekake pepeteng lan lali, mulane iya ora gampang baline marang sangkan utawa padunungane lawas. Bisane bali marang panggonane lawas, manawa Pak Jiwa mung kari anggawa sarira pribadi. Amarga sarirane pribadi mau, asale saka sangkan lan ora kawoworan apa-apa, mulane diarani suci, bisa luluh lan jumbuh dadi sawiji, tetep jumeneng Maha Suci, tegese luwih dening suci. Kang wis widagda angudi mangkono mau, kaprahe diarani nyawarga, tegese sawarga iku, wus kumpul kalawan wargane (dadi siji). Dadi anane ing kono mung sarwa lega, iya lega dening wus bisa bali marang poke. Kang ana ing kono mung panjenengane pribadi, ora kantha ora kanthi, ora warna ora rupa, ora arah ora pernah, tetep jumeneng Maha Agung lan Maha Luhur, Maha Kawasa lan Maha Luwih, mulya langgeng tan owah gingsir.

Dene enggone sinebut Maha Agung iku, amarga jagad saisen-isene kabeh, kawasesa ing Panjenengane. Teteping Maha Luhur iku, jalaran sakehing kaanan, luwih asor tinimbang Panjenengane. Teteping Maha Kawasa, karana dumadining kaanan kabeh, kapurba ing Panjenengane. Teteping jumeneng Maha Luwih sebab sagunging kaanan, antuk palimarma saka Panjenengane. Tetepe Maha Mulya, dening kaanan kang dumadi ora bisa madha lan ora kawawa anggepok marang Panjenengane. Tegese langgeng tan owah gingsir iku, wiwit duk samana kongsi saiki, tumekane ing mbesuk, iya ajeg anane, ora owah lan tanpa cacad.

Kang mesthi Pak Jiwa kang kangelan bali marang panggonane lawas (sangkan) mau kepengin ambaleni ragangane nanging ora gelem jalaran wus arupa wangke. Mulane amilaur ngluyur saparan-paran, ngaub ana ing saenggon-enggon. Dadi tenagane Jiwa iku ora gampang sembadane bisa bali marang panggonane lawas manawa durung bisa nguwalake rereged utawa kaluputane. Jiwa kang sumanggar ana ing saenggon-enggon, utawa kang sumandha ing saparan-paran, iku yektine kena diarani neraka, jalaran kang sabenere kudu bali menyang panggonane lawas (sangkan), ananging ora bisa tumeka, amarga isih kawoworan rereged kang dadi babaluh mau. Ana maneh bandhul kang anjalari si Jiwa enggal bali maneh marang ing donya kene, ngrasuk raga anyar. Bandhul kang anjalari bisa bali ngrasuk raga anyar mau aran ‘ala utama’ utawa ‘reged apik’. Ing tembe, tumurun ing donya kang kapindho, lan yen bisa ngrucat sarta nguwalake saliring rereged, iya uga bisa bali marang panggonane lawas. Dene bandhul becik iku mau, asale saka karep kang dhemen anggayuh kautaman, angudi marang kang durung bisa andadekake pamareme. Dadi urip ing donya kang kaping pindho iku, perlune nutugakake kang digayuh lan diudi mau.

SANGKAN PARAN #3

Ing mengko ingsun arep amiwiti anyaritakake cethane dhek sadurunge ana apa-apa, nganti tumeka gumelaring jagad saisine kabeh, lan dumadining manungsa tumurun ing donya, kongsi bali marang panggonane lawas. Kabeh iku ingsun mung saderma ngucap, Hyang Suksma Kawekas kang paring dhawuh.

Dadi sarehning saka keparenging Suksma, sariraningsun minangka lelantaran ambuka, cethane wawarah mau, pangrasaningsun wis aran nugraha (begja kemayangan). Marmane ingsun kudu matur sewu sembah nuwun marang Panjenengane, nganggo cara Jawa sakepenake manut sasenengingsun dhewe. Kabeh kang ingsun enteni lan ingsun senengi, kang mesthi wus kauningan dening Pangeran Kang Maha Wikan.

HYANG HONG ILAHENG AWIGNA BUDIWA NAWA SANGA, mung Hyang Suksma Kawekas sasmitaningsun. Niyatingsun miwiti ambuka wedaran kawruh atas karsaning Suksma:
Durung ana apa-apa, isih suwung wangwung. Suwunge iku dumunung ing ana. Ana iku langgeng ing salawas-lawase. Pethane kaya sumurat, anyemburat, nyemprot, kedher ambuwang lan anarik. Kang mangkono iku ajeg salawase, tan kena owah datan kena winengkang. Iku ‘wit’ utawa ‘babu’ baboning ngadadi, ya guruning sakabehing kang ana. Semprotan lan cipratane mau ana kang akeh lan kang sathithik. Kang akeh iku dadi luwih gedhe tinimbang liyane, sarta banjur kuwawa dadi ‘wana’ (papan) dunung dhewe-dhewe. ‘Kaanan’ kang luwih gedhe luwih adoh parane. Sakehing ‘kaanan’ kang dumadi mau tansah wuwuh-wuwuh dayane saka sorot lan semprotan utawa cipratan ‘adidayane’ Guruning Ngadadi.
Kagawa saka dhewe-dhewening prenahe, dayane sakabehing kaanan mau banjur ora padha. Kang luwih dhisik dadi iku semprotan kang luwih gedhe, anduweni daya kedher mubeng anarik meh sairib karo dayane Guruning Ngadadi. Sarehning saka terange cahyane, kang dadi luwih dhisik sarta katone luwih gedhe (menjila, ksm) tinimbang ‘kaanan’ liyane, mula becike ingsun arani Pramana Jati.

Kapindhone, ana maneh kaanan kang meh padha gedhene karo Pramana mau, dayane mungser mubeng sumorot. Saka kuwating ubenge lan kawuwuhan semburating dayane Guruning Ngadadi banjur duwe daya panas. Saka bangeting panase kongsi metu sunare kang padhang, iya iku Arka utawa Surya.

Katelune, ana kang memper kayadene Surya, gedhene uga meh padha, dayane mungser lan sumorot, lan uga tansah oleh wuwuh saka dayane Guruning Ngadadi. Ananging sarehne prenahe rada cedhak karo Pramana, mangka dayane Pramana iku anarik utawa nyerot, dadi prenahing Surya uga banjur cedhak karo ‘kaanan katelu’ mau. Mangka dayaning Surya mubeng sumorot lan panas; panasing sorot tansah angenani ‘kaanan katelu’ iku. Dadi kaanan kang kaping telu mau tansah kawuwuhan dayaning Pramana lan Surya sarta Guruning Ngadadi. Mulane kaanan kang kaping telu iku kurang dayane,
banjur mung adhem lan anteng bae. Nanging iya isih mubeng mungser. Iku ingsun arani Wulan (Rembulan), awit dadine saka lereming daya tetelu kembul dadi sawiji.

Kaping pat, ana kaanan maneh, sarta akeh banget, gedhene iya meh padha bae karo Surya, prenahe adoh karo kaanan tetelu mau. Dayane kabeh mung kedher sumorot. Marga akeh tunggale, becike ingsun arani Kartika (Lintang). Saka padunungane lintang-lintang mau ana tetelu kang katone gedhe dhewe yen dineleng saka kene, amarga luwih cedhak tinimbang lintang-lintang liyane. Pethane kaya dene ngapit-apit dununging Pramana, andadekake pepethan ancer-ancer pojoking Pramana. Dene dayane lintang tetelu mau kalah karo dayaning Pramana, tansah kaserot dening dayaning Pramana. Sabanjure semono uga dayaning Surya lan Rembulan tansah kaserot dening Pramana.
Sakabehing ‘kaanan dumadi’ iku kayadene ngubengi utawa ngrubungi ing Guruning Ngadadi. Mulane iya banjur kaya pepethan ancering arah utawa keblat. Wong Jawa kerep padha nganggo tetembungan ‘keblat papat kalima pancer’, iku karepe mangkene: keblate papat iya iku kaanan dumadi kang gedhe-gedhe, pancere Guruning Ngadadi. Mungguh kaanan dumadi kang dhisik iku mau kabeh diarani purwana, tegese panggonan kang wiwitan iya purwane ana dumadi. Dene gurune kena diarani Guru Purwaka, tegese Guru kang jumeneng dhisik, ora ana kang andhisiki lan ora ana kang madhani.

Wedaran Sang Wiku yang tersaji merupakan hasil beliau bermeditasi (maneges) memenuhi permintaan para siswa-siswanya. Maka dalam pengantarnya beliau berpesan agar para siswanya membuktikan semua yang beliau paparkan dengan cara bermeditasi (maneges) sebagaimana yang beliau lakukan. Disinilah makna “Ngelmu iku kelakone kanthi laku” yang ada dalam Wedhatama pupuh Pucung diterangkan maksudnya. Bahwa dalam hal ‘ngelmu’ Kejawen lebih mengutamakan ‘pembuktian’ kasunyatannya dibanding sekedar menyuruh mempercayai wacana yang kebanyakan berdasar ‘jarene’,
konon kabarnya.

Barangkali saja karena hal itu maka jarang dijumpai paparan ‘ngelmu’ secara teori. Yang ditemukan sekedar pokok-pokok pengertian yang umumnya berupa ‘kalimat wirid’. Misalnya ‘wirid wolung pangkat’ yang banyak dipakai oleh komunitas penekunan Kejawen. Wirid inipun sesungguhnya merupakan ‘ajaran’ yang nampaknya berasal dari jaman kuna. Maka konsepnya bisa ditemukan di parwa-parwa, kavya, dan primbon. Yang terpopuler dan banyak dijadikan acuan laku teosofi adalah yang ditulis R.Ng. Ranggawarsita, Hidayat Jati. Namun juga bisa ditemukan dalam Centhini yang lebih tua. Kalimat wirid yang berkaitan dengan kawruh Sangkan Paran :

Wêjangan pituduh wahananing Pangèran: Sajatiné ora ânâ âpâ-âpâ, awit duk maksih awang-uwung durung ânâ sawiji-wiji, kang ânâ dhihin iku Ingsun, ora ânâ Pangèran anging Ingsun sajatining kang urip luwih suci, anartani warnâ, aran, lan pakartining-Sun (dzat, sipat, asmâ, afngal).

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran petunjuk keberadaan Pangeran: Sesungguhnya tidak ada apa-apa, sejak masih awang-uwung (suwung, alam hampa) belum ada suatu apapun, yang ada pertama kali adalah Ingsun, tidak ada Pangeran kecuali Aku (Ingsun) sejatinya hidup yang lebih suci, mewakili pancaran dzat, sifat, asma dan afngal-Ku (Ingsun). Kalimat wirid tersebut di atas ketika kita hubungkan dengan wedaran Sang Wiku, maka sebutan Ingsun atau Pangeran adalah sama dengan Guruning Ngadadi atau Suksma Kawekas. Dalam paparan sang Wiku selanjutnya nanti, menjelaskan bahwa penciptaan ‘titah urip’ didahuli penciptaan tempatnya lebih dahulu yaitu bumi lan langit (Tata Surya) serta embanan panuksma yang berupa semua dayaning ‘kaanan dumadi’ (sorot semburat kekedher, cahya lan teja). Maka wedaran Sang Wiku akan jumbuh dengan kalimat wirid berikutnya :

SANGKAN PARAN #4

Wêjangan pambukâ kahananing Pangèran:
Satuhuné Ingsun Pangèran Sêjati, lan kawâsâ anitahaké sawiji-wiji, dadi ânâ pâdhâ sanalikâ sâkâ karsâ lan pêpêsthèning-Sun, ing kono kanyatahané gumêlaring karsâ lan pakartining-Sun kang dadi pratândhâ:
a. Kang dhihin, Ingsun gumânâ ing dalêm alam awang-uwung kang tanpâ wiwitan tanpâ wêkasan, iyâ iku alaming-Sun kang maksih piningit.
b. Kapindho, Ingsun anganakaké cahyâ minângkâ panuksmaning-Sun dumunung ânâ ing alam pasênêdaning-Sun.
c. Kaping têlu, Ingsun anganakaké wawayangan minângkâ panuksmâ lan rahsaning-Sun, dumunung ânâ ing alam pambabaring wiji.
d. Kaping pat, Ingsun anganakaké suksmâ minângâa dadi pratân-dhâ kauripaning-Sun, dumunung ânâ alaming hêrah.
e. Kaping limâ, Ingsun anganakaké angên-angên kang ugâ dadi warnaning-Sun ânâ ing sajêron alam kang lagi kênâ kaupa-makaké.
f. Kaping ênêm, Ingsun anganakaké budi kang minângkâ kanya-tahan pêncaring angên-angên kang dumunung ânâ ing sajêronê alaming badan alus.
g. Kaping pitu, Ingsun anggêlar warânâ (tabir) kang minângkâ kakandhangan pasèrènaning-Sun.

Kasêbut nêm prakârâ ing ndhuwur mau tumitah ing donyâ, yaiku Sajatining Manungsâ.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran membuka pemahaman keadaan Pangeran:
Sesungguhnya Aku adalah Pangeran Sejati, dan berkuasa menitahkan sesuatu, menjadi ada dengan seketika karena kehendak dan takdir-Ku, disitu kenyataan tergelarnya kehendak dan titah (pakarti)-Ku yang men-jadi pertandanya :
a. Yang pertama, Aku berada di alam kehampaan (awang-uwung) yang tiada awal dan tiada akhir, yaitu alam-Ku yang masih tersembunyi.
b. Yang kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai penuksmaan-Ku berada di alam keberadaan-Ku.
c. Ketiga, Aku mengadakan bayangan (aura) sebagai panuksma dan rahsa-Ku, berada di alam terjadinya benih.
d. Keempat, Aku mengadakan suksma (ruh) sebagai tanda kehidupan-Ku, berada di alam herah (sel hidup).
e. Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga sebagai warna-Ku berada di alam yang baru bisa diumpamakan.
f. Keenam, Aku mengadakan budi (gerak) yang menjadi kenyataan berpencarnya angan-angan yang berada di dalam alam badan halus (rohani).
g. Ketujuh, Aku menggelar tabir (hijab) yang sebagai tempat per-semayaman-Ku.

Tersebut enam perkara di atas tadi tertitahkan di dunia, yaitu Sejatinya Manusia.

Kelanjutan wedaran Sang Wiku :

Ana dene kang bakal dawa caritane, iya iku Pramana.
Pramana iku tansah anyerot dayaning kaanan tetelu mau, kayata surya sinerot panase, lintang sinerot kedhere, rembulan sinerot adheme. Amarga Pramana anduweni daya kedher lan mubeng banget santosane, suwe-suwe kumpuling daya tetelu kang padha sinerot mau, dadi ngringet. Kringete mau saya lawas sangsaya mundhak, suwe-suwe dadi banyu. Dene banyu iku ingsun arani ‘tirta purwa’, utawa ‘tirta kamandanu’, tegese banyu urip, marga wiwitane saka kumpule daya tetelu. Tirta kamandanu mau tansah ingubengake lan kinedherake dening Pramana, suwe-suwe dadi saya kasar.

Sarehning penyeroting Pramana ora ana lerene, dadi banyu mau saya lawas iya sangsaya mundhak kasare. Amarga saka gedhening banyu mau, kongsi kawawa ambuntel marang sariraning Pramana mangkono ing sabanjure. Saya lawas iya sangsaya mundhak akehe lan kasare, wusana banyu kasar kang wus bisa ambuntel ing sariraning Pramono mau, dadi banget kandele lan banget jembare. Iku ingsun arani jaladri, karepe banyu luwih kandel, luwih jembar.

Jaladri mau sabanjure tansah ingubengake ing Pramana, kinedherake lan katarik sarta tansah kawuwuhan dayaning surya, rembulan lawan lintang-lintang satemah jaladri kang cedhak karo sariraning Pramana, banjur saya luwih kasar, kongsi anjendhel. Jendhelan mau saya lawas sangsaya kandel, mulane banjur rapet pambuntele marang Pramana: gampange jendhelan iku ingsun arani ‘pratala’, tegese wujud kasar dadi dhadhasar, lan tansah raket lan rapet kalawan Pramana, kongsi ora ana selane.

Dene banyu jaladri mau saking kandele lan jembare, nganti tanpa wates, gampange ingsun arani jalanidhi. Ing samengko saya kurang lepas (kuwat) daya panyeroting Pramana, marang kaanan tetelu mau, sarta dayane mubeng lan kedher mau, kalingan ing pratala. Sarehning pratala iku mau banget cedhake karo Pramana dadi tansah kagepok ingubengake lan kinedherake dening Pramana mau. Saking bangeting sesere, kongsi kaya digosok ajeg tanpa ana lerene. Ing wekasan pratala mau banjur panas, suwe-suwe kawawa dadi geni, genine awor karo awak-awaking pratala mau. Saka gedhening geni kang tansah di kedherake dening Pramana, dadi Pratala mau tansah kaya digarang , jalaran ing njaba ora pedhot kataman panasing surya.

Saupama ora oleh daya adhem saka rembulan, sarta daya kedhering lintang-lintang, kang mesthi pratala mau dadi garing, lan jalanidhi dadi asat. Nanging kedhering lintang-lintang kang sinerot mau nampeg marang bunteling Pramana, iya iku pratala lan jalanidhi, iku katut kadayan dening kakedher lan ubenge mau. Mulane kedhering lintang kang sinerot mau uga banjur katut marang lakuning pratala lan jalanidhi kang kagawa mubeng dening Pramana. Sabab saka mangkono banjur mahanani daya kang santosa kaya dene nyembur marang ing pratala lan jalanidhi mau. Dene daya santosa mau gampange diarani maruta. Karepe daya sinerot kerut (katut) dening ubenging kang anyerot. Maruta mau amratani sajembaring pratala lan jalanidhi. Mulane pratala mau mung wuwuh akas lan atos bae, dadi ora garing kabeh. Wusana ana kang banjur nela, bolong pating cromplong, marga saka tansah kesuk dening lakune geni kang kinedherake dening Pramana mau.

SANGKAN PARAN #5

Mungguh bolongan kang saka pratala iku, jebule (njedhule, tembuse) marang jalanidhi: lakuning geni banjur kadhangan dening jalanidhi, mangka banyuning jalanidhi orang gampang piniyak (kesuk) ing lakuning geni, jalaran saka kandele, dadi banyunne mung tansah pating panjelut. Panjeluting banyu mau katampeg ing maruta, banjur nyempyok ing pratala. Mulane pratala kang kena kasempyok banyuning jalanidhi mau, padha luntur katut sempyokaning banyu, lunturane suwe-suwe nglumpuk, banjur dadi punthuk ana ing pratala urut sacedhake jalanidhi. Dene bolongan kang ora kendhat ngesuk marang pratala kang amarga saka banget santering geni mau, pratalane banjur muncrat sumembur sumawur sakubenging bolongan mau. Lawas-lawas saya wuwuh sauwuraning pratala, nuli dadi punthuk. Punthuk mau uga tansah katampeg lakuning maruta tumamane ora beda karo diubengake.

Sarehning sawuraning pratala mau saya wuwuh, mangka maruta tansah angubengake, dadi banjur kaya diglintir, mulane katon bunder lan mundhak dhuwure. Pratala kang mangkono iku kepenake ingsun arani Ancala, iya iku pratala kang katon munggul, beda karo pratala kang ora kambah ing bolongan iku. Ancala mau salawase tansah kataman daya panasing geni, mulane iya banjur saya wuwuh kandel. Pratala kang atos sedhak karo lakuning geni iku, anuli dadi dhasaring ancala, kang angubengi bolonganing geni, mulane gampange iya ingsun arani padhas, karepe bantala atos, kang dadi dhasaring pratala iku. Ancala iku uga tansah oleh dayaning surya, lintang lan rembulan, mulane ora bisa dadi panas kabeh. Sakehing kaanan dumadi iku, lakune tansah mangkono bae ing sabanjure. Ing mangka kang perlu bakal ingsun caritakake luwih dawa, yaiku Pramana.

Pramana iku sawuse winungkus utawa binuntel dening kaanan pirang-pirang, kayata: pratala kang isi punthuk lan ancala sarta jalanidhi, dhahana miwah maruta, ing samengko banjur tetap dadi wana utawa papan, wadhah kang bisa ngandhegake sarupaning kaanan dumadi, kang asal saka cipratan, semburat utawa semprotaning gurune. Mulane bareng wus awujud mangkono, nuli kena diarani bawana. Thukule tembung iku, saka Ba lan Wana. Ba iku wutuhe teba utawa ghumelar. Wana iku karepe panggonan kang isi dayaning dumadi pirang-pirang, kang awujud kasar sarta alus, kaya kang kasebut ing dhuwur mau.

Nanging nalika samono, durung ana kang diarani manungsa lan karsa, amarga durung ganep kang dadi sadhiyan utawa cawisane kang kagungan karsa; dadi kang kagungan karsa iya durung tumedhak. Kang mangkono iku, sira aja keliru surup dening dhek mau wis ingsun terangake, guruning ngadadi sarta sakabehing kaanan dumadi. Iku dhasar wis kaya dene watak ajeg ing salawase. Dadi Panjenengane ora ngagem karsa, sadurunge kanthi pepak cawisane, kang bakal kawuwuhan daya saka kaanan dumadi pirang-pirang mau. Apadene kala samaa durung ana sing diarani hawa. Mangka kang ingsun caritakake mau dumadining kaanan kang gampang bisa diweruhi. Kaanan kang mangkono iku, wong Jawa kewuhan anggone ngarani, lan ora saben wong ngerti karepe, lan uga ora saben wong ngerti kadadeyane.

Mangka sanyatane kaanan iku kang agawe daya kuwat utawa santosa ing sakabehaning kaanan kang gumelar. Terange mangkene: “sawuse bawana gumelar isi pratala, punthuk-punthuk, geni ancala lan jalanidhi, wis mesthi daya panyeroting Pramana saya kurang lepase, nanging lakune lan panyerote isih ambanjur. Dadi dayaning surya, rembulan, lintang-lintang kang sinerot mau, banjur bisa kandheg ing sanjabaning pratala lan jalanidhi, tansah mulek muntel kempel salawase ora wudhar. Apa maneh katurutan saka sorote guruning ngadadi, uga banjur kumpul karo daya kang kempel mau. Kumpuling daya mau, andadekake kaanan sanjabaning pratala kang gampang dinulu ing netra karo, nanging iya ora gampang didemek. Kaanan iku saya lawas sangsaya wuwuh kandele, malah bisa amuwuhi pambunteling Pramana. Kaanan kang mangkono iku, ingsun aradi udara (langit). Mungguh karepe tembung udara iku kempeling daya kang ora bisa udhar (wudhar), amarga saking kandele udhara iku mau. Saupama katona awujud kasar, amasthi ngundhung-undhung banget dhuwure. Mangkono uga tembung langit, iku mung anjupuk gampange, iya iku saka tembung langut, tegese luwih dening adoh, kang ora katon watese utawa pungkasane.

Sawise ana langit, sorot lan semburate Gurune Ngadadi tansah kandheg ana ing langit kang uga tansah kawuwuhan saka dayaning surya, lintang lan rembulan. Dadi panyeroting Pramana ing kahanan iku kayadene kesaring ana ing langit kono. Lan maneh satekane ana ing sacedhakibg pratala, banjur gampang katut ing lakuning maruta kang ingubengake dening Pramana. Dadi samengko ing sanjabaning pratala banjur isi ‘kaanan dumadi’ kang uga wadhah bunteling sorot lan semburat utawa cipratane Gurune Ngadadi. Cpratan (Ind. : pancaran, ksm) mau ana ing sajroning hawa kono, uga
banjur kawuwuhan dening dayaniung surya, rembulan sarta lintang lan wus sinaring ing langit. Dadi kaanan kang saka cipratan mau banjur kaya dibandhuli (dibaluhi) dening sakabehing daya hawa kang ambuntel mau. Lan uga banjur kataman ing panyeroting Pramana sarta dayaning geni. Lakuniung maruta banjur mahanani‘rerupan’ kang gampang dinulu ing netra karo, nanging ora seben wong ngerti, marga ora sumurup kedaeyan saka apa ‘kaanan’ kang mangkono iku. Mulane gampange manawa mirid saka wujude banjur diaranana ‘kilat’ utawa ‘lidhah’ bae. Dene tempuke mau, racake daya kang ing ndhuwur iku kalah. Tempuking daya mau swarane gumleger utawa gumludhug. Mulane kaprah wong Jawa mung ngarani ‘gludhug’ bae, jalaran mirid saka
suwarane. Aananging ye n kapinujon kaanan kang saka ing ndhuwur mau bebarengan aro sorot kang saka Gurune Ngadadi, iku sayekti padha rosane, dadi karone sampyuh, swarane jumedhor ngaget-ageti. Mirid saka swara lan rupane, iku uga nuli padha diarani
‘pracalita’ (bledheg) utawa gelap. Mirid saka swara pambledhaging barang kang luwih gedhe. Gelap saka rupa kang lakune kaya dene nugelake samubarang kang tinrajang sarta katon rupane kumelap.

Sangkan Paran #6

Dene kaanan samburat kang saka Gurune Ngadadi mau bareng wus tempuk karo daya kang saka Pramana banjur padha pecah. Ambyar sajroning hawa ing langit kono. Pecahing tempukane daya kekarone iku banjur katut lakuning angin kongsi bisa mratani sajembaring langit awor lan hawa. Mulane iya banjur katon kaya dene urip (obah). Nanging saupama dinulu karo netra karo, katone rada samar, ewadene suwe-suwe iya bisa kasatmata. Mungguh kaanan iku mau ora langgeng . Tandhane yen katatb karo dayaning Pramana, bisa pecah. Dadi kaanan iku ana sarta nyata, nanging ora ajeg, mulane gampang banjur diarani ‘swasana’. Karepe tembung ‘swasana’, sawijining kakaanan kang alus awor lawan hawa, sarta ora bisa ajeg kaya kaanan liya-liyane, kayata: Pramana, Surya, Lintang sarta Rembulan. Kang mangkono mau sira aja kliru panampa, aja sira sengguh yen swasana iku saka tembung ‘su’ lan ‘wasana’, iku ora. Benere kang tinemu nalar iya iku saka tembung ‘swasa’ lan ‘ana’. Swasa tegese ‘kaanan’ kang ora tetep, ‘ana’ tegese kapara nyata lan bukti sarta melok. Dene swasana bareng wus kataman dayaning surya lan rembulan, uga banjur mratani langit, katone saya agal, gampang dinulu sarana netra karo, lan banjur gampang katut dening maruta. Iku diarani ‘amun-amun’, tegese ‘kaanan’ kang alus lan gampang bisane pecah. Dene pecahane mu pethane kaya urip, nanging durung urip temenan. Anggoningsun ngarani durung urip temenan iku marga katitik anggone obah saka sangkan paran, mung manut lakuning maruta, sunaring surya lan kedhering Pramana. Mung katon lembak-lembak pating krampul pating krelip.

Dhek mau ingsun wus amratelakake yen pancurat sarta cipratane Guruning Ngadadi iku ing sabanjure tansah ana. Nanging tempuke karo dayaning Pramana ora ajeg. Mulane iya ana kala mangsane ora tempuk. Mungguh kang ora tempuk mau iya tansah kandheg ing Sjroning swasana bae, lan tansahnkasusul kawuwulan sorot Guruning Ngadadi arta oleh dayaning surya, lintangblan rembulan. Anuli kabuntel ing swasana kongsi bisa urip
ing kono. Nanging uripe durung duwe karsa amarga nitik saka nyataning kaanan iku. Lakune saka sangkan menyang paran yen dinulu katon cumlorot kumilatgampang dinulunkanthi netra karo. Marmane gampang dinulu, sebab wis kawuwulan daya pirang-pirang lan kabuntel ing hawa tuwin swasana nganti wuwuh-wuwuh bisane magepokan kalawan amun-amun. Mangka ing ngarep wus ingsun caritakake, yen amun-amun iku asale saka samburat lan cipratane Guruning Ngadadi kang wis kawuwulan daya pirang-pirang, lan pecahe saka dayaning Pramana kang wus kamomoran dayaning pratala, geni, jalanidhi. Dadi sajatining kaanan iku nyatane wus suci, prayoga dijupuk gampange bae anggone ngarani kaanan iku : “kawula kang ana ing udhara”. Ana maneh
kang ngarani ula tapak angin, iku iya wis bener, marga badaning kaanan iku katone yan lagi lumaku saka sangkan menyang paran, cumlorote nganti katon dawa. Saking rosaning pangesuke marang hawa, mangka kegepok ing lakuning amun-amun kang katut dening maruta, satemah katon rengkol-rengkol kaya ula.

Ana sorot kang saka Guruning Ngadadi kang durung akeh wuwulane, tekane sorot iku lumebu ing kandhanging swasana, mangka wus kapapag marang dayaning Pramana, dadi tempuking sorot iku iya gampang kalahe, marga kaanane luwih ringkih lan luwih entheng. Mulane banjur kaya tinulak kabuncang utawa kabuwang. Lakune durung nganti bisa cedhak lan pratala wus ambalik bali marang langit maneh. Baline sorort mau gampang dinulu sarana netra karo, katon gumebyar, pernahe luwih adoh lan ora cetha, kaprahe wong Jawa ngarani ‘thathit’. Iku manawa anjupuki pepiridan kaanane, saka tembung ‘petha’ lan ‘pethit’. Petha iku katon ana wujude, pethit saking adohe.

Ing saiki ana maneh dayaning surya, lintang lan rembulan kang kawuwuhan saka daya sorot Guruning Ngadadi, kang salawase mung tansah kandheg ing sanjabaning hawa lan swasana, ora kegepok ing amun-amun sarta dayaning Pramana, iku iya saya wuwuh lan banjur mundhak kandele. Sarehning ora bisa gempur dening lakuning daya kedhering Pramana, sarta maneh ora kegepok dening dayane pratala, jalanidhi lan geni, satemah saya lawas sangsaya pupul, nanging ora bisa atos, jalaran ora oleh dayaning geni. Marga daya mau saya wuwuh-wuwuh kongsi kawawa angubengi ing langit kang isi hawa lan swasana, sarta kaanan pirang-pirang kang wus ingsun terangake ing ngarep. Saking kandeling bdaya pupul mau, kongsi kawawa angendheg (angleremake) ciprataning Gurune Ngadadi kang durung akeh wuwulane.

Nanging bareng wus ana ing sajroning daya pupul, ing kono banjur katutan saka dayaning surya, lintang lan rembulan, banjur kabuntel ing daya pupul iku, lan tansah kasusul dening soror Guruning Ngadadi, nganti kaya dene nganggo bebadan, sarta kawawa urip ana ing kono watara lawas. Dadi ing hawa pupul kono mau panggonaning
andheg-andhegan utawa entunan. Mulane kaparahe wong Jawa kang wus bisa nggayuh kasunyatane, ing kono banjur bisa ngarani ’sawarga pangrantunan’. Iya iku saka tembung kumpul padha warga lan papane lega, panggonan entunan.

Sangkan Paran #7

Ora saben wong Jawa ngerti lan weruh kasunyatane ‘Swarga Pangrantunan’. Terkadhang akeh-akehe mung bisa ngucap lan amarga melu-melu utawa tiru-tiru saka gethok tular bae. Mula ingsun perlu nerangake menawa bebadane utawa bebakalane urip ana ing Swarga Pangrantunan kono, kang diarani ‘Trimurti’. Tegese, urip kang nganggo bebadan saka daya telung rupa. Iya iku ‘kaanan’ kang alus mau. Dadi urip kang wus nganggo badan jujul wuwul, tumpuk undhung nganti pating salengkrah kaya kang wus kacarita. Mulane kena dibasakake urip ingsun saiki iki wus ngagem badan kang luwih dening reged, utawa nganggo badan kang nistha kayadene raganingsun iki.

Bebadan utawa bebakalan urip kang ana ing Swarga Pangrantunan samengko diarani lamaking ‘Pujangkara’. Tegese gedibal (dhasar kang asor dhewe), yen tinimbang lan ‘kaanan’ dumadi kang isih murni (durung kamomoran), kang diarani isih suci, apa maneh katandhing karo ‘Guruning Ngadadi’, wus cetha banget adohe nganti ora kena diucap. Marga mungguh njupuk kaprahe tembung saiki, kang wus warata dimangerteni lan didhemeni sarta dianggep dening wong Jawa, Gusti Allah, iku sejatine iya Panjenengane kang diarani Guruning Ngadadi mau. Utawa baboning kaanan kang amurwa sakabehing rerupan. Dene semprotaning Guruning Ngadadi iya banjur kuwawa sairib kayadene Panjenengane, lan isih kena diarani suci. Dadi sarira kang suci iku sanyatane kang padha sinebut Allah. Dadi yen kang disebut ‘Gusti Allah’ iku yen ditimbang karo ‘Allah’ iya luwih dening bagus sarta luwih dening suci. Mulane disebut Maha Suci, tegese kang suci dhewe ora ana kang madhani.

Ing ngarep ingsun wus tutur karana kadhung wus saguh aweh katerangan lan pratelan, sarta aweh pituduh kang minangka lantaran mungguh ‘akal lan pratikele’ utawa ‘patrape’ wong angudi kawruh. Pamintaningsun ing tembe sira uga padha kasembadan anggayuh kasunyatane. Pamrihe murih sira kabeh padha bisa mangerteni marang kabeh kang wus ingsun caritakake mau. Dadi ora mung saka ‘anggitan’ bae. Kudu kapara nyata lan bukti melok dinuku lan linakonan ing sariranira pribadi.

Ing mengko manawa wus sembada, sira lagi bisa mantep anggone ngarani yen iki kawruh kasunyatan kang sejati. Tegese kawruh kang ana temenan dudu bangsane anggitan bae. Awit anggitan iku dudu kawruh kasunyatan, nanging kang ana ing kono iku mung anggit. Mulane bangsaning anggitan iku yen digigit bakal ora dadi. Tegese yen diungsed temenan dening wong kang krungu utawa kang maca, anggitane mau, pentoge iya banjur oleh wangsulan tembung kang ambulet utawa wicara kang wilet; dadi bisa uga mung saka pintere nganggit-anggit bae. Tekadhang iya uga bisa dadi kamaremane kang ngungsed mau, sarana dituduhi upama, utawa ancer-ancer lan pralambang, utawa supaya ngrasa dhewe, utawa mung supaya ngandel lan percaya bae. Kang mangkono iku tumrape marang ingsun rada wedi yen ta ngangti amuwuhi (nambahi), kang mung metu saka anggitan kang ora kapara nyata. A,marga ana babasan mangkene : Giri lusi janma tan kena ingina; sadawa-dawaning dalan sarta kali isih dawa pikiraning manungsa; sajero-jeroning samudra isih jero atining manungsa; salembut-lembuting banyu isih lembut rasaning manungsa; sadhuwur-dhuwuring angkasa isih dhuwur bebudening manungsa. Iku nuduhake manawa manungsa wenang andarbeni ‘isi’ kang kapara nyata. Iya amarga iku, ingsun carita mangkene iki dhasar iya mung sabenere lan sagaduge anggoningsun ngudi kawruh. Dene manawa ana kang duwe panemu kang luwih edhi utawa luwih luhur, luwih luhung tinimbang karo kang wus ingsun pratelakake iku kabeh, ingsun iya ora bisa aweh katerangan kang andadekake mareming atine. Mulane pamintaningsun marang sira kabeh, kang sabar lan narima anggonira angudi kawruh kang ingsun pratelakake iki. Awit manawa orang magkono, kang mesthi ora bisa cundhuk karo kaanane. Dadi sira kabeh ingsun purih sabar, supaya ora kasusu ing rembug. Paedahe kang carita aja kongsi kalimput marang kang bakal dicaritakake.

Manawa kaliwatan, satemah andadekake kurang turute. Yen sira kurang narima, marga kepengin kudu sanalika sok glogok, iku yekti anjalari sigeging lalakon. Kajaba kang carita ngrasa ail lesane, kang nampani iya banjur kurang trampil panggraitane, satemah banjur akeh kang kacecer. Mulane ing saiki blakane ingsun wus krasa ail, dadi ingsun minta maklumira, ingsun padha lilanana ngasodhisik: Tiutuge bakal anyaritakake bab pepaking kaanan dumadi, kang dadi isen-isening bawana, nganti tumedhaking ‘sarira suci’ ana ing arcapada. Lan sabanjure tumekane kondur ing ‘kraton mulya’ maneh, kaya kang wus kacarita ing ngarep. Saundurira, sira kabeh padha ingsun sebari sagunging puja hastuti murih yuwana lestari sembada kang dadi pangesthinira.

Sangkan Paran #8

Pada wedaran tersaji di atas, merupakan penjelasan ‘awal mula’ (sangkan) tercipta atau mengadanya semua ‘kaanan dumadi’. Dimulai dengan beremanasinya Tuhan (tan kena kinaya ngapa) menjadi ‘Guruning Ngadadi’ (Dzat Sejatining Urip atau Suksma Kawekas). ‘Guruning Ngadadi’ kemudian beremanasi menjadi 3 (tiga) unsur :
1. dzat urip,
2. cahya lan teja,
3. alam semesta (bumi langit).
Hubungan ketiga unsur tersebut tetap dalam ‘kesatuan tunggal’ yang saling pengaruh-mempengaruhi (hubungan kosmis-magis, samad-sinamadan).

Pada kejadian awal alam semesta yang mula-mula ada :
Pramana, Surya, Rembulan dan Kartika. Keempat unsur alam semesta ini memiliki daya masing-masing dan saling pengaruh mempengaruhi. Yang ‘menjila’ (memiliki kelebihan) adalah Pramana, yaitu ‘planet bumi’ berikut daya keilahiannya yang bersifat ‘kedher’ (bergetar), ‘mubeng mungset’ (berputar dan berotasi) dan ‘nyerot’ (menarik, menyedot) semua daya unsur yang lain. Surya diserot cahaya dan daya panasnya, Rembulan diserot ‘daya adhem’-nya, Kartika diserot ‘daya kedher’-nya. Kumpulan semua daya yang diserot Pramana tadi menghasilkan berbagai ‘kaanan’ yang melingkupi Pramana. Diantaranya berupa: jaladri (samudera), hawa (atmosfer), pratala (tanah), thathit (kilat), bledheg (guntur/guruh/halilintar), maruta (angin), amun-amun, umpluk dan lain-lain. Sedemikian rupa percampuran antar ‘dayaning’ kaanan yang di alam semesta (surya, rembulan, kartika) dengan ‘kaanan’ di bumi (Pramana) sehingga ketika menerima pancaran daya dari Guruning Ngadadi menjadi ‘bebakalan’ atau ‘bebadan’ urip. Yaitu ‘embanan’ untuk ‘panuksma’-nya ‘Urip’ atau ‘Jiwâ’ yang juga derivat dari ‘Guruning Ngadadi’. Hal tersebut dalam ‘Wirid Wolung Pangkat’ disebutkan dalam wirid ke 3 :

Wêjangan gêgêlaran kahananing Pangèran:
Sajatining manungsâ iku rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsâ, karânâ Ingsun anitahaké wiji kang cacambôran dadi sâkâ karsâ lan panguwa-saning-Sun, yaiku sasamaning gêni bumi angin lan banyu, Ingsun panjingi limang prakârâ, yaiku: cahyâ, ciptâ, suksmâ (nyâwâ), angên-angên lan budi. Iku kang minângkâ êmbanan panuksmaning-Sun sumarambah ânâ ing dalêm badaning manungsâ.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran pemahaman tergelarnya keadaan Pangeran:
Sesungguhnya manusia itu rahsa-Ku dan Aku ini rahsanya manusia, karena Aku menitahkan benih cacambôran (campuran berbagai unsur) yang terjadi karena kehendak
dan kuasa-Ku, yaitu berasal dari api tanah angin dan air, Aku resapi lima perkara, yaitu: cahaya, cipta, suksma (nyawa), angan-angan dan budi (gerak). Itulah yang menjadi cang-kok (embanan) merasuknya suksma-Ku rata menyeluruh dalam badannya manusia.

Berdasarkan ‘Wedaran Sang Wiku’ dan ‘Wirid Wolung Pangkat’ yang sudah tersajikan, maka kita bisa mendapatkan gambaran Teologi Jawa dan asal muasal terciptanya semua yang ada termasuk manusia. Urutannya didahului dengan tergelarnya ‘tata semesta’ kemudian ‘tata surya’ yang atas percampuran (cacambôran) antar dayanya melahirkan ‘bebakalan’ (ada yang menyebut ragangan) sebagai embanan ‘panuksma’ bagi ‘Dzat Urip’. ‘Dzat Urip’ (Suksma Sejati) merupakan emanasi (derivat) dari ‘Dzat Sejatining Urip’ (Suksma Kawekas). Dan ‘Suksma Kawekas’ merupakan emanasi (derivat) dari ‘Dzat Kang Murbeng Sumadi’ (Tuhan) yang ‘tan kena kinaya ngapa’.

Menurut pandangan Jawa, maka semua yang ada merupakan ‘Maha Kesatuan Tunggal’ yang bersifat abadi tanpa awal dan akhir. Namun dalam keabadian itu bukan berarti ‘diam’, ada ‘dinamika perubahan’ di dalamnya. Setidaknya bisa kita ketahui adanya proses ‘menyatu’ antar daya unsur semesta yang menimbulkan sesuatu menjadi ‘ada’. Kemudian juga ada proses mengurai atau memisahkan diri dari antar daya yang menyatu tadi kembali ke ‘unsur-unsur azali’-nya. Demikian pula yang terjadi pada ‘titah manusia’. Bahwa ‘Urip’ sebagai emanasinya ‘Dzat Sejatining Urip’ bersifat abadi. Berasal dari Guruning Ngadadi dan akan kembali kepada Guruning Ngadadi pula. Namun proses kembali tidak semudah yang dipahami manusia pada umumnya. Penyebabnya bahwa ‘Urip’ yang menjalani hidup di alam madya (dunia) kewoworan (tercemar) oleh ‘percampuran antar daya dari semua kaanan yang membentuk raga dan embanannya. Di akhir hayatnya tidak semua manusia mampu menyempurnakan kesucian ‘Urip’-nya. Maka kembalinya ‘Urip’ tertahan di suatu tempat (maqam) yang disebut ‘Suwarga Pangrantunan’. Adalah tempat menunggu untuk kembali menyatu dengan Guruning Ngadadi atau kembali ke alam madya (dunia) untuk melanjutkan tugas dan baktinya yang belum selesai di kehidupan sebelumnya.

Sangkan Paran #9

Ora saben wong Jawa ngerti lan weruh kasunyatane ‘Swarga Pangrantunan’. Terkadhang akeh-akehe mung bisa ngucap lan amarga melu-melu utawa tiru-tiru saka gethok tular bae. Mula ingsun perlu nerangake menawa bebadane utawa bebakalane urip ana ing Swarga Pangrantunan kono, kang diarani ‘Trimurti’. Tegese, urip kang nganggo bebadan saka daya telung rupa. Iya iku ‘kaanan’ kang alus mau. Dadi urip kang wus nganggo badan jujul wuwul, tumpuk undhung nganti pating salengkrah kaya kang wus kacarita. Mulane kena dibasakake urip ingsun saiki iki wus ngagem badan kang luwih dening reged, utawa nganggo badan kang nistha kayadene raganingsun iki.

Bebadan utawa bebakalan urip kang ana ing Swarga Pangrantunan samengko diarani lamaking ‘Pujangkara’. Tegese gedibal (dhasar kang asor dhewe), yen tinimbang lan ‘kaanan’ dumadi kang isih murni (durung kamomoran), kang diarani isih suci, apa maneh katandhing karo ‘Guruning Ngadadi’, wus cetha banget adohe nganti ora kena diucap. Marga mungguh njupuk kaprahe tembung saiki, kang wus warata dimangerteni lan didhemeni sarta dianggep dening wong Jawa, Gusti Allah, iku sejatine iya Panjenengane kang diarani Guruning Ngadadi mau. Utawa baboning kaanan kang amurwa sakabehing rerupan. Dene semprotaning Guruning Ngadadi iya banjur kuwawa sairib kayadene Panjenengane, lan isih kena diarani suci. Dadi sarira kang suci iku sanyatane kang padha sinebut Allah. Dadi yen kang disebut ‘Gusti Allah’ iku yen ditimbang karo ‘Allah’ iya luwih dening bagus sarta luwih dening suci. Mulane disebut Maha Suci, tegese kang suci dhewe ora ana kang madhani.
Ing ngarep ingsun wus tutur karana kadhung wus saguh aweh katerangan lan pratelan, sarta aweh pituduh kang minangka lantaran mungguh ‘akal lan pratikele’ utawa ‘patrape’ wong angudi kawruh. Pamintaningsun ing tembe sira uga padha kasembadan anggayuh kasunyatane. Pamrihe murih sira kabeh padha bisa mangerteni marang kabeh kang wus ingsun caritakake mau. Dadi ora mung saka ‘anggitan’ bae. Kudu kapara nyata lan bukti melok dinulu lan linakonan ing sariranira pribadi. Ing mengko manawa wus sembada, sira lagi bisa mantep anggone ngarani yen iki kawruh kasunyatan kang sejati. Tegese kawruh kang ana temenan dudu bangsane anggitan bae. Awit anggitan iku dudu kawruh kasunyatan, nanging kang ana ing kono iku mung anggit. Mulane bangsaning anggitan iku yen digigit bakal ora dadi.

Tegese yen diungsed temenan dening wong kang krungu utawa kang maca, anggitane mau, pentoge iya banjur oleh wangsulan tembung kang ambulet utawa wicara kang wilet; dadi bisa uga mung saka pintere nganggit-anggit bae. Terkadhang iya uga bisa dadi kamaremane kang ngungsed mau, sarana dituduhi upama, utawa ancer-ancer lan pralambang, utawa supaya ngrasa dhewe, utawa mung supaya ngandel lan percaya bae. Kang mangkono iku tumrape marang ingsun rada wedi yen ta nganti amuwuhi (nambahi), kang mung metu saka anggitan kang ora kapara nyata. Amarga ana babasan mangkene : Giri lusi janma tan kena ingina; sadawa-dawaning dalan sarta kali isih dawa pikiraning manungsa; sajero-jeroning samudra isih jero atining manungsa; salembut-lembuting banyu isih lembut rasaning manungsa; sadhuwur-dhuwuring angkasa isih dhuwur bebudening manungsa. Iku nuduhake manawa manungsa wenang andarbeni ‘isi’ kang kapara nyata. Iya amarga iku, ingsun carita mangkene iki dhasar iya mung sabenere lan sagaduge anggoningsun ngudi kawruh. Dene manawa ana kang duwe panemu kang luwih edhi utawa luwih luhur, luwih luhung tinimbang karo kang wus ingsun pratelakake iku kabeh, ingsun iya ora bisa aweh katerangan kang andadekake mareming atine. Mulane pamintaningsun marang sira kabeh, kang sabar lan narima anggonira angudi kawruh kang ingsun pratelakake iki. Awit manawa orang mangkono, kang mesthi ora bisa cundhuk karo kaanane. Dadi sira kabeh ingsun purih sabar, supaya ora kasusu ing rembug. Paedahe kang carita aja kongsi kalimput marang kang bakal dicaritakake. Manawa kaliwatan, satemah andadekake kurang turute. Yen sira kurang narima, marga kepengin kudu sanalika sok glogok, iku yekti anjalari sigeging lalakon. Kajaba kang carita ngrasa ail lesane, kang nampani iya banjur kurang trampil panggraitane, satemah banjur akeh kang kacecer. Mulane ing saiki blakane ingsun wus krasa ail, dadi ingsun minta maklumira, ingsun padha lilanana ngaso dhisik: Tutuge bakal anyaritakake bab pepaking kaanan dumadi, kang dadi isen-isening bawana, nganti
tumedhaking ‘sarira suci’ ana ing arcapada. Lan sabanjure tumekane kondur ing ‘kraton mulya’ maneh, kaya kang wus kacarita ing ngarep. Saundurira, sira kabeh padha ingsun sebari sagunging puja hastuti murih yuwana lestari sembada kang dadi pangesthinira.

Sangkan Paran #10

Sakehing kaanan kang ana ing sajroning jaladri kang uripe sarana nyawa iku cetha yen bebadane kedadeyan saka banyu udan. Terange mangkene: sakehing banyu udan iku tumibane wus kawoworan dening dayane kaanan kang ana ing udhara (langit), tibane ing jaladri iku bisa kumpul karo banyu jaladri, nanging ora bisa luluh dadi sawiji, amarga dayane wis ora padha; mula ya mung tansah kandheg ing sandhuwuring banyu jaladri iku. Ana ing kono banjur kawuwulan banyu udan kang saka ing dharatan (pratala, pentasan). Mulane banyu udan karone iku marga isih padha dayane, iya banjur bisa kumpul lan luluh. Tekane banyu udan kang saka dharatan iku wus katutan reregeding pratala.

Kumpuling banyu udan karone ana ing jaladri kono banjur kataman ing dayaning geni Pramana kang metu saka pratala dhasaring jaladri sarta tansah oleh sorot dayaning ‘kaanan tetelu’ kang kagawa dening sorot Guruning Ngadadi sarta wus kawoworan pirang-pirang dayaning kaanan kang ana ing langit, apa maneh kekedhering Pramana lan lakuning maruta tansah ora ana lerene. Mulane banjur kaya diinteri. Suwe-suwe bisa
dadi kaya glintiran cilik-cilik kekumpulan (gegrombolan), iku lumrahe diarani umpluk. Umpluk mau suwe-suwe saya akas, kongsi kawawa bisa ngendheg sorot Guruning Ngadadi kang tekan kono, banjur bisa urip sarana bebadan kang ginawa dening hawa kang wus kawuwuhan pirang-pirang dayaning kaanan kang ana ing langit. Yaiku kang diarani nyawa. Mula diarani mangkono, sabab iku kedadeyane lan lungane (sonyane) marga saka hawa. Mula sira padha nastitekna lan catheten ing sajroning kalbunira, eling-elingen aja kongsi lali lan sira aja kliru tampa sarta kliru surup, pilah-pilahing aran lan kasunyatane, kayata: raga iku gandhengane karo suksma, badan gandhengane karo nyawa, urip gandhengane karo jiwa. Iku aja sira gebyugake bae, marga sabenere iku kaanane dhewe-dhewe. Coba sira ingsun balabari sathithik: ana tetembungane wong Jawa mangkene: bojone jaka lara iku ing tembe mesthi ketemu maneh kumpul sawiji. Tuladhane iya kaya kang sun terangake ing ndhuwur iku mau. Yaiku raga bojone suksma, badan bojone nyawa, urip bojone jiwa. Kabeh iku selawase mesthi bakal gandheng lan bojone dhewe-dhewe. Mulane diarani jaka lara iku karepe mangkene : jaka iku arupa lanang kang durung tau nandukake asmara (saresmi nungal rasa lan wanita), lara iku arupa wanita kang durung tau saresmi lawan priya (lanang). Mangka kang sun terangake mau, sanadyan tansah padha duwe bojo dhewe-dhewe, nanging salawase iya isih wutuh (ora owah), mulane disebut jaka lara. Mara jajal! Sapa kang wus tau weruh raga randha, suksma dudha? Utawa badan randha nyawa dhudha? Sukur yen ana kang wus tau weruh urip randha jiwane dhudha !
Iku kabeh ing tembe bakal ingsun terangake mungguh pilah-pilahe. Mula janji sira padha sabar lan tlaten sarta tumemen anggone padha mersudi sakabehing wewarah ingsun iki, kaya ora bakal luput, ing tembe sira iya banjur padha anekseni dhewe lan amumpuni prakara iki kabeh. Dadi ora ngayawara angger bisa carita, marga ora gampang wong ngaku nekseni iku, yen durung kapara nyata weruh titi bukti temenan. Iku jenenge saksi dur (goroh). Saksi kang ora nyata iku bisa andadekake sangsara awake dhewe. Mandheg samene dhisik anggoningsun ambleberi marang sira, marga kang perlu ingsun bakal nutugake galuring carita ing ndhuwur mau. Mengko yen kesuwen anggone nyelani samben lelucon, mundhak ora kecandhak perlune.

Sarehning umpluk mau tansah kawuwuhan saka daya pirang-pirang, mulane suwe-suwe banjur duwe bobot. Dadi manawa tinimbang karo boboting banyu jaladri, isih luwih abot umpluk mau. Marga saka mangkono mau anjalari umpluk banjur padha kelem kongsi tekan ing pratala dhasaring jaladri. Satekane ing dhasar kono banjur kawuwuhan reregeding pratala iku, suwe-suwe bisa dadi lumut. Saya lawas lumut iku mundhak kasar sarta mundhak gedhe banjur mahanani rupa pating slawir lan siwil-siwil pating cerkakah. Sawuse mangkono banjur duwe daya nyerot. Kang pating saluwir ing pratala ana ing pratala iku banjur bisa mundhak dawa lan mundhak gedhe, nlosor sarta nlusup sumawana anggubet ing pratala. Pucuking saluwiran iku banjur menga utawa bolong lembut banget, kang minangka dalan dayaning pratala kang wus kawoworan rereged lan
kedhering Pramana kang sinerot dening kaanan iku. Malebuning daya marang babadan iku, gampange ingsun arani mangan. Mulane ingsun arani mangkono, marga malebuning daya kang sinerot, liwat wewenganing bolongan iku. Anggone mangan iku tansah ora ana lerene anjalari panggubete sangsaya kenceng (kukuh).

Mangkono uga siwilan kang ora ana ing pratala, lan ana bolongane ora beda karo saluwiran kang ada pratala mau. Iku uga piranti kanggo mangan dayaning banyu jaladri, sarta uga bisa mundhak gedhe lan mundhak dawa. Dene siwilan kang ora ana ing pratala iku diarani epang sarta epang iku thukul siwil maneh, ana kang gepeng, ana kang gilig, wangune ana kang bunder lan ana kang lonjong, ana kang pucuk lancip, lan ana kang lonjong. Siwilan iku uga ana bolongane, luwih dening lembut. Uga ana pirantine kanggo mangan dayaning banyu jaladri. Siwilane kang mangkono iku diarani godhong. Mulane diarani mangkono, awit iku sawijining piranti kanggo nadhahi sarta kanggo nyadhong kang dipangan. Dene saluwiran kang ana ing pratala, diarani oyot, karepe sawijining kekuwatan kang bisa angadegake bebadane kaanan iku. Kaanan sajroning jaladri kang mangkono iku diarani uwit, iku wutuhe saka tembung urip kang sakawit, bebadane uwit mau diarani kayu, iku mbok manawa wutuhe saka tembung ‘teka’ lan ‘yu’. ‘Yu’ iku karepe urip kang wus nganggo bebadan sarana nyawa. Dadi tembung ‘kayu’ iku, karepe urip kang tekane wus nganggo bebadan sarana nyawa. Dene kayu-kayu mau banjur padha katon pating pruntus utawa pating cringih, ana maneh kang nyeprok. Thukulan kang arupa mangkono mau diarani kembang. Mulane diarani mangkono, awit iku kayadene piranti kang kanggo nekem utawa ningkem wiji kang ing
tembe bisa timbang karo bebadane.

Sangkan Paran #11

Kembang mau suwe-suwe wangune bisa salin, ana kang gilig, ana kang gilig rada lonjong, ana bunder kepleng, ana bunder lonjong, ana maneh kang dhempok. Iku kaprahe diarani uwoh. Ananging sabenere ‘wuh’, karepe urip kang bakal tumuwuh. Dene sakabehe uwoh mau suwe-suwe bisa uwal karo uwite, amarga bisa luwas, gantelane utawa sambungane bisa bosok banjur coplok. Uwoh kang wus uwal saka uwite iki, banjur katutu lakuning banyu jaladri, kongsi bisa tekan ing saparan-paran. Lan banjur tuwuh utawa thukul, lawas-lawas banjur bisa timbang karo bibite, iku manawa wus padha pantog lawasing uripe. Dene wit-wit mau, uripe ana ing babadan ora langgeng. Dadi babadane uga bisa rusak (mati), mangkono ing sabanjure. Mungguh woh-woh mau ana uga kang banjur kumambang ing banyu jaladri lan katut lakuning ombak, banjur tumiba ing pratala pinggiring jaladri (pentasan, dharatan), tibane ing kono ana kang banjur bisa tuwuh, lawas-lawas uga banjur bisa uwoh lan bisa thukul kayadene kang wus ingsun caritakake mau. Dene wohe ana ing dharatan kang wus uwal saka wite, iku banjur tiba ana ing kanan-kiringe wit mau. Ana kang katutnlakuning maruta kongsi adoh parane, iku uga ana kang banjur bisa thukul; thukulane banjur matuh utawa kulina urip ana ing pentasan, mulane suwe-suwe rupane banjur beda karo bibite kang isih ana ing sajerone jaladri.

Saiki ambaleni bab isen-isening jaladri. Sawuse jaladri isi uwit-uwitan (kakayon) ing jaladri kono banjur katekan lunturaning pratala (pasir) kang katut ilining banyu. Pasir mau ana jaladri kono, iya banjur mundhak gedhene, ora beda karo pasir kang ana ing pratala (dharatan). Lawas-lawas uga banjur dadi watu, mung bae rupane beda karo watu-watu kang ana ing pratala pentasan mau, marga daya sajeroning jaladri iku beda karo dayaning banyu dharatan utawa dayaning banyu udan, awit banyu jaladri iku duwe daya asin lan landhep, anjalari watu-watu ing jaladri iku bolong-bolong pating complong kayadene barang kang wus gerang. Mulane watu ing jaladri mau wong Jawa lumrahe padha ngarani watu karang. Watu-watu ing jaladri iku uga ana kang kanggonan jiwa, ora beda karo watu kang ana ing pratala dharatan. Ing samengko sawise sajeroning jaladri ana kekayon lan watu-watu, banjur saya kuwat anggone nadhahi cipratane Guruning Ngadadi kang tumurune awor lan banyun udan; tekane ing banyu jaladri banjur dadi umpluk pating paruntus cilik-cilik. Bareng kataman soroting surya lintang lan rembulan, sarta maneh kawuwuhan saka dayaning hawa, sumawana kaaanan pirangt-pirang mau, banjur bisa duwe daya nyerot lan kedher sarta mubeng, ananging panyerote ora pati lepas; dadi kang kena sinerot iku mung hawa lan sorote Guruning Ngadadi kang wus cedhak karo panggonane.

Dene sorot-sorot mau, tekane kayadene wus sinaring ing langit, sarta kawuwuhan dayaning pirang-pirang kang ana ing sajeroning langit kono; mulane bebadane soroting Gurunuing Ngadadi mau kawawa urip ana ing kono, lan wuwuh kuwat sarta bisa wuwuh gedhe, mundhak atos sarta bisa alalapisan. Lapisane telung rupa, kang jero dhewe kuning semu abang, njabane putih semu abang; kang njaba dhewe putih utawa abang enom, utawa maneh biru enom. Bareng wus dadi mangkono, panyerote banjur ora bisa tekan ing njaba, dadi mung nyerot bebadane dhewe bae, lan banjur polah kedher amubeng. Badane iku tansah kaya digosok, mulane suwe-suwe iya banjur anget saya anjendhel (akas). Dene bunteling badan lapisan kang njaba dhewe tansah kataman dening sunaring surya, dadi bebadane banjur kaya digarang saka njaba lan njero; lapisan
kang njaba dhewe iku diarani cangkang.

Kaanan kang mangkono mau lumrahe diarani ‘antiga’, tegese: urip kang nganggo bebadan lapis telu. Cangkange mau suwe-suwe kataman daya panasing surya, satemah anget ing jerone, banjur bisa pecah utawa mlethek. Bareng cangkang mau pecah, uripe jiwa mau anggone kedher lan nyerot wuwuh rosane, sarta wuwuh lepase, kongsi kawawa bebadane katutn katut obah, lan tansah gampang kagepok dening dayaning banyu jaladri lan dayaning surya lintang sarta rembulan. Saka daya kang mangkono iku, anjalari arupa bebadan sambungan telu. Panggonane bebadaning jiwa (cipratan) kang kaprenah ana ing jero, nuli dadi rupa ambendhol, diarani endhas; iku manawa bae kadadeyan saka tembung ‘endhon’ lan ‘tandhas’; sambungane maneh diarani awak utawa gembung. Mulane diarani mangkono, jalaran iku kang minangka dadi wadhahing hawa kang sinerot. Dene tembung ‘gembung’ iku, karepe yen hawa mau wus rinegem sajeroning wadhah iku, banjur katon mlembung. Awak lan gembung iku kadadeyan saka lapisaning bebadan kang arupa kuning. Dene putihe ambuntel sarta sambungane kang pungkasan, diarani buntut. Mulane diarani mangkono, jalaran iku bebuntelingt bebadan kang menawa obah tansah katut.

Sawuse arupa mangkono panyerote wuwuh rosa, ananging iya ora lepas banget. dadi kang kena sinerot iya mung saliring daya lan kaanan kang ana ing sacedhake bae. Saka kalumpukane kang sinerot iku, ana ana ing sajeroning gembunge, sawise nyarambahi ing bebadane, banjur ngesuk golek dalan bisane metu. Saking rosane daya kang arep metu, suwe-suwe awake banjur banjur bisa mobah sarta molah. daya kang mangkono mau diarani ‘karep’, tegese tekaning daya iku mau, yen panuju arep metu. Sarehning ‘karep’ iku pinanghkane saka daya pirang-pirang, iya iku saka saka dayaning kaanan kang ana ing langit, lan saka dayaning pramana miwah pratala, sumawana jaladri saisine kabeh, ‘karep’ iku enggone angobahake bebadaning jiwa lan awake kongsi bisa katut kagawa obah saka ing pernahe, marani menyangsalah sawijining kaananing sajeroning jaladri kono, kang gathuk (cocog) lan dayaning ‘karep’ iku. Saking kulinane anyerot, sarta kang wus sinerot saking serenge enggone arep metu, suwe-suwe ing perangane endhas kang kapara ngarep banjur ana bolongane telu cilik-cilik, kang siji kaprenah ana ing ngarep kapara ngisor, diarani cangkem, kang loro kepara ndhuwur, diarani cungur.

Sangkan Paran #12

Mulane diarani cangkem, awit iku piranti kang minangka panancang sarta aningkem sakabehe kang sinerot. Dene cungur iku piranti kang minangka panuduh utawa mancung marang pernah saliring rurupan kang arep sinerot. Ing pernah gelitaning endhas lan gembung kang kakapara ngisor, uga banjur ana bolongane loro, diarani angsang. Mulane diarani mangkono, jalaran iku piranti kang kanggo anangsangake wetuning daya kang saka njero, kang supaya enggone ngetokake, bolongane mau ora kongsi kalebon ing banyune jaladri, dadi mung supaya mandheg utawa nangsang ana ing kono tumuli dinedel bali maneh. Sarta maneh peranganing endhas kapara ndhuwur ing kanan kiri banjur ana underane cilik-cilik, rupane bening kaya kaca, nganggo uwer (sèrèd) rupa telu. Rupaning sèrèd iku, kang tengah titik ireng bening, pinggire abang semu kuning, pinggire maneh abang semu putih, iya mangkono iku kang diarani mata. Mulane diarani mangkono, awit iku sawijining piranti kang bisa ngemot saliring rerupan, bisa katata ana ing sajeroningunderan iku, arane andulu utawa andelok, mula diarani mangkono awit saranduning bebadan kang ginawa obah dening karepe, banjur bisa nimbang lan bisa mangerti marang salah sawijining kaanan, kang bakal bisa cocog lan karepe kang dikira luwih perlu. Dene tembung andelok iku saka tembung ngandel lan mélok. Mulane mangkonio, awit saliring rurupan kang wus tinata dening underan mau, dayaning karep banjur bisa ngandel, yen rurupan iku sayekti (mélok).

Bareng wus arupa mangkono, kaanan iku panyerote sangsaya rosa, kongsi sarupaning kaanan (rurupan) kang ana sacedhake kono bisa katutn kaserot. Mulane bolonganing cangkeme banjur saya wuwuh amba lan perangan sacedhaking buntut kapara ngisor, banjur ana bolongane cilik, iya iku piranti kanggo ambuwang sisaning barang kang wus sinerot kalebu ing gembunge mau. Sarehning sabanjure tansah mangkono, dadi awake mundhak rosa lan mundhak gedhe, saya mundhak gedhene sangsaya kuwat panyerote, kongsi sarupaning kaanan kang kasar-kasar, kang bisa kalebu ing cangkeme, iya katut sinerot. Patrap anggone anglebokake samubarang ana ing cangkeme iku diarani mangan, awit iku manawa dineleng, mung maligi malebuning barang ana ing sajerone wenganing cangkeme tumeka sajerone gembunge, amarga pangane iku dadi butuh dayaning karep.

Samangsane sacedhake kono pangan sing dibutuhake wus ora nyukupi, serenging karep banjur ngetog daya kekuwatane kanggo marani (ngupaya) panggonaning pangan. Suwe-suwe bebadane kaleksanan bisa metu pirantine kang kanggo anggampangake lakune, kayata: kang ana ing kanan kirine gembung diarani ‘kèpèt’, kang ana ing sandhuwuring gembung diarani ‘siwar’, kang ana ing samburine bebadane diarani ‘buntut kèpèt’, ing sangisoring bebadane kapara mburi diaranin ‘siwit’. Bangsane titah sajeroning jaladri kang mangkono iku diarani ‘mina’.

Diarani ‘mina’ mbok manawa bae iya mung dijupuk gampange. Yaiku saka tembung ‘umi’ lan ‘warna’. Umi iku tegese wadon, amarga sawarnaning bangsa iku mau kabeh katone wadon; uwong ora gampang bisane ambedakake endi kang lanang lan endi kang wadon. Bangsane mina iku saya lawas banjur sangsaya pirang-pirang rupa, ana kang gedhe sarta ana kang cilik, marga keh sathithiking daya sarta sorot pletikane Guruning Ngadadi ora padha; apa maneh daya panyerote uga ora padha. bangsane mina iku kabeh uga nangkarake wiji sarana ‘nunggalake rasane’. Ing sajerone gembunge bisa ngandhegbpletikan Guruning Ngadadi, banjur dadi antiga kaya kang wis ningsun terangake ing ngarep. Suwe-suwe antigane ikub banjur diwetokake saka ing gembunge, dipernahake ana ing banyu kang akeh watune, didokokake ana ing sela-selane kono, utawa didokok ana ing wit-wiwtan lan gegodhongan kang ana ing sajeroning jaladri kono. Ana maneh kang didokok ana ing umpluking jaladri. Wusanane antiga mau iya banjur bisa dadi kayadene babone (bibite); suwe-suwe iya banjur bisa rusak lan tininggal dening jiwane (mati). Dene liyane banyu jaladri, ana maneh banyu ing kali-kali, tlaga-tlaga lan rawa-rawa, kabeh uga ana isen-isene bangsane mina kang dumadine uga meh ora beda karo mina ing sajeroning jaladri, mulane ora pati perlu manwa ingsun terangake. Cukup samene bae enggong ingsun nerangake sangkan paran, sarta sarasilahe isen-isen sajeroning jaladri.

Sangkan Paran #13

Ing saiki Ingsun bakal nyaritakake isèn-isèn kang ana ing pratala dharatan, pratala kang ora kêlêban ing banyu jaladri. Geneya pratala kang ora keleban dening banyuning jaladri iku diarani dharatan? Iya, jalaran pratala kang ora keleban ing banyu jaladri iku dadi dhedhasaring udara (langit), warata ing lumahing pratala kabeh, sanadyan kang legok luwik, kang krowong lan kang bolong, iya warata kaebekan ing udara. Mulane manawa njupuk gampange, karepe saka tembung udara lan kawaratan.

Samengko Ingsun nyaritakake banyu udan kang tiba ing dharatan: iku tekane iya padha kabarengan sorot utawa cipratan Guruning Ngadadi, kang wus kasaring ing udara, sarta kang wus kamomoran daya saka kaanan pirang-pirang kang ana ing udara mau. Dharatan kang katiban ing banyu mau suwe-suwe banjur teles, marga wrataning banyu udan iku. Ana uga kang ora bisa kambah, iya iku mung panggonan kang gêrong miring,
marga lakuning banyu kaadhangan dening pratala sakdhuwuring gêrongan iku. Gêrongan kang mangkono mau diarani êrong, kang gêronge jembar diarani guwa. Mulane diarani mangkono, awit kang mlebu ing kono iku mung lugu dayaning hawa bae. Iku lumrahe enggone ngarani mau mung padha njupuk gampange bae.

Saiki Ingsun mbanjurake carita bab dharatan kang teles. Saya akeh udane, sangsaya nundhak telese, banyune nganti bisa mandheg watara suwe, katon ngêmbêng (megung), marga dharatan mau ora rata kabeh. Mangka wataking banyu iku mili, dadi lakune iya ora sabab saka urip lan saka karepe, nanging mung marani ing papan kang luwih cendhèk. dadi papan kang luwih cendhèk mau iya banjur kaêbêkan ing banyu, kongsi tembire (pinggire) pratala kang legok mau bisa jugrug kesuk dening gedhening banyu. Wusana banyu megung mau banjur wutah liwat tapaking jugrugan iku lan banjur bisa lumaku saparan-parane anut papan kang legok. Amarga lumahing bawana iki kang endhek dhewe iku jaladri, dadi lakuning banyu mau suwe-suwe iya banjur tekan jaladri kono. Ana ing jaladri kono iku banjur kumpul karo banyuning jaladri, mangkono ing sabanjure. Dene dalan lakuning banyu iku, diarani kali. Enggone ngarani mangkono iku mbok manawa iya mung njupuk gampange bae, jalaran katone kadadian iku saka kesuk
ilining banyu.

Banyu udan liyane kang ora dadi kali, ana uga kang banjur kandheg ing papan kang nêla luwih amba (lega), dununge ana ing kanan kiringing ancala (gunung), utawa lambunge ancala. Kang mangkono iku diarani tlaga. Tlaga iku kang akeh pinggire pratala kang luwih kandel, mulane banget santosane lan ora gampang jugruge kaya dene pratala kang liya-liyane. Mung bae yen banyune kakehan, lowahing tlaga mau ora kamot, amesthi banyune iya nganti ngungkuli pinggiring tlaga iku, temahane banjur lubèr. Lubèring banyu iku iya mili nglumpuk nurut papan kang legok, suwe-suwe iya banjur dadi kali, terkadang banjur bisa gathuk karo kali liyane.

Ana maneh padunungan kang ora ana ing kanan kiringing gunung, nanging dumunung ana ing papan kang rata. Kala-kala ing kono uga ana kang endhek utawa legok, iku kaisenan ing banyu udan mau, sarta banyune iya uga banjur ngebeki papan kang legok mau, banjur diarani rawa. Mula diarani mangkono, awit padunungan iku, bareng wus kaisenan ing banyu, katara agawe buyaring hawa kang ana ing kono.

Saiki mbaleni pratala kang mung teles bae, lan kang ora kakembeng dening kehing banyu udan, bareng kataman sorot Guruning Ngadadi, kang tekane ing kono wus kawoworan dayaning surya lintang lan rembulan, sarta dayaning kaanan pirang-pirang kang ana ing langit, pratala mau banjur nglumut. Lumute saya lawas sangsaya wuwuh kandele kongsi kawawa ngandhegake pletikaning Guruning Ngadadi. Suwe-suwe lumut mau iya banjur dadi wit-witan ora beda wit-witan kang ana ing sajeroning jaladri. Dene rawa-rawa iku, uga banjur ana lumute, lan lumut-lumut mau manawa oleh daya sorot Guruning Ngadadi, lan soroting surya lintang lan rembulan, kang wus kawoworan dayaning kaanan pirang-pirang kang ana ing langit, suwe-suwe iya uga bisa dadi wit-witan, ananging racake ora pati gedhe lan ora pati dhuwur kaya dene wit-witan kang ana ing pentasan, utawa kang ana ing sajeroning jaladri. Sebab wit-witan kang ana ing pentasan utawa kang ana ing sajeroning jaladri iku peranganing badan kang ngisor nduweni piranti kang kraket karo pratala, iya iku kang diarani oyod. Dadi dayane pratala iku luwih akeh kang sinerot dening wit-witan mau. Mulane banjur luwih gedhe lan luwih dhuwur. Beda karo kang ana ing sandhuwuring banyu rawa, awit babadan lan oyode iku mung nemplek lan muled marang rereged kang raket karo dhedhasaring lumut mau. Ing ngisore dhedhasaring lumut iku sanyatane banyu, dadi ora sapirowa olehe daya saka pratala. Sawuse ing dharatan kang kakembeng ing banyu utawa kang ora kakembeng wus isi wit-witan (kekayon), wit-witan mau uwoh lan godhonge kang wus luwas banjur padha coplok uwal saka ing wite, ora beda karo wit-witan kang ana ing sajeroning jaladri.

Sangkan Paran #14

Coploking uwoh kang ana ing dharatan iku mung tumiba ana ing sacedhake kono bae. Dene godhonge kang luwas mau banjur padha bosok, bosokane saya lawas saya wuwuh
akehe, sarta banjur carub karo pratala. Dene kang ana sandhuwuring banyu rawa uga banjur muwuhi kandeling lumut-lumut kang banjur njalari bisa tuwuh wit-witan kang cilik-cilik. Ana uga banjur rada gedhe, nanging rupane ora padha karo wit kang ngruntuhake godhong mau. Tetuwuhan kang cilik-cilik lan cendhak iku lumrahe diarani suket. Mulane diarane mangkono mbok manawa uga mung njupuk gampange bae, saka tembung ‘su’ lan ‘caket’. Su tegese luwih, caket tegese cendhak, dadi karepe tembung suket iku anandhakake yen wit-witan mau luwih cendhak tinimbang lan liyane.

Saiki wit-witan kang ora ana ing sandhuwuring banyu rawa, iku wohe kang akeh tiba ana ing sangisoring wite. terkadhang ana kang mung katut dening ilining banyu bae. Dene kang ora pati akeh bobote bisa katut dening lakuning maruta. Mulane kongsi bisa adoh padunungane saka lajering wit iku mau. Banjur ana kang thukul lan rupane ora siwah karo bibite. Dene kang tiba awor karo gegodhongan kang wus bosok, marga kataman daya bosokaning godhong mau, lan ora gampang bisane oleh soroting surya lintang lan rembulan, kang katut dening sorot Guruning Ngadadi, mulane iya ora gampang bisane thukul.

Sarupaning bosok-bosokan mau bareng kataman ing hawa lan maruta kang wus kamomoran dening kaanan pirang-pirang kang ana ing langit, kang kagawa dening cipratane Guruning Ngadadi banjur padha mrentul pating pruntus, wangune gilig cilik-cilik. Pruntusan mau saya suwe sangsaya mundhak gedhene, dadi banjur saya kuwat enggone ngandheg sorot lan cipratane Guruning Ngadadi mau, sarta banjur kataman dening daya kedhering Pramana kang wus katutan dayaning geni lan pratala. Marga kang mangkono mau banjur njalari bisa urip lan bisa nduweni babadan kang kasar (agal).

Apamaneh saya akeh dayaning bosok-bosokan lan dayaning kaanan dumadi pirang-pirang, sumawana cipratane Guruning Ngadadi, mula uripe banjur duwe daya kedher, mungser sarta nyerot. Katerangane ora beda karo bangsa mina kang ana ing sajeroning jaladri kang wus diterangake ing ndhuwur mau. Dene lapisaning buntele kang ing njaba dhewe uga banjur pecah lan bebadane banjur gampang anggone nyerot. Apamaneh tansah kagepok dening soroting surya lawan rembulan, lan maneh uga tansah kataman dening hawa kang katut dening lakuning maruta. Kang mangkono iku, njalari akas lan santosaning bebadan, dadi mundhak kasar lan wuwuh rosane, mulane banjur bisa obah lan mingser saka padunungane marang panggonan kang bisa cocok dayane karo bebadane mau. Kang mangkono iku banjur marakake tuwuh kang minangka dedalane panyerot (mangan). Pamangane iya padha bae patrape karo bangsaning mina ing sajeroning jaladri. Saking rosaning pamangane kongsi barang kang kasar-kasar katut dipangan, kayata: gegodhongan lan wowohan kang padha tiba lan wus bosok ana ing sacedhaking padunungan kono iku. Amarga saka mangkono iku, banjur njalari mundhak gedhene lan rosane bebadan kang kasar mau, mulane banjur cetha banget pirantine, iya iku cangkem kang kanggo mangan lan cungur kang kanggo ambuwang hawa kang wus katut mlebu; kang kanggo mbuwang barang kasar sisane kang wus pinangan, iku diarani mburi. Kaanan dumadi kang ingsun caritakake iki diarani gegremetan. Mulane diarani mangkono, awit bisane obah saka ing pernah lakune katon nggremet.

Mangkono uga ing sajeroning tlaga utawa rawa, papan kang dumunung ing pinggir utawa panggonan lumut-lumut uga ana gegremetane lan ana bangsane mina kaya kang wus diterangake. Malah ana ing sajeroning tetuwuhan (wit-witan), kang ana minane, awit maune wit-witan iku ana bolongane. Bolongan mau kaisenan ing banyu kang asale saka banyu udan. Dene wit-witan kang sok kadadeyan mangkonoo iku, diarani pring. Marga pring iku maune iya endhek lan ana bolongane ing ndhuwur kang minangka cangkeme kaya kang wus kapratelakake ing ngarep. Jalaran saka iku, gampang digremeti dening bangsaning mina, awit ing kono iku ana banyune, mulane mina mau banjur manggon watara suwe ana ing kono. Wusana banjur ninggal antiga (endhog). Suwe-suwe endhoge mau netes. Tetesane banjur bisa kulina urip ana ing kono. Dene bangsane mina kang mangkono iku diarani urang.

Rupane urang kang ana ing sajeroning pring mau, beda karo urang kang ana ing banyu. Jalaran urang kang ana ing sajeroning pring iku prasasat ora oleh dayaning hawa, amarga pring iku saya mundhak dhuwur, saya mundhak gedhene. Bolongane cangkeme banjur saya lembut, lembuting bolongane njalari kuranging daya kang sinerot. Sarupaning gegremetan utawa bangsane mina iku kabeh anggone bisa nangkarake wiji sarana ‘adu dayane nyawa lan uripe sarta jiwane’. Jumbuhing daya tetelu lan daya tetelu liyane njalari bisa anggendeng pletikan utawa cipratan Guruning Ngadadi, yaiku kang diarani wiji. Mulane mangkono, amarga jiwa lan uripe wus kabuntel dening bebadan kang kasar utawa raga, mulane bebadane iku mau karone iya banjur katut gambuh (puled).

Sawuse mangkono, ing sajroning gembung paningkeme wiji iku banjur dadi antiga. Ora lawas antiga mau banjur diwetokake didokok dipernahake ing pratala utawa ing watu, ing gegodhongan sarta wit-witan. Suwe-suwe antiga mau ya banjur mecah (netes), dadi kayadene bibite mau; mangkono ing sabanjure. Sawuse isi bangsane gegremetan lan mina, cipratan Guruning Ngadadi (jiwa) kang wus anduweni bebadan alus sarta wus urip ana udara kang kena kaserot dening Pramana, banjur padha tiba ana ing pratala. Kang pinuju tiba ing panggonan kang wus ana bosok-bosokaning gegremetan, ing kono banjur templek karo bosokan liyane. Bebadane banjur kabuntel dening klumpukaning bosokan iku. Ana ing kono pancen durung sapirowa kekuwatane lan bobote bebadan mau, mulane gampang kaplesat (kabuncang) dening daya kekedhering Pramana sarta lakuning geni lan maruta, nganti ana kang kesanggrok ing panging wit-witan utawa ing gegodhongan. Dene kang ora kesanggrok iku banjur bisa tekan ing langit maneh, lan kena kaserot dening Pramana satemah tiba ing bosok-bosokan, utawa ing bebadaning gegremetan mau.

Sangkan Paran #15

Saiki ingsun nerangake kang mung tumurun sapisan banjur kesanggrok ing wit-witan utawa ing gegodhongan; iku banjur kawawa urip ana ing kono amarga uripe kulina oleh dayaning wit-witan iku. Bareng kataman kedhering Pramana kang anggawa dayaning geni lan pratala, sumawana kerep kataman dening lakuning maruta, lan oleh soroting surya, lintang lan rembulan, kang wus kawoworan ing dayaning kaanan pirang-pirang ing langit, bebadane mau saya wuwuh santosane lan saya mundhak kasare. Amarga kang mangkono iku, banjur kawawa ngobahake bebadane kang kasar mau, sarta gampang bisane oncat (mingser) saka pernahe, nanging iya mung ana ing wit-witan kono bae. Kang rehning dhek maune kulina urip ana ing awang-awang (langit) sarta lakune dhek samana bisa clorat-clorot tanpa sangsaya (pepalang), dadi uripe ana ing wit-witan iku iya mung tansah kudu kelingan pakulinane dhek maune. Nanging rehning tansah ora bisa sembada amarga bebadane wus banget kasar lan abote, dadi iya ora kawawa anggawa lumaku bebadane kaya dene dhek maune; dadi lakune ya banjur mung colat-colot bae. Suwe-suwe bareng saya rosa pancolote iya banjur sangsaya adoh anggone mingser saka pernahe. Dene pencolote iku ana kang kadhung (cugag, jugag) ora bisa tekan wit liyane. Wis mesthi bae banjur tiba ana ing pratala lan banjur kulina urip ana ing kono.

Saka anggone mancolot iku mau, anjalari gampang bisane kataman dening dayaning surya lintang lan rembulan kawuwuhan dayaning Pramana geni lan maruta. Mulane iya banjur mahanani piranti ana ing perangane ragane kang kasar iku, lan banjur bisa thukul wulu kang anggampangake lakune sarta piranti kanggo anjaga ragane, banjur ana sikile, suwiwi lan buntut. Bareng wus pepak pirantine, lakune meh bisa kaya dhek maune sarana ngobahake badane lan ambèbèr elare dikêbêt-kêbêtaké, banjur bisa ngambara (mabur). Mulane diarani mangkono, iku mbok manawa saka tembung ngambah udara, dicekak amrih gampange dadi ngambara. Dene tembung mabur iku njupuk suwara kebeting suwiwi. Sato kang mangkono diarani bangsa kukila (manuk). Bangsane iku kabeh anggone ngrasuk rasa ora pati lawas, marga ragane enggal rusak (mati). Jiwane banjur bali awor hawa lan swasana, sumawana karo urip kang ana ing langit. Dene ragane kang wus rusak mau, iya banjur gumlethak ana ing pratala, sarta iya banjur bosok, ora beda karo gegodhongan utawa gegremetan kang wus ingsun terangake mau.

Bosokan iku yen kataman dening soroting surya sarta dayaning pratala, apa maneh tansah kegepok dening hawa, iya banjur dadi kewan cilik kaya dene bangsaning gegremetan, diarani sèt. Nanging satemene: ‘sèta’, marga kewan iku kang akeh rupane seta (putih). Set iku ora suwe banjur bisa salin rupa, katitik saka perangan utawa pirantine, kayata: endhas, gembung, sikil sarta eklar. Kang rehning dhek maune tilas bebadaning bangsa iberan, dadi sikile ya ora pati digunakake, kajaba mung elare bae. Saking kumudu-kudu anggone arep bisa kaya dhek maune, marmaning Ywang Kang Among Dumadi, iya banjur tinurutan duwe elar lan iya banjur bisa mabur nanging elare banget bedane yen tinimbang nalika dhek dadi kukila.

Marga saka kagawa ciliking ragane, yen arep mangan banget rekasane, dadi ora pati bisa nggunakake cangkeme. Marga mangkono mau, marmaning Pangeran, iya banjur tinurutan duwe cangkem kang dawa lan cilik, bolongane lembut banget. Iku samangsa dipigunakake kanggo mangan, bisa metu dayane akas sarta landhep. Cangkeme kang dawa iku diarani tlale. Kewan kang mangkono iku diarani laler. Mula diarani mangkono
manawa ya mung njupuk gampange bae, marga abur lan mlakune angler. Bangsane aler iku ana pirang-pirang rupa, nanging ora pati perlu menawa ingsun terangake siji-sijine. Dene uripe laler iku ana ing ragane ora suwe (mati). ragane uga banjur tiba ing pratala sarta uga banjur bosok.

Sangkan Paran #16

Ana maneh kang kedadeyan saka bosokaning gegodhongan utawa saka rereged kang ana ing banyu meneng (megung) kang ora kawoworan bosokaning kewan. Iku kedadeyane meh memper laler, diarani lemut. Mula diarani lemut awit patrape yen arep mangan lakune anggrumut sarta lebuning pangan sarana diamuti nganggo tlalene. Lemut iku uripe luwih cendhak tinimbang karo laler; uga banjur mati kaya kang wus sun terangake mau. Mangkono ing sabanjure mungguh kaanane bangsane iku.

Sawuse mangkono, suwe-suwe ana bangsane mina anggone ngupaya pangan ing sajeroning banyu jaladri rumangsa kurang. Mulane banjur ana kang mentas ing dharatan. Kawitane anggone mentas teka sethithik ora pati adoh saka karo banyu mau. Ana ing kono bisa oleh pangan bosok-bosokan kang ana ing dharatan. Sawuse mangan tumuli bali marang banyu maneh, suwe-suwe saking butuhe anggone arep kecukup pangane, lakune saya adoh malah ana kang kongsi ora bisa bali marang banyu maneh. Dadi suwe-suwe iya banjur bisa mathuh sarta kulina ana ing pentasan. Mangkono ing sabanjure nganti sak matine ana ing kono.

Sasuwene ana ing dharatan iku, wus mesthi tansah kataman dening hawa sarta soroting Guruning Ngadadi, kang tekane wus kawoworan dening dayaning surya lintang lan rembulan, kang wus anggawa dayaning pirang-pirang kahanan kang ana ing langit. Amarga kang mangkono iku mula suwe-suwe bisa njalari salin rupa sarta watake. Lan banjur nangkarake wiji ana ing kono. Patrape ora beda karo kang wus ingsun terangake ing ngarep. Saya lawas turunane banjur sangsaya beda banget karo rupa lan watake. Malah ana kang banjur thukul pirantine kanggo njaga karahayoning awake. Yaiku wulu sikil sarta buntut. Kang wus dadi arupa mangkono iku diarani sato. Karepe tembung kang mangkono iku nandhakake anggone bisa urip wus nglakoni ing panggonan loro.

Dene sato mau kang akeh sikile papat. Ana kang nganggo driji lan kuku, ana kang nganggo tracak. Tracake ana kang wungkul ana kang belah. Dene sarupane atracak belah iku endhase ing perangan ngarep kapara ndhuwur thukul pirantine kang banget migunani kanggo njaga marang awake. Piranti kang mangkono iku diarani sungu, karepe tembung mangkono awit manawa migunakake piranti iku mung yen pinuju nepsune wungu (tangi).
Sarupane sato kang anduweni tracak iku dhek mau-maune nalika ana ing sajeroning jaladri, kang nurunake bangsane mina kang panganane gegodhongan sajroning jaladri kono. Mula bareng ana ing dharat karemane iya mangan gegodhongan. Dene kang metu kukune iku dhek maune kang nurunake mangan banyu jaladri kang wus kawoworan dening sarupaning rereged, yaiku saka bosok-bosokaning gegodhongan sarta wowohan utawa bangkening mina. Ana maneh bangkening sato utawa gegremetan sarta kukila kang kentir dening ilining banyu, bareng wus tekan ing jaladri kono, iya dipangan dening mina kang lagi ingsun terangake iki. Mulane bareng ana ing dharatan karemane iya mangan bosok-bosokaning raga kaya dene dhek ana ing sajroning jaladri maune. Bareng wus turun tumurun (tumangkar), suwe-suwe pakane kurang, mulane enteking bosok-bosokan iku banjur nyoba mangan bangsaning gegremetan kang cilik-cilik sarta kang gampang kecekele.

Nanging kang samono iku suwe-suwe iya banjur kekurangan maneh. saking dening banget serenge anggone arep mangan ing wusana suwe-suwe ketekan kang dadi pangarep-arepe mau, yaiku banjur duwe daya kuwanen lan wuwuh karosane. Sawuse mangkono banjur nyoba gelem mangan bangsaning sato kang cilik-cilik. Samono uga iya isih kurang, mula banjur nyoba arep mangan sato kang gedhe, ananging bareng kapinujon kang karosane satimbang lan dheweke ya banjur kuwalahan. Dadi ora bisa kelakon mangan sato kang disedya mau; mula saya mantheng ing pangarep-arepe. Marga saka kencenging pangarep-arepe iku, marmaning Ywang Suksma Kawekas anedhakake sihe anekani ing pangestine; wusana banjur tuwuh piranti kang luwih dening santosa sarta landhep, ana ing sajroning cangkeme sarta maneh ragane wuwuh karosane. Piranti kang mangkono iku diarani siyung. Mula diarani mangkono amarga keksining piranti iku ing ngatase bangsane sato wus kelebu linuhung (linuwih) yen tinimbang karo sato liyane kang ora duwe piranti iku. Dadi ing samengko banjur bisa katekan ing pangarep-arepe mau. Tuwuhing daya pangesthi kang anjalari mangkono iku diarani ‘karep’; mula diarani mangkono amarga tekane mung yen pinuju kegendeng ing daya arep.

Sangkan Paran #17

Dadi kang mangkono iku sira aja keliru tampa mungguh kang diarani ‘karep’ iku. Dhek mau ingsun wis nyaritakake, yaiku tumangkare wiji sarana ‘saresmi’ (rabi); iku aja sira kayuk bae lan aja sira sengguh yen iku uga kedadeyan saka dayaning ‘karep’ kang mangkono. Sayekti yen ora. Ing tembe sira bakal ingsun wulangake mungguh mula bukane dene sakabehing ‘jiwaning urip’ kang wus ngrasuk bebadan iku kabeh banjur padha duwe krengket saresmi. Iku sabenere kaya dene wus watak (dhasar). Mula ora padha karo dayaning ‘karep’ kang wus ingsun terangake iki mau, awit iku mung yen ragane lan dayaning ludira sarta rasaning badan isih madeg (melek). Tandhane dene yen ngantuk utawa turu, karep kang mangkono iku iya melu meneng. Mara sapa sing wis tau weruh wong turu bisa mangan? Seje karo rasaning saresmi iku mau, aja maneh sajroning turu, ing sajroning kaalusan wis ana kang mengkono iku, ing tembe manawa sira wus sambada ing panggayuhe, mesthi bisa nyatakake dhewe. Ing kono mengko sira lagi pracaya sarta ngandel temenan. Dadi ora gampang diowahi sarana ujar manis utawa ora gumingsir dening pepoyok lan pamaido utawa penyedha. Samene dhisik anggoningsun amblabari marang sira. Saiki prayogane ingsun banjurne dhisik teruse katrangan ing dhuwur mau kongsi tumedhaking suksma tuwuh ing marcapada iki, nganti diarani manungsa.

Cethane mangkene :
Dhisike ! Sawuse bawana pepak isen-isene lan wus ana titahing Suksma kang padha ngrasuk ‘badan alus’ kang urip ana ing langit lan ana ing pangrantunan sarta maneh kang wus padha ngrasuk ‘bebadan kasar’ urip ana ing pratala utawa ing sajroning jaladri sarta banyu; titahing Suksma pirang-pirang iku mau pada daya-dinayan, rasuk-rinasuk; campuring daya iku kawawa anggendheng ‘jiwaning urip’ kang mentas tumedhak saka sarirane ‘Guruning Ngadadi’ kang isih ana ing ‘jaman siddyam (nêng). Ing kono isih ngagem ‘sarira suci’, ananging kang rehning klumpukaning daya pirang-pirang kaanan mau, mungguh sabenere iya kanggo cawisane ‘Panjenengane’ kang lagi tumedhak iku. Mula dayaning pirang-pirang kaanan mau banjur anuwuhake kang minangka pangegemane ‘Panjenengane’ iku arupa ‘cahya’ apindha sesotya.

Dhek nalika samana, kaya sira wus ingsun pratelani, yen Panjenengane Guruning Ngadadi (Ywang Suksma Kawekas) iku langgeng kaanane. Dadi agemane Panjenengane Suksma kang mentas tumedhak iku banjur katut dening Panjenengane Gurunuing Ngadadi. Nanging kang rehning ‘kraton siddyam’ kono ora bisa kalebon saliyane Panjenengane, dadi agemane mau iya banjur kandheg ing sanjabaning kraton bae. Bareng agemane wus cumawis ana ing sanjabaning kraton kono, banjur sorot-sinorotan, daya-dinayan karo Panjenengane kang mentas tumedhak iku. Ing kono Panjenengane kasusul dening tumedhaking samburating Guruning Ngadadi. Mula kaya binuncang, konus (kendhang) saka ing kraton kono, tumeka ing kraton agem-agemane mau, banjur rumasuk ing agem-agemane iku. Ing samengko Panjenengane wus ngagem sarira kapisan, kang pinangkane saka pirang-pirang dayaning kaanan. Mula wis wiwit ora suci. Iku sun arani AD-HAA-MA, mbok manawa kang diarani tembung saiki lumrahe, ADAM.

Sarirane (agemane) kang pindha sesotya mau diarani WAHYU. Mula diarani mangkono, karepe saka tembung ‘wah’ lan ‘yu’. ‘Wah’ tegese akeh, ‘yu’ tegese nyawa:
mau wus sun terangake yen pinangkane saka dayaning pirang-pirang. Dene Panjenengane pribadi sarirane duk tumedhak sapisan (isih suci) iku kang diarani ‘Jiwa”.
Kratone Panjenengane AD-HAA-MA iku diarani ‘Purwa-Pada’. Geneya diarani mangkono? Iya, marga ‘Purwa’ iku tegese kawitan, ‘Pada’ tegese palerenan utawa pandhegan. Dadi iku karepe palerenan kang kawitan.

Kang rehning Panjenengane wus ngrasuk sarira kang pindha sesotya mau, mula rerupan jagad saisine kabeh katawang sarta kalebu ing Panjenengane. Kang mangkono iku njalari saya ora sucine maneh, temahan gampang bisane kataman dening dayaning Pramana sarta sakehing kaanan kang urip ana ing pangrantunan sarta ing langit. Saupama ora kadhangan dening pangrantunan, wis mesthi Panjenengane gampang katut kaserot dening Pramana. Nanging rehning panyeroting Pramana kang tekan ing kraton kono ora pati sapira, pramula iya mung timbang daya kakuwatane. Ing wusana dayaning
jiwa kang urip ana ing pangrantunan banjur kaya diejun. Teka samene bae dhisik ingsun arep nyumenekake (nglerenake) raganingsun. Dene liya dina manawa sira padha teka mrene maneh iya ingsun tutugake wewarah iki, wiwit dumadining karsa lan rupa lanang sarta wadon, kongsi padha tumurun ana ing marcapada kene padha ngrasuk busana wadhag sarta katrangane garwa.

Sangkan Paran #18

Pangrumpaka (Dhandhanggula) :
Kadyâ dhandhang munyâ mângsâ agring, dènirarsâ wêruh mring wêwarah, mrih ywâ kéwran pangruruhé, krâsâ rôsing tumuwuh, wêwêdharan wadining urip, kang dhihin wikanânâ, wulangnyâ Sang Wiku, ingkang kawahyâ ing ngarsâ, palasthané kari anggagas kang wuri, rasané dèn karâsâ. (Redaksi Djawa Boedi Moerni).

Kang wus ingsun terangake, panjenengane Adhaama jumeneng ing sajroning karaton Purwapada. Sarirane tansah katawang ing daya isen-isening bawana kongsi kalumpuking rupa bisa kalebu ing sarirane, sarta anjalari wuwuh kurang sucine maneh, lan bisa kataman dayaning bawana saisine kabeh. Ananging marga saka banget kandeling pangrantunan mau dadi banjur kaya dene diiyun dening panyeroting Pramana; tumuli kaceneng bali maneh dening panggendenging karaton Purwapada mau. Suwe-suwe kalumpukaning jiwa-jiwa mau tansah bisa anggepok ing sariraning panjenengane kang apindha sosotya iku. Bareng wus mangkono, kalumpukane dayaning jiwa mau kena kaserot kalebu ing sarirane. Sarehning jiwa kang lumebu iku mau wus rada akeh woworane, iya iku dayaning bawana saisine, dadi iya gampang kacenenge maneh sinerot dening Pramana. Kalumpukaning rupa kang ana ing sarirane mau banjur
konus (kadudut) metu, sarta dadi rupa bebadan kang sairib karo panjenengane, nanging ana cacade. Apa maneh cahyane iya uga wis ora bisa padha karo panjenengane dhaama mau. Unusan saka kalbuning sarira mau banjur kawawa urip nunggal ana ing karaton Purwapada, diarani ‘Kadiwa’. Tegese kadadeyaning sarirane iku miyos saka panjenengane Adhaama lan saka kalumpukaning dayane jiwa pirang-pirang mau. mBokmanawa kang saiki lumrah padha diarani ‘Babu Kawa’. Dene sarirane Kadiwa iku diarani ‘pulung’. ‘Pulung’ iku iya isih pindha sosotya, nanging ora bening banget kaya ‘wahyu’, marga wus luwih akeh woworane. Ana babasan ing sajroning layang-layang, utawa para dhalang iya kerep medarake saloka mangkene:

“Tumuruning cupumanik astagina. Bareng cupu iku kabuka, ing kono isine Hyang Tanpa Una lan Tanpa Uni. Panjenengane Hyang Tanpa Una banjur jengkar saka kono, ngasrama (manggon) ing gunung Mahendra jujuluk Bathara Wahyu Cakraningrat. Dene garwane banjur ngasrama ing gunung Maliawan, sesilih Bathari Pulungana-wati. Sapa kang bisa tinedhakan ing panjenengane, iku kang bakal kuwat nurunake ratu.” Saloka iku mbok manawa sira padha durung ndungkap (durung wikan). Coba sapa kang wus wikan kasunyatane kanthi bukti lan wani dadi saksi temenan, pratelakna ing ngarsaningsun kene!

Ing tembe saloka kang ingsun tuturake marang sira iki, manawa wus sembada anggonira anggayuh wawarah ingsun, pangiraningsun ora susah ingsun jereng, sira banjur bisa padha ngerti dhewe, lan ora kewran anggonira ngudhari sarta bisa sumurup mungguh pigunane. Mulane aja padha ngira yen rupa lanang iku ing njaba njerone mesthi lanang, wadon mesthi mulus wadon. Iku ora mangkono, awit sabenere ing jroning lanang ana wadon, sajroning wadon ana lanange. Ananging iku lagi katrangan lesan bae, aja sira ugemi yen sira durung wikan kasunyatane, lan ngerti pilah-pilahe, sarta wus bangkit migunakake. Marga yen sira mung ngugemi swara, padha bae karo ngawula kumandhang; yen mung ngerti karepe ora wikan nyatane, iku padha bae karo wong ngawula anggitan; yen wikan nyatane ora bisa migunakake, iya aran durung mumpuni; iku kabeh aran tanpa guna. Dadi upama kaya sira darbe barang mung weruh yen apik, nanging ora ngerti kanggone. Upama barange arupa udheng, apa kena dianggo bebed lan apa lumrah dianggo kemul, utawa sèmèk turu lan liya-liyane?

Beda karo kang wis mangerti pigunane, amasthi banjur bisa bae migunakake. Iya mangkono iku tetepe wong kang wus lebda marang kawruh, aran wus mumpuni kridhaning bawana. Pirangbara bawana kang gumelar kabeh iki, orane iya bawananira dhewe bae, iku wus lumayan. Manawa bisa mangkono ngger, iku aran ora muspra anggonira ngudi kawruh. Mulane wong tuwanira iki sok juweh, perlune sira dimen padha dadi wong kang utama. Amarga ora gampang kang jeneng utama iku. Samangsa isih gothang utawa isih kuciwa, iku durung aran utama. Dadi utama iku karepe ‘uninga tataninging Suksma’; mulane iku mau diarani ‘cupumanik astagina’. Iku dhek kuna-kunane kang ngarani iya wong kang wus mumpuni marang kawruh, dadi iya banjur wani netepake, marga njupuk rupa lan kaanane sarta pigunane: mangkene panjupuke: “Cupu iku karepe wadhah (bebadan), manik tegese sesotya; asta tegese wolu, gina iku iya guna. Dadi karepe bebadan kang arupa sosotya, isine anduweni daya lan guna wolung parkara. Cukup samene dhisik bab iki.

Sangkan Paran #19

Pangrumpaka (Sinom):
Maligi nèng rôning kamal, mulat wulang kang wèh péling, panggiluting kasusilan, sumilak tanpâ ling-aling, kang angèl sungil-sungil, kinaryâ mêlôk salugu, lalagôn mrih irâmâ, kang tuman mardikèng budi, wông utâmâ uning tataninging Suksmâ. (Redaksi Djawa Boedi Moerni)

Sang Wiku:
Ingsun arep ambanjurake gancare carita ing dhuwur mau. Ing sajroning karaton Purwapada wus kajumenengan jiwa, iya iku panjenengane Adhaama lan Kadiwa. Sarehning Kadiwa iku pinangkane saka jiwa kang miyos ing sariraning Adhaama, ing mangka isih nunggal sapanggonan, dadi iya tansah kudu kumpul bae, ananging tansah ora bisa kalakon. Awit sarirane Kadiwa wis kurang banget sucine, marga wis kamomoran rereged pirang-pirang, kang maune wus kalebu ing sarirane Adhaama iku.

Kagawa saka anggone kudu kumpul, daya isen-isening bawana kang kagawa dening kekedhering Pramana banjur kena kaserot dening panjenengane kongsi tekan ing sajroning karaton Purwapada kono. Sarehning isine bawana kang akeh dhewe dayane kang katut iku arupa wit-witan (kayu), dadi ing sajroning karaton kono mau iya banjur thukul ana kayune sawiji, dumunung ing tengah-tengahing karaton iku, diarani ‘kayu sejati’ (Kalbu Diwa Handaru). Mulane diarani mangkono, awit kayu iku tuwuh ing sajroning karaton, lan salawase ora bisa mati. Dene enggone diarani wit Kalbu Diwa Handaru, jalaran sangkane kedadeyan saka kalbune Kadiwa, kongsi bisa andadari (metu) kaanan iku, sarta agodhong mawa cahya biru, epange diarani pancer papat (keblat papat) salaga langit. Mulane diarani mangkono, awit dawaning epang iku parane dadi ancering keblat, sarta angebaki sajembaring langit. Oyode diarani oyod Mimang, jalaran sing sapa ora murni (suci) mangka liwat nglangkahi oyod iku, wus mesthi mamang (kuwur) pikire, tambuh paraning sedyane. Godhonge aran Mega Mendhung; awit sing sapa duk uripe ana ing ngarcapada kene iki mung tansah ngangah-angah utawa murka, ngangsa-angsa, marang godhonge (sandhang pangan), samangsa tumeka ing wit kono, mesthi peteng pandulune kaya dene pinepetan ing mega mendhung. Pupuse diarani Singangsana Wilis, karepe singangsana iku kalenggahaning rasa sakalir, iya iku: rasa pangenyam, rasaning kalbu lan garayang (rasaning badan raga); wilis tegese biru (ijo, ksm). Kembange Teja Kukuwung; mulane diarani mangkono, awit prabaning kembang, lapis pitu apindha teja, tur bunder kaya kuwung. Pentile Kartika, tegese lintang. Wohe Budi Kawruh (budi sajati) dudu budi pakarti. Kang enom pindha wulan, kang tuwa pindha surya. Awit tumraping kawruh iku oleh-olehe yen durung tuwa (durung sembada), mung bisa wikan sawarnane kang binudi; teranging pandulu mung kaya dene oleh papadhanging rembulan; dene manawa wus sembada (tuwa), kaya dene oleh papadhanging surya. Kang mesthi luwih cetha pandulune tinimbang karo pepadhanging rembulan mau. Dene isining woh iku diarani ‘Anu’; awit isine iku kang dadi lantaran ananing Nu (endon), papan calon wadhahing (karaton) wiji. Rasaning woh diarani ‘Rasa Asmara Jati’ (rasa sajati); mulane diarani mangkono, awit rasane iku linuwih saka rasa sakalir. Tuladhane ing arcapada kene, iya iku ‘rasaning asmara’ (rasane saresmi utawa salulut).

Talutuhe diarani ‘Sari Kama Irang’; mulane diarani mangkono, awit sari iku ateges rupa kang luwih dening alus, kama iku rupaning banyu saka kalumpukaning daya lan rasa asmara; irang karepe ora saben wong bisa meruhi marang sangkan parane, amarga banyu iku sirna tanpa kumpulan (tanpa dunung), muksa tan kena ing rusak, uripe ilang manjing marang urip kang sakawit.

Pangkur :
Patut tinâtâ nèng wuntat, pupunthôné têtêpâ dadi bukti, nging yêktinéé yèn tan putus, dèntâ myat mring Ad-hââmâ, sumawânâa mring Kadiwâ kang winuwus, wawasan asmârâ tântrâ, pasthi dhahat kôntrang-kantring.

Sangkan Paran #20

Dhek samana ing sajroning karaton Purwapada kono, durung ana padhang lawan peteng, anane sunyaruri, tegese isih sepi, ora padhang orang peteng. Ananging bareng isi ‘Panjenengane Karo’ (Ad-haama lan Kadiwa) lan ana wit Kayu Purwajati, sumawana panjenengane tansah kudu kumpul, parmaning Hyang Guruning Ngadadi (Hyang Suksma Kawekas), ing sajroning karaton kono banjur ana damare gumandhul tanpa canthelan, sunare madhangi ing sajroning karaton saisine kabeh. Iku diarani “Damarjati’: mulane diarani mangkono, awit damar iku padhang ora ana kang nyuled (nyumet), murub tan sarana geni, padhange angluwihi, dalasan panggonan kang legok luwih, jurang sirung isih kapadhangan dening prabaning damar mau.

Sawise ana damare, Panjenengane banjur cetha pamriksane kakung lan putrine, sarta cetha pamriksane ing sajroning karaton kono saisine kabeh. Bareng wis mangkono, malah sangsaya adreng anggone kudu kumpul maneh dadi sarira sawiji. Wusana banjur mahanani warana (aling-aling) kang minangka pagering karaton iku, diarani ‘Pager Ayu’; mulane diarani mangkono, amarga iya iku mau kang minangka wates utawa wengku sihing Pangeran, kang dumunung dadi gagandhenganing sih tresna tumrap nyawaning priya lan wanita. Sawuse pepak paraboting karaton, Panjenengane saya wuwuh anggone kudu kumpul dadi sawiji, nanging meksa isih durung bisa kalakon, jalaran durung ana lantarane. Ing saiki ingsun arep nyaritakake mula bukane kang dadi jalaraning ‘Panjenengane Karo’ banjur tumedhak ing arcapada kene:dhek mau ingsun wus nyaritakake nalika Panjenengane Ad-haama durung miyos saka Guruning Ngadadi, wis ana jiwa pirang-pirang kang urip ana sajroning pangrantunan, lan ana ing antarane pangrantunan karo karaton Purwapada. Ing kono iku kang dumadi dhisik dhewe diarani ‘JAN’. Mulane diarani mangkono, awit iku kang pancen baku dadi lantaraning ‘Panjenengane Karo’ bisa tumedhak ing arcapada kene iki.

Mangkene gancare: Bareng sarirane Jan tansah katut kaiyun (kaeyun, kebandhul) banjur tansah bisa anggepok ing sariraning Panjenengane Ad-haama lan Kadiwa mau. Ing sarehning sarirane Kadiwa kang dhasar wus akeh woworane, kang dayane uga padha karo dayaning Jan iku, dadi Jan iya banget gampange katut kaserot lumebu marang sarirane. Bareng ing sajroning sarirane wus kalebon ing Jan iku, banjur kagungan asmara (sengsem) iku diarani ‘Ayun’; awit anane iku saka dayane ‘iyunan’.

Nalikane Kadiwa wus kadunungan ‘ayun’, sarirane saya mekar (wuwuh rosa), sarta banjur jumbuh dadi sawiji lan ‘ayun’-e mau, kongsi kawawa anggendeng kalbune pribadi nuju marang wohing budi iku. Kang mangkono iku diarani ‘kayun’ (karsa), awit tekane lan kadadeyane saka kayu sarta iyunan. Dene tembung karsa, iku saka tembung ‘mekar’ karo ‘arsa’. Samana karsane Kadiwa iku durung bisa kaleksanan, awit Panjenengane Ad-haama durung kadunungan ing karsa iku, amarga sarirane durung sapirowa woworane. Dadi saupama ora kagendeng enggone tansah kudu kumpul bali dadi sawiji karo Panjenengane Kadiwa mau, sing mesthi iya ora bakal kadunungan ‘asmara’ lawan ‘karsa’. Ananging saka anggone kudu kumpul, ing mangka sarirane Kadiwa wis ora suci, dadi iya banjur anjalari kurang sucine maneh marang Panjenengane Ad-haama iku. Wekasane iya banjur mung tansah kena kagepok dening sarirane Jan mau, mulane bisa kalebu ing sarirane kang isih suci iku. Suwe-suwe iya banjur dadi ‘asmara’ sarta uga kongsi dadi ‘karsa’. Bareng wus kadunungan ‘asmara’ kabeh, banjur sangsaya wuwuh rosa enggone kudu kumpul. Saking padha rosane iya kalakon bisa kumpul maneh, nanging ora bisa jumbuh dadi sawiji, amarga sarirane karo wis banget ora sucine.

Bareng sarirane karo wis gathuk, kang bisa luluh mung karsane bae jumbuh dadi sawiji. Sumawana sarirane Jan mau banjur jumeneng ing sajroning jumbuhe karsa mau, wusana andadekake gumolonging karsane, nuju marang wohing budi mau. saking daya gumolonging karsa, kawawa anggendeng ing who mau, kongsi bisa kalebu marang sarirane karo, dumunung ana ing sarira kang wus ora suci iku. Sarehnuing Panjenengane Ad-haama iku durung sapirowa regede, dadi wohing budi mau iya banjur mung bisa ana ing sarirane kang njaba bae. Dene kang bisa kandhas lumebune, lan kongsi bisa dumunung ana ing telenging sarira, iya iku kang marang Panjenengane Kadiwa. Dhek mau wus ingsun terangake, yen wohing budi iku isine diarani ‘Anu’, rasane sajati. Mulane bareng wus kalebon who mau, iya banjur kadunungan isi karo rasane who iku (anu asmara rasa sajati).

Sangkan Paran #21

Bareng sarirane karo (Ad-haama lan Kadiwa) wus kadunungan iku, banjur katara banget yen ana cacade, sarta sakarone iya padha sumurupe. Cacad iku diarani ‘wada’, iku ateges raketan karo jiwa, sarta salawase ora bisa suda. Kang mangkono iku anjalari beda karo maune. Sawuse ana wadane, sangsaya kenceng karsane enggone kudu kumpul, supaya sarirane bisowa jumbuh maneh dadi sawiji, nanging iya sangsaya ora bisa kalakon, jalaran wus kaling-kalingan wadane mau. Saka daya serenging kang tansah ora kasembadan mau iku banjur anuwuhake bobot, sarta malah ora bisa mathuk (jumbuh) karo karatone iku. Mulane banjur gampang linggare saka sajroning karaton kono, kang satemah banjur bisa katut dening tumurune sorote Guruning Ngadadi. Mulane Panjenengane kongsi kabuncang tumedhak marang karaton antarane Pangrantunan lan karaton Purwapada iku. Dene karaton mau diarani karaton Antarapada. Mulane aran mangkono, awit dununging karaton mau, ana ing antarane karaton Purwapada karo Pangrantunan mau.

Panyela saka Redaksi Djawa Boedi Moerni (Mijil) :
Duk winijang nèng sêkar pamijil, jroning tyas tuwajôh, anjajagi mring sangkan parané, paran êndi ingkang dèn idaki, sangkané sing pundi, lo kôk râdâ éwuh. Rèhning mêngko wus pâdhâ tan suci, kuciwané katôg, katalikung mring murkâ kang lèngkèt, paran bâyâ dènira mumulih, mung Sang Budi Murni, kang lêbdâ wèh tuduh.

Sang Wiku :
Dhek mau wus ingsun terangake, sadurunge Panjenengane tumedhak ing karaton antara kono, wus ana jiwa kang urip. Dene sarirane jiwa kang urip ana ing kono iku diarani ‘Andaru’; iku iya isih arupa cahya, nanging akeh banget bedane karo pulung, luwih maneh karo wahyu. Ewa samono Panjenengane kepeksa kumpul lan jiwa kang ana ing kono, nanging iya tansah ora bisa mathuk, jalaran beda kaananing sarirane. Amarga saka kang mangkono iku, suwe-suwe banjur katedhakan samburate Guruning Ngadadi. Ana ing kono banjur dadi aling-alinge Panjenengane, lan jiwa kang asarira andaru mau. Wates iku diarani ‘Kalarat Suci’. Mulane aran mangkono, amarga tekane samburat iku banjur nyelani; samburate mau bisa ngaling-alingi Panjenengane karo jiwa kang anha ing kono, sarta kang isih murni saka kang Maha Suci. Dadi sakehing jiwa kang ana ing kono iku mau ora bisa magepokan karo Panjenengane. Jalaran saka rosaning kalarat mau kongsi ora ana kang bisa mengkang, kajaba mung kang ‘Jumeneng Suci Pribadi’ bae.

Liya saka dadi aling-aling tumrap Panjenengane lan sakehing jiwa kang ana ing kono, kalarat iku iya banjur dadi aling-aling tumrap Panjenengane Ad-haama, enggone marak marang ngarsane kang Maha Suci, kaya dhek nalikane durung kawoworan. Sawuse ‘Panjengane Karo’ kaling-kalingan dening kalarat iku banjur rumangsa primpen banget, kongsi ora kena kagepok dening jiwa liyane, dadi iya saya mantheng anggone anutugake karsa bisane jumbuh dadi sawiji karo garwane iku. Ewadene iya tansah ora bisa kasembadan bae, anjalari andadekake banget mathuke karo panjenengane ‘Jan’, kaya kang wus katerangake ing ngarep mau. Amarga saka mangkono iku, banjur krasan
banget ana ing kalbune Kadiwa, kongsi bisa jumbuh lan karsane, sarta tansah anggendeng asmara marang Panjenengane Ad-haama. Saking kencenging karsa iku, nganti bisa ambuntel karsa mau.

Sawuse karsane kebuntel banjur saya wuwuh rosane anggone kudu anunggalake sarirane, sarta mung tansah guled templek ora uwal-uwal; nanging malah ora bisa jumbuh, kajaba mung rasane ‘asmara jati’ bae kang tansah bisa jumbuh. Jumbuhing asmara jati iku, bisa anggendeng kaanan pirang-pirang, sarta bisa ngendhegake kekedhere Guruning Ngadadi. Tempuke daya kaanan pirang-pirang karo kekedher mau, andadekake ‘jêjêr’ (adeg-adeg) ana ing kalbuning Ad-haama, kang ing tembe bakal amengku sakehing daya ing sajroning kalbu kono.

Sangkan Paran #22

Bareng wis ana ing sajroning karaton kono, wus wuwuh kadunungan ‘jêjêr’ (wengkuning daya), banjur anjalari wuwuhing bobote. Mulane bareng kataman dening kekedhere Guruning Ngadadi, iya gampang kabuncange maneh, sarta tumedhak ing karaton Antarapada kang kapindho, arane ‘dwipada’. Ana ing kono saya gampang anggone kataman dening dayane kaanan dumadi, kayata: dayaning Pramana lumebu sajroning kalbu, tempuk lan soroting Guruning Ngadadi sarta soroting surya, kawawa urip ana ing sjroning jêjêr kono, banjur arupa geni, diarani ‘Pramana Tunggal’. Awit iku mau iya uga pramana nanging tunggal kaanane karo kalbu kita pribadi, rupane cahya lapis telu, dhasare kang kapisan katon kuning mancorong. Iku kedadeyan saka sorote Guruning Ngadadi. Dhasaring lapis kapindho abang mrengangah, iku saka soroting surya. Kang ing njaba warnane abang semu biru, iku saka soroting Pramana. Pramana Tunggal iku sejatine geni kang dumunung ana sajroning kalbu kita pribadi, kang nguripi sakehing piranti ing sajroning kalbu.

Ana maneh kang saka soroting lintang, gathuk karo soroting Guruning Ngadadi, kawuwuhan daya jiwaning urip kang ana ing Antarapada. Iku uga banjur kawawa urip ana ing sajroning jejer kono, arupa cahya iya lapis telu. Dhasare ing jero dhewe kuning enom, lapise maneh ijo pupus, iku kang saka dayaning urip kang ana ing karaton Antarapada. Kang ing njaba biru, iku kadadeyan saka kedhering lintang sore. Dumadining kaanan kang mangkono iku diarani ‘wasesa’, yaiku angin kang dumunung ing kalbu kita pribadi, anjalari dadining ambegan (napas). Mulane diarani ‘wasesa’, awit iku kang marakake kuwat lan yen ora kabeneran bisa andadekake rusak.

Ana maneh kang saka kekedhering ‘lintang panjer’, kawuwuhan sorot samburate uruning Ngadadi sarta dayaning rembulan, uga bisa urip ana ing sajroning jejer kono. Dene dhasare arupa kuning enom mancorong, lapise maneh kuning kaya kunir, kadadeyane saka dayaning rembulan, kang ing njaba wungu enom: iku kang asale saka lintang panjer, yaiku kang diarani ‘jati’, langgeng tan masesa lan tan amurba, tan kawasesa tan kapurba. Yaiku banyu sajroning kalbu kita pribadi (banyuning kamanungsan). Mulane diarani mangkono, awit iku kang tansah dadi ancur (panglengket) pirantining urip kita nalika urip nyandhang raga ana ing arcapada iki. Iku ora kena diowahi lan iya ora ngowahi. Dununge ora ana ing njaba, nanging iya ora ing njero, ora ngrusak lan ora kena rinusak. Dene anggone diarani ‘banyu kamanungsan’, awit iku rupane iya banyu sarta kang dadi lantaraning ‘anu-asmara-rasa-jati’, dumunung ana ing badan kita iki.

Ana maneh kang kadadeyan saka dayaning ‘Jan’, kawuwuhan saka soroting ‘lintang rena’ sarta dayaning ‘pramana jati’. Iku uga banjur bisa dadi kaanan lan urip ana ing jejer kono, rupane cahya lapis telu. Dhasare kuning semu abang, yaiku saka ‘pramana jati’: lapise maneh ijo maya-maya, iku saka dayaning ‘lintang rena’; kang ing njaba abang semu biru, iku saka dayaning Jan. Kaanan kang mangkono iku diarani ‘Purba-jati’. Iku kang nguwati sakabehing urip kang ana ing sajroning kalbu kita pribadi sarta dadi panuntuning kaanan urip iku kabeh. Mulane diarani mangkono, awit iku kang dayane ngluwihi santosa tinimbang karo dayaning kaanan urip kang ana ing sajroning kalbu kita iku mau, sarehning rupane luwih dening alus, ora kena wineruhan dening pamawasing netra karo kang kasar iki. Mulane iya uga banjur diarani ‘Suksma’. Dene suksma-suksma kang wus ingsun caritakake iku kabeh, tansah jinatenan dening Guruning Ngadadi. Sawise kadadeyan mangkono, sarirane Ad-haama banjur gampang katute dening lakuning sorote Guruning Ngadadi, satemah tumiba ing jroning karaton Pangrantunan. Ana ing kono banjur kandheg watara suwe sarta kawuwuhan dayaning jiwa pirang-pirang. Iya ing kono panggonaning rimbagan (cithakan) bakal sarirane kang diarani wadhag (raga), kang bakal disandhang ing arcapada kene iki, apa dene dumadining rupa lanang lawan wadon. Samene bae dhisik ngger ! Banjure bakal kacarita ing mburi lan ingsun nduweni pangarep-arep supaya sira ing tembe padha bisa mengku kautaman.

Redaksi Djawa Boedi Moerni (Durma) :
Datan mundur nggèn ulun ngudi wêwarah, kang saking Budi Murni, sanajan ing ngarsâ, luguné wus ngalélâ, saliring wulang wêwêling, mrih ginilutâ, anging kudu lêstari.

Sangkan Paran #23

Wiyose, dhek samana ingsun wus nerangake bab karaton pangrantunan, kang minangka rimbagan calon peranganing badan wadhag (raga), sarta dumadining rupa lanang lawan rupa wadon. Ing samengko banjur amratelakake bab dumadining kaanan kang saka karaton pangrantunan mau.

Ana dene dayaning surya lan wohing kayu sajati kang ginendeng dening asmaraning Ad-haama lan Kadiwa, iku kataman dening kekedhering Pramana maanani dadining ‘budi pakarti’, iya iku ‘akal’. Iku kang calon bisa nuwuhake piranti peranganing raga kang alus-alus, kehe ana pitung rupa, kabeh dumunung ana ing sajroning wadhag kita iki.

Jinem, iku dumunung ana ing sajroning kembang gedhang utawa jantung. Tegese: anane mung sawiji nanging nduweni daya nenem. Yaiku: pangrasa, pangrungu, pangambu, pangucap, paningal sarta bibiting lara lan waras. Kang limang rupa ing ngarep (pangrasa, pangrungu, pangambu, pangucap lan paningal) lumrahe diarani ‘Panca Indriya’, tegese: panca iku lima, indriya iku ati angen-angen. Wondene kang kaenem (bibiting lara lan waras) iya kang diarani ‘Sanu’ utawa ‘Engetan’. Sanu iku padunungane ora ngemungake ana ing sajroning kembang gedhang (jantung) bae, nanging bisa numusi marang sandhuwuring irung, kaprenah ana ing njero, saantarane netra karo. Mulane padunungane tumusan mau banjur diarani ‘panon’, karepe ‘papaning anon’.

Dene rupane budi pakarti mau arupa cahya lapis pitu, lan kena dinyatakake kaanane temenan. Mulane manawa sira padha setya tuhu ing pangudi, manut kaya satataning patrap kang bakal ingsun caritakake iki, iya wus mesthi bakal padha mikani (mangerti) marang kasunyatane dhewe-dhewe. Ananging sarehning budi pakarti mau kagolong wus cedhak banget karo kang bakal wiwit sira udi, dadi iya ora prayoga ingsun terangake dhisik mungguh rupane, supaya ora anjalari ketentaning atinira.

Kajaba kang wus ingsun terangake mau, ana maneh kang dadi ganepe warna pepitu mau, iya iku diarani ‘cipta’ kang dumunung ana ing sajroning ati kang disebut ‘puat’. Mungguh kaanan rupa pitu ing sajroning kalbu kita mau lumrahe ginawe ucap-ucapan nganggo pasemon, dielih arane dadi ‘langit pitu’. Dene kang ngarani kaya mangkono iku iya wis bener nanging aja sira tampa lamba bae, lan aja sira anggep manawa iku mau langit kang gumelar iki, sanyatane iya langitira dhewe. Mungguh karepe pasemon kang mangkono iku, ginawe nelakake ora ana bedane karo langit kang gumelar ing kene iki. Apa maneh tansah rasuk-rinasuk, tetep-tinetepan, lan saksi-sinaksenan. Yen wus mangkono, sadhengah kang angudi marang ‘kawruh sajati’, kang oleh-olehane wus timbang karo kaanan isen-isening jagad, sarta wus nyatakake rasuk-rinasuk, seksen-sinaksen, iya iku kang wus aran bener temenan. Amarga manawa durung mangkono, tartamtu durung bisa nandhing marang bener luputing kawruh mau. Dadi yen mangkono, pakolehe banjur mung nganakake para bantah rebut becik, rebut bener, kongsi kalakon dadi pasulayan. Mulane mangkono mau jalaran siji lan sijine padha ora ngakoni lupute, sarta amarga saka durung mikani marang wawatone. Kang mangkono mau, mungguh ing pamikiringsun, kaya-kaya ora prayoga dilakoni. Jalaran bakal marakake ora weruh marang luput lan kalirune dhewe. Kang becik dhewe, mung kudu nyuwun bebeneran marang ‘Kang Among Dumadi’, supaya pinaringan weruh kaluputane dhewe. Wekasane banjur bisa milah-milah, lan bisa anisihake kang dadi reribed sarta pepetenge, kang bisa nuwuhake giliging tekade. Manawa wus tumeka samono, sanadyan diluputna dening wong sajagad pisan waton Ywang Suksma Kawekas ora ngluputake, iku sayekti ora ndadekake ciliking ati. Mulane pamintaningsun marang sira kabeh, ing sabisa-bisanira padha niruwa wawatakan kang mangkono iku mau. Dene manawa sira ora gelem niru, apa dene ora anggugu pituturingsun iki kabeh, nyata yen ingsun iki kena diarani dudu gurunira, dening ora nocogi marang kaanane.

Mangka kang diarani guru iku, sajatine iya wong kang patut digugu pituture, lan ditiru kalakuwane. Kajaba guru kang awujud kaya ingsun iki, satemene iya ana maneh gurunira kang sajati, dumunung ana ing sira dhewe, iku wohing kayu sajati, kang diarani Hyang Guru Budi. Nanging iya isih ana sor-sorane, iya iku ‘Budi Pakarti’ (akal).

Sangkan Paran #24

Mungguh panganggepira marang guru iku mau, iya aja bineda karo ingsun iki, jalaran samangsa ora gelem anggugu marang sarehing gurune iku diarani wong kang cidra marang awake dhewe, dadi bisa uga anjalari ora tumeka saliring panedyane, kang amarga tansah nyimpang saka karsaning gurune mau.

Mangkono mau kena diarani kapilut dening panggodhaning iblis, kang tansah duwe pangarah nasarake marang jiwaning manungsa kang sajati, murih bisowa dadi kancane. Beda banget karo wong kang ambangun turut, gelem anggugu lan gelem niru marang gurune, kang mesthi iya bakal nemu wawengan tumrap ing panggayuhe mau. Sarehning guru iku karepe mung anggelarake kang nyata sarta kang tinemu ing nalar, dadi muride iya kudu mangkono.

Sang Guru iku sanyatane ora karsa tegelan (mentalan), lan ora sengit marang sakabehing dumadi, nanging tansah angayomi kalawan tresna asih bae. Tandhane sanadyan marang wong kang nduweni wawatekan drengki, srei, panasten, dhahwen, open, jail lan muthakil pisan, iya meksa isih ditresnani lan diasihi. Mangka sanyatane watak-watak kang mangkono iku mau kabeh, arane nyimpang saka watak lan karsaning guru, suprandene isih kadunungan sihing guru, kanggonan panca indriya, sanu, cipta lan liya-liyane.

Ana dene guru iku ora karsa cidra, tandhane sing sapa gelem ngudi sarta anggayuh kalawan temen-temen marang kang diesthi, wus masthi iya tinemenan. Sang Guru ora karsa nacad lan ora karsa pameran, awit sasolah bawa sarta panemuning manungsa iya mung dianggep sarwa kabeneran bae. Sang Guru ambeg paramarta, nyatane sanadyan marang wong kang banget nyimpange, lan matumpuk-tumpuk kaluputane, ewadene iya ora nemu duduka utawa pidana. Sawuse ingsun aweh pemut mungguh kang dadi laku lan bubuhane wong dadi murid, ingsun ambanjurake maneh gancaring wawarah mau, sarta ora ingsun wedharake kabeh, supaya ora andadadekake pakewuh lan rekasaning panampanira. Ing pangarah, supaya aja nganti kaliru surup, utawa kaliru ing panindakira.

Dhek mau ingsun wus nyaritakake ing sajrone kalbuning Ad-haama, lan kang dadi papatihe, iya ‘budi’. Saiki ana maneh kadadeyan saka kedhering lintang sarta prabaning ‘damar jati’, kawuwuhan soroting ‘Pramana’, iku uga dadi perangan kang alus ana ing sajroning kalbu, satemah kawawa urip sarta maanani bebadan pitu arupa cahya iya lapis pitu, arane ‘Damarmaya’. Mulane diarani mangkono, amarga rupane pancen kaya damar, nanging padhange mung maya-maya bae, uripe tanpa sumbu, iya iku kang amadhangi paningal kita iki. Ana dene calon peranganing piranti pipitu mau, iya iku: otot alus, diarani ‘ada ini’ iku dadi kekuwatan ‘ada-ada’, kang bisa maanani piranti gandhenging ‘jagad gedhe’ lan ‘jagad cilik’. Otot rada alus maneh, diarani ‘nadi’, tegese kena ginawe nata marang kaanan sajroning raga pribadi. Ana maneh diarani ‘dhuwuran’ (polo utawa uteg), iku sawijining papaning piranti kang kanggo anggandheng gathuking kaanan ing njaba lan ing njero, iya iku budi saka rerehane. Banjur ana maneh ‘limpa’ utawa kebuk (paru) kiwa tengen, iku piranti wadhahing hawa. Kang kiwa minangka wadhah lumebuning hawa saka ing njaba, kang tengen minangka paleremaning hawa kang diwetokake. Nuli ana maneh ‘jiling’, iku piranti maligekake lan anglaras supaya bisane mathuk karo dayaning budi kang banjur diarani kakandhanganing rasa kang saka ing njaba lan saka ing njero.

Ana maneh kang kadadeyan saka dayaning rembulan, kawuwuhan kalumpukaning daya kang saka sakehing jiwa, gathuk karo dayaning kaanan pirang-pirang kang ana ing langit, kayata: swasana, hawa, amun-amun, teluh sarta mega, kawuwuhan maneh saka dayaning Pramana, iku banjur dadi sawijining kaanan, piranti kanggo ganeping bebadan: dununge ora ana ing njero kalbuning Ad-haama, ananging ana ing njero kalbuning Kadiwa. Geneya teka mangkono? Iya, awit dayaning kaanan pirang-pirang kang dumadi mau, kabeh mathuke karo sarirane Kadiwa. Wruhanira, yen sajroning kalbune manungsa iku, ana isine lanang lan wadon, iya kang diarani ‘sajatining lanang’ lan ‘sajatining wadon’.

Sangkan Paran #25

Mulane aja padha sira sengguh manawa sajatining lanang lan sajatining wadon mau awujud baleger utawa janggerenging rupa, ananging sumurupa yen kaanan kang mangkono mau ora langgeng lan uga sok sulaya, ora tetep lan iya ora temen. Tandhane: ana balegering rupa, kang saben wong padha ngarani lanang, nanging nyatane ora lanang temenan, jebul ‘wandu’. Ana maneh rupa wadon, ora wadon temenan, nyatane ‘kedhi’. Saka pangiraningsun saben wong mbok manawa iya padha sumurup, mungguh kang diarani ‘kedhi’, wadat utawa wandu mau, ewadene kang dadi jalarane arang kang bisa sumurup.

Mara coba sapa kang wus sumurup sabab-sababe kang mangkono iku, pratelakna ana ing ngarsaningsun kene, supaya dipiyarsakake dening sadulurira kabeh . Ananging manawa sira durung ana kang wikan, ing tembe rak iya padha kasembadan mikani marang prakara iku, angger sira padha temen-temen pambudinira marang saliring wawarahingsun iki ing sapiturute. Kawruh iku mau, saka panemuningsun prayoga banget tumrap para mudha, kang padha bakal anuwuhake wiji (anak). Utamane manawa wus bisa sumurup ing sadurunge darbe garwa. Dadi ora mung ngugemi marang pitutur utawa pralambang lan pasemon saka wredha bae, nanging iya kudu sarana ambudi mungguh ing kasunyatane. Ana unining pralambang mangkene: “Wong anom iku durung kena angguguru, manawa durung satengah tuwa”. Pitutur iku pancen bener sarta kapara nyata, nanging aja sira tampa kalawan lamba bae: awit yen miturut unining ukara, pitutur mau ateges kenane ngudi kawruh iku, ngenteni yen rambute wus putih, utawa pakulitane wus padha kisut. Mangka manawa ditimbang kang kongsi tinemu ing nalar, satengah tuwa iku, kang tuwa iya bebudene, kang tuwane mau dhasar tuwa dhiwasa, marga bebudene wus sarwa santosa, lan ora gampang ginendeng dening hawa kamurkaning ati. Kosok baline, sanadyan wus kempong perot, rambute mabluk lan gegere wungkuk, yen atine mung tansah nuruti marang ubaling angkara bae, iya banjur aran wong tuwa – tuwas, jalaran nyatane mung ragane bae kang luwas: dadi banjur tetep
wong tuna ing budi, dening ora mikani marang rasa kamanungsane.

Kang mangkono iku mau kabeh, muga padha sumurupana murih dadiya tepa palupinira, salusuren mungguh bener lan lupute; apa maneh padha tindakna murih prayoga tumrap marang awakira dhewe. Samengko ingsun banjurake maneh bab genepe isen-isening kalbu, kang bakal maanani pirantining badan wadhag utawa raga. Sakabehing rupa kang kasar iku, kadadeyane saka kumpuling daya kaanan tetelu, kang wus dadi bunteling pramana, iya iku kang diarani ‘pratiwi’. Ana dene pratiwi iku gampang dinulu, lan minangka wadhah utawa wengkuning kaanan kabeh, kang ana ing sajroning kalbu kita, mulane iya banjur aran wadhag. Mungguh wadhag kang ana ing njero iya iku: ginjel, pusuh, jantung, ati, usus, wadhuk lan paru utawa kebuk. Dene kang ana ing njaba yaiku: wulu, kulit, getih, daging, otot, balung lan sungsum.

Sawuse pepak calon adon-adon mau, ‘panjenengane karo’ banjur gampang kaserote dening dayaning ‘pramana jati’, banjur bisa linggar saka ing ‘pangrantunan’, tumedhak marang ing arcapada kene iki. Aling-alinge kang diarani ‘kalarat suci’, uga banjur katut dening tumedhaking Ad-haama lan Kadiwa mau. Nalika tumedhaking sarira karo iku, lakune cumlorot kang rikate angluwihi marang sakabehing titah, nganti anjalari gègèring jiwa-jiwa kang ana ing langit lan ing pangrantunan kono. Kang cedhak karo panjenengane, padha ngetut marang tumedhake mau, sarta iya banjur tumuwuh ana ing donya kene. Duk nalika panjenengane tumedhak, pinethukake dening ‘Hyang Pramana Jati’ kang banget kedher lan sesere, kaya dene asung pahargyan. Kekedhering pramana mau wus bisa anggepok marang sarirane karo, kalarat suci banjur (ambyar) sirna padha sanalika, bali marang pinangkane lawas. Dene ‘panjenengane karo’ banjur padha tumedhak marang agraning wukir Cakrawala, kapernah ing bawana iring lor. Saiki negesake gunung Cakrawala. Cakra iku buwengan, wala iku wadhahing babakal (wiji) dadi Cakrawala mau karepe: sawijining buwengan kang papane katon moncol dhewe ing sajroning bawana iki, sarta dadi papan padunungan tumuruning wiji kamanungsan. Sarehning jagad gedhe lan jagad cilik iku kudu timbangm tetep-tinetepan lan saksi-sineksenan, dadi karo-karone mau iya padha anane lan padha nyatane, bedane mung kasar karo alus bae.

Sangkan Paran #26

KSM :
Kuciwa sethithik jalaran ana wedharane Sang Wiku sing ilang (lembar bundhel kalawarti Djawa Boedi Moerni kasuwek). Senajan ora akeh, nanging sajake kok penting, yaiku katerangan kang nyaritakake Tumedhaking Ad-haama ana ing bawana kasar kang kita enggoni iki. Kanggo iku, KSM nyuwun gunging pangaksama.
Pambuka (Mijil) saka Redaksi Djawa Boedi Moerni:
1. Yèn ngaurip tansah awas éling, lângkâ kang kalakôn, tumâmâ mring pakarti kang dédé, dadi datan nglirwakkên papali, jêr karsèng Hyang Widi, sanggyaning tumuwuh.
2. Kinèn ngliling mring ânggâ pribadi, ngruruh karahayôn, pamrihirâ tan kurup uripé, awyâ mirông mring wawarah jati, jatmikâ ing batin, tatanên saèstu.
3. Lah lalarên gyantâ angulati, tâtâ kang wus matôn, lêgutaknâ ngilangkên sumlangé, mrih kawêdhar kudhupirèng kapti, satêmah lêstari, tindak kang tumanduk.

Sang Wiku :
Dhek samana ingsun wus anyaritakake bab purwane ana aran semadi, iya nalikane Ad-haama kasengsem marang kang adi (edi, endah). Mungguh tembung semadi iku saweneh ana kang nembungake ‘Sumadi’, kang pinangkane saka gerbaning tembung ‘su’ lan ‘sandi’. ‘Su’ ateges luwih, ‘sandi’ iku werdine ora gampang wineruhan (samar). Dadi wutuhe: ambiyak warana pelenggahaning Kang Maha Luwih, iku sayekti ora gampang wineruhan. Kacarita Ad-haama wus bisa kalakon bali marang padunungane lawas, nunggal karo ‘Kang Sandi’ mau (Guruning Ngadadi). Ananging sanadyan wus mangkono, sarehning kang mau Ad-haama iku sarirane wus kalakon gegepokan karo unusane, iya Kadiwa iku, dadi iya isih katempelan daya saka sariraning Kadiwa mau. Jalaran saka kang mangkono iku, banjur andadekake ora suwe anggone ana ing papan kono. (Katekane ana ing puncaking semadi utawa ‘luyut’ iku mung sakeplasan, ksm).

Sarehning Guruning Ngadadi iku ajeg enggone kedher, nyiprat, nyoroti sarta nglimputi, dadi iya kaya mangkono iku enggone maringi ‘urip’ marang para titahe, dadi sasambungane daya kang saka Ad-haama lan Kadiwa mau. Bareng dayaning Kadiwa wus arep gathuk karo dayaning Ad-haama, samana Ad-haama banjur gampang enggone ginendeng dening tumuruning sorot lan kekedhere Gurunuing Ngadadi. Tumurune ora beda karo dhek nalika isih sinebut cipratan Guruning Ngadadi, lakune cumlorot tumurun marang ing arcapada maneh. Sarehning kang ana ing arcapada, lan kang pancen dayane wus gathuk karo Ad-haama iku mung Kadiwa, dadi paraning Ad-haama mau banjur tumuju marang padunungane Kadiwa. Nalika samana Ad-haama durung kadunungan daya panggendeng, mulane satekane ing kono, iya banjur kataman daya panggendenging Kadiwa mau. Dadi wiwit nalika iku enggone bisa kalakon jumbuh rasane sarira loro-lorone mau.
Kang mangkono iku banjur dadi pasemon: “Curiga wus dumunung ana ing arangkane”. Mulane ing samengko banjur genti pangrasuke, iya iku sarirane Kadiwa banjur dadi agem-agemane Ad-haama. Bareng wus mangkono iku, Kadiwa banjur sangsaya wuwuh
gambirane: anjalari dadi mekar lan kasaring sarirane. Ananging enggone mangkono iku ora bisa ajeg, amarga wus dumunung ana ing arcapada. Malah-malah Kadiwa banjur tuwuh karepe, nedya anuruti murih bisane tansah magepokan karo dayaning rasa kaanan kang wus gumelar ing arcapada iki kabeh. Mulane karepe mau iya banjur bisa kalakon. Dene nalika samana enggone nyambung rasane sakabehing kaanan, mung sarana molahake sarirane, iya iku kedher, seser sarta anyerote. Amarga surya candra lan kartika tansah andayani marang sarirane, sarta kawuwuhan sumuking pramana, lan tansah kataman dening uwabing pratala, iku iya banjur maanani daya kang kawasa agawe dadining babakal peranganing sarira kaya kang wus ingsun terangake ing ngarep.

Sangkan Paran #27

Saya suwe sarirane wadhag kang ing njaba banjur dadi arupa wadhag kabeh, sarta sangsaya mundhak agale, dadi iya saya wuwuh rosa enggone nyerot marang sarupaning daya kaanan kang gumelar iki. Suwe-suwe citraning sarirane Ad-haama malih dadi pating pretnol, pating prenggik lan padha bolong-bolong. Bolongan iku mau kang minangka dalan panyerot lan panyambunging daya marang sarupaning kaanan kang tumuwuh ing arcapada iki.

Bareng sangsaya banget kasare lan wus ora bisa mathuk dumunung ana ing Maliawan kono, dadi banjur ngalih marang sukuning gunung Cakrawala kang sisih wetan, diarani tanah Butan, iya iku panggonan gumelaring hawa. Sawuse kataman dening dayaning hawa pirang-pirang kang ana ing kono, banjur saya santosa karepe enggone tansah gandheng dayaning rasa karo sakabehing tumuwuh. Mungguh karep kang mangkono mau iya bisa kasembadan kabeh, mulane bareng wus gandheng dayaning rasa mau, suwe-suwe banjur katuwuhan daya pepenginan kang saka enggone ngumpulake marang sakabehing rasa kang tumuwuh ana ing pratala kabeh.

Bareng kapengine kang mangkono mau bisa kaleksanan, banjur amuwuhi rereged kang anjalari dadi saya agal lan kasare marang sakabehing wadane. Mulane ing samengko banjur dadi titah kang luwih dening apes utawa asor, jalaran sarirane wus meh ora beda karo bangsaning sato. Iya mangkono iku kang marakake dadi sangsaya banget ubaling hawa kekarepan lan pepeinginane mau. Bareng wus suwe enggone ana ing kono, lan ora kasembadan kang dadi kekarepane, tumuli ngalih marang panggonan liyane, parane ngidul dumunung ana ing sawijining papan kang diarani ‘SIAK’. Wiwit nalika iku sarirane Kadiwatansah sasrawungan sarta magepokan karo bangsa tetuwuhan lan bangsa sato. Amarga saka kang mangkono iku, saya suwe banjur sangsaya ngambra-ambra karepe. Ananging bareng banget ing kulinane, rasane Kadiwa banjur sangsaya matuh enggone nuruti marang daya pepinginan kang wus kawedhar iku, bisa maanani bebadan kasar, kang gampang ginepok utawa ginrayang. Satemene awak iku bisane widada daya kekuwatane iya amarga saka rasuk-rinasuk rasane karo sakabehing tumuwuh kang wus padha abebadan kasar utawa awak. Dene sarupaning bebadan kasar iku kang santosa dhewe enggone padha daya-dinayan karo sariraning Kadiwa, iya iku mung tetuwuhan sarta kakayon utawa wit-witan. Sarehning sariraning Kadiwa mau wus kulina tansah daya-dinayan lan gegepokan karo sarupaning titah kang wus kasar-kasar, dadi bareng kataman dening sunaring surya candra lan kartika, kawimbuhan dayaning pirang-pirang kang ana ing langit, sarta daya uwabing pratala, lan kekedhering pramana,
sarta maneh sumuking jaladri, iku banjur anduweni patrap mamangan kayadene patraping bangsaning sato. Malah pamangane mau ora mung saka dayaning rasane bae,
ananging banjur gelem mamangan marang awak-aweaking tetuwuhan lan gegodhongan. Saya suwe nuli gelem mamangan marang papadhaning urip kang arupa sato, mulane banjur tetep arane dadi tidah kang papa nistha sarta apes, ora beda karo bangsaning sato. Yen mangkono, kaanane mau dadi luwih papa lan luwih nistha tinimbang lan bangsa sato. Dene tandha yektine, kadunungan wawatekan tegelan utawa mentalan, dhemen agawe papati marang papadhaning tumitah. Ora weruh yen iku mau kabeh kang bisa dadi pitulungan amikuwati marang awake. Apa mangkono ora tetep aran titah kang papa lan nistha ?

Lumrahe wong urip ana sajroning arcapada iki, wewatekane kang mangkono iku, wus ora dianggep apa-apa, kepara mung dianggep prayoga lan utama bae. tandhane ingsun wus kerep ngrungu marang ujaring wong kang pancen kadunungan watak mangkono iku, manawa manungsa urip ana ing arcapada iki diwenangake murba masesa lan nguwasani marang sakabehing tumitah. Iya ujare kang mangkono iku kang banjur dianggep sawijining pasaksen, anetepake yen manungsa iku titah kang luhur dhewe ana ing arcapada iki.

Ana pitakon, manungsa kang wus andurusi marang kekarepane mangkono mau, apa iya wus nyata bener, utawa wus cetha panganggepe? Mara sapa kang bisa nerangake bener utawa lupute? Coba wawaninen anglairake rembug utawa gagasan kang becik, supaya padha dirungokake marang sadulurira, lan dadi tuladha sabanjure. Pangiraningsun, teka iya bakal ana kang kasdu anglairake panemune ana ing ngarsaningsun kene. saiki wiwit gagasen, ingsun enteni ing sawatara. Ing semu wus rada suwe enggoningsun ngantarakake, durung ana kang angandharake panemune tumrap marang prakara iku. Kang prayoga putraningsun pambarep bae, kang ingsun bubuhi medhar gagasane. Mara majuwa lan terangna ing sagaduging panemunira, aja nganggo ewuh sarta pakewuh. Manawa ana kekurangane utawa nalisir saka wawaton kang bener, mengko ingsun kang bakal anyulangake.

Sangkan Paran #28

Aturipun Siswa Pambajeng :
Kula nuwun Sang Panembahan, kula mundhi dhawuh paduka ingandikakaken medhar gagasan ing sagadug-gadugipun. Ananging sarehning kula rumaos dereng jembar ing seserepan, punapa malih dereng lebda dhateng prakawis punika, dados inggih mboten badhe saged anggamblangaken dhateng para ingkang mirengaken. Ewadene salebeting manah, kula namung rumaos bingah, sarta mboten anggadhahi uwas sumelang, denng wonten ing ngarsanipun Sang Panembahan. Awit lepat leresing wedharan kula wau, badhe lajeng kauningan dening Sang Panembahan, ingkang malah lajeng saged pikantuk pitedah utawi tinuntun dhateng leresing seserepan. Anglengkara sanget saupami kula lajeng tampi dudukanipun Sang Panembahan, dening kalintunipun wawedharan kula, dhestun namung badhe angsal papadhang ingkang badhe tumanja dhateng kula sakadang. makaten pamanggih kula :

Wiyosipun, menggah watak tegelan dipun anggep dede punapa-punapa, punika ing sajatosipun namung kabekta saking pakulinan anggenipun anuruti dhateng ubaling angkara tuwin raosipun kemawon. Amargi saking makaten, lajeng mboten kengetan manawi wonten ing arcapada punika awakipun inggih titah. Amargi saking ingkang makaten wau, lajeng saged anuwuhaken raos bilih awakipun punika sanes bangsaning titah, nanging namung ngrumaosi manawi wontenipun ing arcapada ngriki punika, mboten mawi sabab punapa-punapa, kajawi namung lantaran bapa biyung kemawon. Mila lajeng purun angagulaken dhateng kagunaipun, ingkang adhadhasar badhe nuruti dhateng hardaning manah. Inggih makaten punika, ingkang lajeng anggadhahi watak ‘nang-nangan’. Wawatekan ingkang makaten punika, tamtu mboten badhe mikir dhateng susah sarta sangsaraning liyan, ngantos sirna tepa sariranipun. Ingkang kamanah namung anggenipun angumbar ubaling angkara , murih sageda menang ing salaminipun. Awit ing ndalem gagasanipun wau badhe saged anyekapi dhateng raosing manah, ingkang tinuntun dening hawa kamurkanipun, supados anggadhahana manah senang sarta marem. Ingkang makaten punika, kula amastani tiyang ingkang tipis raosing kamanungsanipun, dening tansah kalindhih dening raosing sato. Mila sking anggenipun kandel dhateng raosing sato, ingkang sampun rumasuk dhateng awakipun lajeng anuwuhaken watak tegelan utawi mentalan wau. Malah wawatekan ingkang makaten punika, adhakanipun ingkang binudi namung sagedipun angasoraken dhateng sasmining manungsa kemawon, murih ing salebetipun gesang sageda kacekap piyambak. Mila saya dangu mboten ngemungaken damel asor, sarana  prabawaning awak tuwin karosanipun kemawon, ananging sangsaya mempeng ing pangudi, anggenipun ngawontenaken pirantos ingkang kamanah saged anjalari tiwasing sesami. Sarehning tumanduking watak makaten punika, saged adamel girising manah, ngantos titiyang ingkang pancen mboten gadhah dhadhasar watak makaten, sami lumuh anglampahi sarta namung ngawon. Sareng sampun kathah ingkang ngawon, titiyang ingkang kadunungan watak tegelan utawi mentalan wau, lajeng sangsaya gambira manahipun, rumaos sampun mboten wonten ingkang ngalang-alangi, temah sangsaya ngrebda angambra-ambra anggenipun ngumbar dhateng angkaranipun. Leres ingkang makaten wau, tumrap dhateng sasawangan lajeng nama bregas utawi moncer, ananging sarehning sadaya gesang punika, raosipun sambet kaliyan sasamining manungsa, dados ingkang mboten teguh ing bebuden, manawi kataman dayaning raos ingkang makaten wau, mangka lajeng mboten tinanggulang dening kekiyataning manah emut, punika tartamtu lajeng kapencut dhateng gelar ingkang katingal birawa wau, satemah lajeng purun tiru-tiru. Saya lami lajeng sangsaya saged ngraosaken dhateng raos ingkang makaten wau. Manawi  ingkang kadunungan raos makaten punika sangsaya ngrebda, jalaran kala rumiyinipun dipun anggep dede punapa-punapa, punika lajeng dados bibiting pangraos, yen manungsa punika wenang amurba amasesa dhateng sasamining tumitah.

Ananging sareng kawontenan ing arcapada punika mboten langgeng, dados ingkang saged angraosaken makaten punika, inggih badhe mboten saged ajeg. Tandha yektinipun, manawi manungsa punuika sampun sepuh, babasan sampun wungkuk, untunipun telas tuwin kisut pakulitanipun, punika ingkang taksih namung kamurkanipun kemawon, ingkang jalaran awakipun sampun mboten kuwagang nyembadani dhateng hawa kamurkanipun wau. terkadhang dereng ngantos sepuh, wonten ingkang sampun kataman cuwaning manah, kabekta saking kawontenan ingkang sadaya tiyang sami remen anglampahi. Amargi saking anggenipun tansah rebat panguwasa, lajeng anjalari dados pasulayan. Sarehning sami ngrumaosi sugih kagunan, sarta santosa tuwin birawa, wekasan lumuh ngawon, angangkahi murih luhuripun. Dados tumrap dhateng pamanah kula piyambak, lampah makaten wau inggih sampun nama leres, dening kawontenanipun wau namung badhe kendhak saking sampun wonten tandhingipun piyambak-piyambak.
Malah tumrap dhateng ingkang sampun kandel dhateng raosing kamanungsan, tegesipun ingkang sami tansah enget sarta ngrumaosi bilih awakipun punika satunggaling titah ing arcapada, ingkang sampun dados golonganing bangsa apes sarta papa nistha, punika saupami lajeng purun cawe-cawe dhateng bab ingkang makaten wau, kula purun amastani lepat. Awit prakawis punika, sayektosipun anuntuni dhateng pamothahing hawa napsu. dados saking pamanah kula, tinimbang anggagas dhateng tumangkaring wawatekan makaten wau, aluwung ngupados mitra ingkang nunggil laras kemawaon, mawi dipun rencangana sabar talatos, sarana linambaran resiking manah, sarta kanthi anyenyuwun dhateng ingkang Among Dumadi, pinaringana margi gampil anggenipun darbe sedya ingkang tumuju dhateng kautamen. (Telas aturipun siswa).

Sangkan Paran #29

Ingsun ngrungu enggonira medharake gagasan prakara
iku, pangrasaningsun kaya wus ora ana gesehe. Saka
pamintaningsun marang sira kabeh, gagasan kang wus
prayoga mau, banjur padha pencarna marang
turun-turunira, supaya ora padha kelu marang wawatekan
kang tansah anuruti marang daya ubaling angkara iku,
bisowa ngidak marang dhadhasaring bebuden kang utama.
Yen wus mangkono, banjur tetep aran wong kang kandel
rasa kamanungsane. Manawa ing arcapada kene wus
timbang kehe wong kang kebak rasane kamanungsan, karo
wong kang abudi angkara mau, iku wus bisa anjalari
dadi tata tentreming rasane sagung tumitah. Apa maneh
manawa luwih akeh kang kandel rasane marang
kamanungsan, amasthi ing arcapada iya banjur saya
wuwuh kukuwunge.

Ewadene sarehning ing arcapada iku bisane pepak lan
sampurna, isen-isene kudu timbang. Tegese, manawa ana
titah kang bagus amasthi kudu ana titah kang ala. Yen
ana pratingkah bener, amasthi banjur ana pratingkah
kang luput. dadi manawa ana titah kang anduweni budi
angkara murka mangkono mau, iya mesthi ana titah kang
anduweni dhadhasar watak nriman; mangkono ing
sabanjure.

Awit manawa ora mangkono, wus masthi bae mbanjur ora
bisa ambedakake, satemah mbanjur ora aran sampurna,
dening durung ganep wiwijangane. Upamane mangkene:
manawa isining ngarcapada iki mung rupa lanang kabeh,
kang masthi ora bakal bisa tumangkar, jalaran ora ana
timbangane kang anjalari bisane tumangkar iku. Manawa
ing ngarcapada iki mkung isi titah kang kandel rasane
kamanungsan bae, masthi mbanjur ora ana kang aran
candhala murka. dadi titah kang anduweni wawatekan
dhemen anggayuh marang kautaman iku, iya mbanjur ora
bisa mundhak, nanging malah mbanjur sangsaya tapis
tanpa tilas, amarga ora bisa mangerti endi kang aran
utama iku.

Kadadeyan kang mangkono iku, saka panemuningsun bener
kabeh lan iya becik kabeh, nanging iya mung gumantung
marang kang arep padha nglakoni bae, dening wus padha
bisa ngrasakake dhewe-dhewe, lan kalakone iya ora
nganggo larangan saka Ywang Suksma. Mung sakabehing
sedya utawa karep mau, ing tembe bakal padha anduweni
papan dhewe-dhewe. Wong kang lagi tinitah papa,
nanging mbanjur nuju marang kautaman, anduweni watak
welas asih marang sapapadhaning dumadi, iku iya aran
wus mulih marang nalare, amarga wus angiribi marang
dhawuhing Guru Sajati. dadi ing tembe iya mrono iku
parane, tetep aran mulih marang kamulane. Kosok
baline wong kang tansah anuruti marang kamurkaning
ati, anduweni watak siya marang sapapadhaning urip,
iku tetela yen nyimpang saka karsaning Guru sajati,
jalaran kena panggodhaning iblis. dadi benere iya
bakal mrono iku parane, mbanjur tetep aran sasar,
marga ora bisa mulih marang mula-mulane.

Ing saiki Ad-haama lan Kadiwa wus tetep dadi
sawijining titah kang tumuwuh ana ing arcapada kene,
nanging manawa sinawang gelare, kang katon mung
sarirane Kadiwa. Ad-haama kabuntel dening sarirane
Kadiwa iku, ora beda kaanane karo raganingsun utawa
raganira iku. Dene bisane arupa lanang utawa wadon
iku, jalaran duk nalikane ana sajroning pangrantunan,
mung gumantung saka keh-sathithiking daya kang rumasuk
marang adon-adoning sarira mau. Terange mangkene:
Kang akeh woworaneing dayane surya lan ciprataning
Guruning Ngadadi iku dadi rupa lanang, kang akeh
dayaning rembulan sarta ciprataning Guruning Ngadadi,
iku dadi rupa wadon. Manawa adon-adone daya rong
prakara mau bisa timbang kehe dayaning lintang, iku
kang bisa anetepake rupa karo-karone. Nanging yen
kumpuling adon-adon mau ora bisa timbang kehe dayaning
lintang, iku anjalari dadi sulaya karo gelaring rupa.
Manawa keciliken dayaning surya lan cipratan Guruning
Ngadadi, iku iya banjur rupa wadon, nanging kedhi.
Dene manawa karo-karone iku kurang kabeh, bisa maanani
rupa lanang lan ganep pirantine, nanging wadat.
Ing samengko ingsun perlu anyulangake bab kang diarani
Adhaama lan Kadiwa iki. Dhek kuna-kunane iku bibiting
manungsa kang tumurun ana ing arcapada kang kapisan.
Ananging sarehning kaanan kang ana sajroning jagad
cilik iku sayektine kudu timbang, dadi ing jagadira
dhewe iku iya ana Adhaama lan Kadiwane, apa dene iya
ana sarasilahe kang ora ana bedane karo ad-haama lan
Kadiwa kang ingsun caritakake iki. Murih cethane,
Ad-haama lan Kadiwanira dhewe iku ing tembe uga bakal
ingsun terangake, awit iku kang luwih perlu padha sira
gayuh, dening sanyatane iya iku kang diarani TANPA UNA
lan TANPA UNI. Dene CUPU MANIK ASTA GINA iku
sanyatane iya sariraning Ad-haama duk nalika tumedhake
sapisan saka Guruning Ngadadi. Wis samene bae dhisik,
ingsun arep nyambi guguyon sawatara, minangka dadi
panglipuing sayah, mangkene :

Sangkan Paran #30

Tumuruning Ad-haama marang arcapada kene iki, ing
sabenere kudu mathuk dayane karo kang dadi lantaran
enggone bakal tumuwuh. Mungguh Guruning Ngadadi iku
kedher lan sumorote ora mung sapanggonan bae, nanging
bisa maratani salumahing jagad iki kabeh, kongsi
sajroning bawana kene iki bisa kaisenan manungsa.
Dene keh-kehing manungsa, ing sajroning bawana iki,
ana kang larikan saka turuning Ad-haama lan Kadiwa
mau. Bisane mangkono, jalaran cipratan Guruning
Ngadadi mau tumurune marang arcapada kapinujon ana ing
sawijining panggonan kang pancen ing kono durung isi
manungsane, kang ana mung sawarnaning bangsa sato lan
wit-witan bae. Sarehning bangsa sato iku ing nalika
nunggalake rasaning asamara, ing kono ambarengi
tumuruning cipratan Guruning Ngadadi iku, mbanjur ora
ana daya liyane maneh kang bisa gegayutan, kajaba mung
iku mau. Dadi cipratan Guruning Ngadadi iku, mbanjur
kena sinerot dening dayaning asmara, mbanjur bisa
nunggal rasane lan jumbuh karo jiwane sato kang pinuju
sacumbana mau, mulane iya mbanjur bisa ngrasuk marang
bebadan. bareng bebadan mau saya agal, kang amarga
tansah kawuwuhan dayaning thethukulan lan wowohan kang
pinangan dening sato mau, dadi mbanjur bisa anjalarai
dadi awak-awake. Suwe-suwe mbanjur metu saka guwa
garbaning satu mau, lan iya arupa bayi. Nanging
sarehning lantarane awak mau saka sato, mangka jiwane
jinising manungsa, dadi rupane iya mbanjur paron,
ragane memper sato, rupane kaya uwong. Kadadeyan kang
kangkono mau ana tengere, nanging ingsun lumuh
amrataelakake marang sira. Coba padha golekana dhewe
mungguh panggonan lan tetengere bab kang mangkono iku
mau !

Pangrumpaka saka Redaksi Djawa Boedi Moerni :
Gambuh :
1 Wawasên kongsi gambuh, dèntâ mêlêng mring kang aran
wuwul, wuwulané lilingên kang wola-wali, ywâ wêlèh
dimèn kacakup, wikan kêkêraning batôs.
2. Gagaran kang salugu, lêgutaknâ tataning pamuntu,
bubukané ywâ ngunggar angkarèng kapti, kapati titis
mring kawruh, wêruh marang panduk ing dôn.

Kinanthi :
1. Kinanthi manungsâ iku, gumlar nèng jânâ puniki,
nora pilih papan êmpan, mung kang dayanirâ tunggil,
marmâ yogyâ pârâ mudhâ, mardiyâ tindak utami.
2. Mardi mring wawarah iku, amrih prayogâ ing wuri,
dumadining putranirâ, sinungan ing budi luwih,
saranané nglalantihâ, mring sântâ susêtyèng kapti.

Asmaradana :
1. Kasmaran mirênèng kapti, kapati mangulah ciptâ,
tataning pakarti batôs, lir wulang susulangirâ, Sang
Wiku kang kawuntat, mrih dadyâ dayaning kayun, sirnâ
sandéyaning driyâ.
2. Sanyatané yèn dèn èsthi, pinathêt panthênging râsâ,
pasthi karâsâ sarèhé, puwârâ warananirâ, ngêblak wrin
saniskârâ, jroning trilokâ kakukut, nanging mung
bôrông ing karsâ.

Sang Wiku :
Ing sadurunge ingsun anyaritakake candhake wawarah ing
ngarep, ingsun nedya ambanjurake enggoningsun samben
geguyon, kang ana pigunane: manawa padha sira
wigatekake, amasthi iya bakal makolehi. Dene carita
mau, bab wong kang nalurine ora urut sakaAd-haama,
kang uga bisa nurunake awor karo wong kang pancen
naluri saka Ad-haama. Ananging mula bukane wong kang
mangkono mau, mung urun wong wadon bae, kang minangka
babone. Mulane mangkono, amarga kang kasinungan budi
pakarti (akal) pepak, iku kang jinis naluri saka
Ad-haama. dadi kang kadunungan ubaling angkara luwih
dening santer, iku iya kang saka Ad-haama mau, mbanjur
padha anduweni anggep ‘dak-nang’. Sarehning titah
kang ana ing arcapada iki wus padha angrumangsani yen
kalah akal budine kalawan trahing Ad-haama, dadi iya
banjur tansah narima kalah bae. Amarga manawa ora
mangkono, amasthi mbanjur winasesa dening nalurining
Ad-haama mau. Iya mangkono iku, kang anjalari dadi
ciliking atine jinis kang dudu nalurine Ad-haama, lan
sakabehing sato kang ana ing arcapada iki. Jalaran
saka mangkono para naluri Ad-haama kang ora condhong,
mbanjur ngananake papali tumrap wong kang arep
jejodhowan, kang kangsi saprene isih lasatari akeh
kang nalurekake. Dene papali mau kayata: tembung putra
jodhone putri, dewa karo dewi, bathara karo bathari,
raseksa karo raseksi lan sapanunggalane.

Sangkan Paran #31

Sanadyan mangkono, iya meksa isih binubrah dening
nalurining Ad-haama, kang pancen sugih reka. Bareng
prakara mangkono iku tumeka ing tanah Jawa kene,
mbanjur disalini papali, milih salah sawijining
tembung patang prakara, iya iku: bibit, babat, bèbèt
lan bobot. Bibit iku ora mawang turun, waton becik
kalakuwane. babat iku turune bangsa luhur kang kaloka
ing kadibyane. Bèbèt iku talering bangsa luhur. Bobot
iku kasinungan endah ing rupa utawa sugih bandha.
Suwe-suwe bareng wong Jawa wis ora dhemen nganggo
papali kang mangkono iku, mbanjur ana sawijining
bangsa Pandhita kang anduweni panemu, murih padha
becik kadadeyane, sarta supaya ora anjalari dadi
neopsuning uwong, mbanjur nganggit petungan kang
diarani ‘panca-suda’, ‘bincilan’, lan ‘pasatuan
(pasatohan)’. Iku kang lumrah isih padha dinalurekake
kongsi saprene. Panemu mangkono iku kabeh ingsun
angarani wus becik, ananging ana kang luwih becik
sarta prayoga maneh, iya iku yen wong ing sadurunge
jojodhowan, wus gelem ngudi mungguh kang bakal dadi
‘pepesthening jodhone’ kang dadi titimbangane nalikane
padha urip ana ing arcapada kene iki, amarga mangkono
iku meh ora ana bedane karo kang diarani ‘bojo jaka
lara’.
Ewadene wong ing jaman saiki, ing semu wus langka
banget kang gelem marsudi marang kawruh kang mangkono
mau. Sanadyan wus padha krungu pasemon warna-warna,
sarta ing saben dhalang wayang purwa utawa madya uga
kerep medharake carita mangkono, ewa samono iya arang
banget kang anggatekake. Mulane sanadyan sira wus
padha anduweni jodho dhewe-dhewe, ananging iya isih
luwih prayoga padha angudi, jalaran iku bakal kanggo
marang anak putunira. Malah manwa anggone jojodhowan
iku sarana disumurupi dhisik mungguh ing pepesthene,
saka pangiraningsun langka banget kang nemu alangan
lan bisa dadi pegate, kajaba yen mati salah sijine.
Awit panemu kang mangkono iku, dhek jaman purwa utawa
madya, padha dipersudi banget kongsi ora bisa aran
luput lan ora aneh. Yen lanange mati, mbanjur wadone
bela pati, marga rumangsa ora bisa urip manawa
tininggal kari ana ing arcapada kene. Apamaneh ora
bakal kalakon nganti jojodhowan karo wong lanang
liyane. Ana kuciwane sathithik, dene kang setya
banget iku jebul mung wadon bae, prayogane rak iya
kudu padha-padha; ananging sanadyan mangkonowa, iya
wus kalebu becik, tinimbang karo kang katon tumindak
ing jaman saiki. Saupama tumindaking papali kang
mangkono iku bisa timbang lanang lan wadone, mbok
manawa wong saiki bisa luhur banget kautamane. Iya
uga ana empere sathithik, mung yen mati salah siji,
kang kari banjur ora gelem jojodhowan maneh. Ewadene
sarehning kagawa saka untabing jaman, saya suwe kang
dianggep bener lan apik tumrape wong kang jojodhowan
iku, mung angger wus padha senenge bae. Dadi sabenere
pancen wus langka banget bangsaningsun iki kang murni
nalurine. Mulane tumrape marang ingsun, kang diarani
nunggal bangsa iku, iya wong kang wutah getihe wong
tuwa-tuwane padha ana ing kene, nanging ana kang ora
tunggal jinise.
Manawa ngelingi kang mengkono mau, aja pisan-pisan
sira anduweni watak ewan sarta panasten, apa maneh
drengki lan muthakil, jalaran kang sira mangkonokake
mau, mbok manawa isih tunggalira dhewe.
Wis samene bae anggoningsun nyambi babanyolan, aja
kongsi anggendeng marang hawa kang murka. Iki mung
minangka tambaning kemba.
Ing samengko ingsun ambanjurake wawarah bab Ad-haama,
kang ana ing awakira dhewe, awit iku banget perlune.
Manawa bisa sembada ing pangudinira, iku kang anggawa
awakira lumebu marang marga kang utama. Ing ngarep
wus ingsun terangake, yen ad-haama iku uga sempalan
saka Guruning Ngadadi, malah kinacek tinimbang lan
cipratan (sempalan) liyane. Dene sakabehing jiwa kang
ana ing jaman kaalusan, wiwit saka ing purwa
tumekaning pangrantunan, iku iya padha bisa tumitah
ana ing arcapada kene iki, lan uga padha bisa dadi
manungsa. Malah kang ana ing sangisoring
pangrantunan, iku terkadhang iya ana kang bisa tumitah
dadi manungsa, mung bae kang luwih dhuwur (luwih
mulya) pinangkane, iya mesthi luwih luhur bebudene.
Kosok baline yen kang luwih asor pinangkane, iya luwih
asor bebudene. Lumrahe diarani bodho, iya iku wong
kang banget asore watara tikel pindho tinimbang lan
pikire kebo utawa sapi. mangkono iku tembung panyédha
kang wis kaprah padha dianggo dening wong akeh,
nanging sanyatane iya ora ana wong kang pikirane
nganti asore padha karo pikirane kebo, kosok baline
sapinter-pintere kebo, iya ora ana kang papak
kapinterane karo manungsa. Nanging pituturingsun iki
aja sira bantah, mung padha nyatakna bae, supaya bisa
marem rasaning atinira.

Sangkan Paran #32
Samengko bakal ingsun pratelakake urut-uruting wiji
kang wus mencar saka Guruning Ngadadi, kang bakal
tumurun marang arcapada kene. Wiji kang mentas mencar
saka baboning kaanan utawa Guruning Ngadadi iku,
bebadane diarani ‘jiwa’. Ananging bareng jiwa iku wus
padha pethal saka babone kang sadurunge tumurun ing
arcapada iku padha kandheg ana ing sawiji-wijining
panggonan, manut keh sathithiking (gedhe cilike)
bebadane.
Kang bebadane luwih cilik, iku woworane mbanjur saya
akeh: saka kehing woworane, kongsi tikel tinimbang
karo manungsa, mulane bareng tumurun ing arcapada,
mbanjur diarani bangsaning sato. Terange mangkene:
wiji kang mulya dhewe, iya iku kang akeh dhewe utawa
gedhe dhewe: padha-padha sempalan Guruning Ngadadi,
iku wiji kang bakal dadi manungsa. Dene liyane iku,
iya isih ana maneh wiji kang terkadhang bisa ngrasuk
marang raga kamanungsan, iya iku ‘martiyu’, sangisore
diarani ‘teluh braja’, ngisore maneh diarani ‘antu’.
Mungguh pepesthening wiji tetelu mau, yen manut
papangkating panggonan purwane, iku jiwane bangsa
sato. Ananging enggone mbanjur bisa tumimbal ngrasuk
badaning manungsa maneh iku sawuse diwasa, amarga wus
bola-bali dadi bangsaning sato, lan sajroning dadi
sato, wus kabeneran tindake. Samono uga jiwa kang
papancene dadi manungsa, manawa ora kabeneran tindake,
iya bisa uga kuwalik pangrasuke, manjing marang
raganing sato. dadi tetela banget marakake kabeneran
utawa kliru iku, iya amarga saka tindake dhewe: mulane
sing sapa tumindak ora manut papesthene, amasthi bakal
nampani siksa saka tindake dhewe mau. Mangkono iku
kang diarani wong ora eling, lan ora narima marang
panduming dumadi.
Ana dene mungguh tumuruning wiji kang rumasuke dadi
titah ana ing arcapada, kang ora ngrasuk bebadan
manungsa utawa kewan, nanging rumasuk marang bebadan
wadhag kang tanpa nyawa, kaya kang wus ingsun
caritakake biyen, samengko bakal ingsun pratelakake
maneh, murih terang babar pisan.
Kang kapisan: ‘wahyu’, iku ora saben manungsa jiwane
asal saka ‘wahyu’. Lan iya ora saben manungsa bisa
kaserenan wiji wahyu mau, amarga mapaning wiji iku ora
ninggal dayane. Sarehning wahyu mau luwih dening suci
tinimbang wiji liyane, dadi kang bisa kanggonan, iku
iya kang timbang sucine utawa mulyane: mulane wahyu
mau ora bisa manjing marang raganing sato, amarga sato
iku ora ana kang bisa nuceni awake utawa rasane
kayadene manungsa.
Kang mangkono mau manawa jiwaning wahyu tumurun,
kabener ora ana manungsa kang timbang sucine, iku
amasthi mbanjur lumebu marang sajroning watu, kang
bebadane bening, lan banjur anjalari watu mau sangsaya
wuwuh cahyane nganti padha pinilala dening manungsa.
Lumrahe watu kang mangkonio iku, wong Jawa padha
ngarani ‘watu hernawa’ utawa ‘inten’. Iku sanyatane
saka tembung: ‘her’, ‘ana’ lan ‘jiwa’, werdine watu
kang kayadene kaisen banyu, sarta ana jiwane utawa
urip.
Wahyu kang tumurune ngrasuk bebadan manungsa, iku
terange mangkene: manawa ana sawijining manungsa kang
banget weninging rasane, sarta kang mulus atine lan
kang luhur bebudene, mangka tansah mangun tapa,
anyawijekake karep ambudi rahayuning jagad, iku dayane
bis sumrambah marang saindhenging bawana. Malah
saking lepasing dayane, kongsi bisa anggepok marang
jiwa kang isih ana ing ‘karaton purwa’, temahan unusan
(sempalan) Guruning Ngadadi kang ana ing kono bisa
kagendeng dening daya kukuwatane.
Bareng sorot Guruning Ngadadi tumurun, jiwa mau
mbanjur gampang katute; lakune angliwati marang
sakabehing panggonan kang padha ingsun terangake
biyen, nanging ora mandheg-mandheg, amarga ginendeng
dening dayaning manungsa kang suci mau. Mulane lakune
iya cumlorot banget rikate, ngungkuli lakuning para
titah kabeh.
Satekane ing arcapada, kang masthi iya mbanjur ngener
marang dununging manungsa suci iku, amarga sajatine
wahyu iku durung kadunungan daya panggendeng, dadi
mbanjur kalebu marang sajroning badane manungsa suci
mau.
Pangrumpaka Redaksi Djawa Boedi Moerni (Mijil) :
1. Yèn ginagas wijiling pamardi, dadi tansah gawôk,
wông narimâ mrih laras uripé, ânâ ugâ kang mung tansah
kontit, êndi kang pinilih, lalaran karuhun.
2. Kang kalumrah nrimâ iku bêcik, wit wus aran matôn,
nanging lamun ninggal ikhtiyaré, têtêp aran tan
ngulati pasthi, pêthuké pinardi, srânâ kawruh luhung.
3. Jroning wulang mêlôk dadya péling, dènira yun
ngrurôh, rah-arahé kang mangkono kuwé, dènta nglalar
ywâ wêlèh angliling, lulungiding wêsthi, waspadaknâ
kulup.

Sangkan Paran #33
Ana dene manungsa kang katurunan wahyu iku, manawa
kabener nyebar wiji (saresmi karo garwane), mangka
garwane mau resik atine lan bening rasane, ing kono
wiji mau mbanjur kawawa urip, kang nuli kawuwuhan
dayaning papenginan, satemah andadekake daya kang bisa
angrupakake bebadan. Mulane wong kang mangkono mau,
diarani lagi nyidham kaworan, dening tuwuhing
papenginan, ora amarga saka karepe dhewe, ananging
kagendeng dening dayaning jiwa kang wus urip ana ing
sajroning guwa garbane mau. Dadi satemene kang diwori
iku kekarepane, supaya bisa anuju marang samubarang
kang bisa jumbuh karo karepe wiji mau.
Kajaba saka mangkono, ing sadurunge wiji mau ngalih
panggonan marang garbaning biyung, lan nalikane isih
ana sajroning garbane bapa, iku wus anduweni daya
mangkono. Wiji kang ana ing garbaning bapa mu lawase
mung satus dina, sarta mbanjur tumurun ngalih marang
guwa garbaning biyung. Ananging manawa kang
kadhedheran wahyu mau ora nyebar wiji, dayaning wahyu
iku mbanjur bisa ninggal jiwane kang sakawit, mulane
bisa anjalari unggahing darajad kaluhurane, dadi
Pandhita Linuwih utawa Ratu. Wruhanira, sira aja
padha kaliru panampa lan aja anduweni pangora, yen
ingsun iki isih ambedak-bedkake marang papadhaning
manungsa: o, iku tangeh lamun.
Mungguh sayektine kang jeneng manungsa iku iya ora ana
bedane, awit kang ora padha iku mung bubudene utawa
wateke. Mangka watak lan bubuden kang utama iku, kang
bisa anjalari dadi bedaning rasa kamanungsane. Ana
tetembungan trahing kusuma, rembesing madu, wijiling
satriya andana warih, tedhaking wong mara tapa, iku
yektine pancen beda karo turune wong kang mung ngumbar
hawa napsu bae.
Saupama kang mangkono iku mbanjur dipadha bae, amesthi
Ywang Suksma aran ora adil, dening kang ora nandur
bisa panen. Yen wong kang nuruti karep angumbar
angkarane, jagad iki sedyane arep dirata, mung kenowa
sinambi karo sila bae. Ananging ingsun duwe pangira,
kang mangkono iku ora bakal bisa kalakon. dadi
mbanjur kalebu ing babasan “canthing jali dicidhukna
bany sagara, iya ora bakal bisa ngebaki rawa”. Mulane
bab iki dadiya kaca benggala, kang menawa kanggo ngilo
andeleng taninging sarira, ora tansah kaling-kalingan
dening ubaling angkara, iku iya mung katan marang para
Panjenengan Nata lan para Pandhita. Dadi darahe kang
isih gelem padha angluluri marang laku kang utama,
mesthi iya isih padha kasinungan nugraha. Balik kang
padha ora mangkono, lan lumuh kasinungan mulyaning
ati, iku mbanjur anduweni anggep yen manungsa iku
padha sengguh dumeh sugih bandha guna. Mangkono iku
tiwas ngubal-ubal hawa, tur langka bisane sembada.
Malah yen tansah padha dibanjur-banjurake, ora bakal
mundhak derajatira, nanging bakal saya mlarat kakehan.
Mulane ora gampang dadi wong tuwa kang wus sinebut
bapa iku, karepe: panggarbane kudu tepa, dadi kudu
ceples karo kaanan kang dumunung ana ing awake dhewe.
Yen wus mangkono, mbanjur kena kanggo mardi (mulang)
marang anak-anake, supaya ing tembe pdha bisowa kaya
mangkono, padha rumangsa lan padha duwe panarima.
Dene yen sira padha ngudi undhaking drajat
kamanungsan, kang perlu dhisik sira padha ngulatana,
kapriye margane bisa antuk pangawikan lan kawignyan
kang nyata. Panemuningsun padha lambarana ati sabar
narima, lan kang guyub rukun karo sapapadhanira, sarta
anyingkirna atinira kang kameren, lan dahwen. Manawa
kang mangkono iku padha sira tindakake kanthi
temen-temen, kang masthi saya suwe sangsaya wuwuh kehe
kang padha anduweni kawignyan. Ora kudu rinebut
kalawan hardaning angkara, nanging ing tembe bakal
bisa mundhak dhewe drajating kamanungsane.

Pangrumpaka Redaksi Djawa Boedi Moerni (Megatruh) :
1. Pamêgating ruwiyâ kawahyèng ngayun, kayêktèné kang
nastiti, titènânâ nganti putus, pintâ pintaning
pambudi, binudiyâ ingkang bôntôs.
2. Tutumanên martaning tyas dimèn tulus, têlêsing
ciptâ sajati, sajatiné yèn pinuntu, tangèh tan kataman
ing sih, wahyu nugrahaning Manôn.
Aturipun siswa panggulu :
“Kawula kapareng matur dhateng Panembahan, nanging
manawai wonten kelintuning atur, mugi tinebihna ing
bebendhu. Ing ngajeng Paduka sampun paring dhawuh
ingkang mewahi padhanging manah kula sadaya, namung
wonten sakedhik eweding panampi kula, sarta kados
pundi rekanipun anggen kula saged kalampahan
ngindhakaken kawignyan adamel gelar, manawi namung
tansah sami mudheg wonten ing tanah Jawi ngriki
kemawon. Kacariyos titiyang Jawi punika sampun
kapengker saking kasagedan bab gelar. Beda kaliyan
prakawis pangawikan sajati, ingkang limrah dipun
wastani ngelmu batos; punika sanadyan gresek-gresek,
meksa taksih wonten tilasipun. “

Sangkan Paran #34
Sang Wiku:
O, iku mung jalaran saka enggonira ketenta lan kurang
muluring pamikirira bae. Coba lalaren kang kongsi
ketemu ing nalar, yen sira arep kepingin pinter,
golekana ing endi sumbering kapinteran iku. Murid iku
enggone pinter amarga saka wus sinau (maguru). Gurune
iku maune iya murid, marga isih ana gurune maneh, lan
gurune mau iya murid maneh.
Lah saiki aranana guru kang wiwitan dhewe iku muride
sapa? Dhek jaman kuna wong isih padha wuda, ing saiki
wus padha nganggo sandhangan, iku sapa ing marahi?
Siswa:
O, yen makaten kula sapunika lajeng mangertos, manawi
badan kula punika ngaler ngidul nurut guru nginthil
murid. Mila waton madhep sarta mantep, saya dangu
inggih saya wewah kasagedan kula, mangke dumugi anak
putu kula, manawi taksih sami anglestantunaken,
amasthi inggih sangsaya wewah kasagedanipun.
Tandhanipun kula nalika taksih alit, ngangge sinjang
seratanipun biyung ingkang sasat tanpa corek, rumaos
kula sampun peng-pengan; nanging samangke sareng anak
kula sinau nyerat ‘semen rama latar pethak’ namung
cecekipun kirang lembat sakedhik kemawon, cariosipun
gela sanget, eman dening babaranipun kaleresan sae.
Mangka rumaos kula sampun matikel-tikel saenipun
tinimbang kaliyan sinjang ingkang kula angge kala
rumiyin, suprandene taksih dereng andadosaken
pamareming manahipun. Saking pamatawis kula, manawi
seratan ingkang sampun saged andadosaken pamareming
manahipun punika, mbok manawi inggih saya tikel
matikel saenipun.
Sang Wiku:
Yen sira wus padha sumurup mungguh sumbering kagunan
luwih prayoga mbanjur padha wiwitana nyebar wiji kang
mangkono mau marang sanak kadangira, luwih maneh
marang sapapadhanira, brayan urip ana ing arcapada
kene iki. Goleka kang prayoga tumrap papan kang
kaserenan wiji kang utama. Amiliha kang mathuk sarta
dhasar karem ngudi karahayon, lakune kudu kang bares,
ora anduweni pamrih. Sanadyan duweya pamrih, nanging
yen katanjakake marang wong kang padha mathuke mau,
iya bakal bisa lestari dilaluri dening turun-turune.
Manawa kabeh padha bisa sembada kapinterane, iya
mbanjur padha wuwuh ajine, lan iya bisa diarani
munggah drajate.
Pangrumpaka Redaksi Djawa Boedi Moerni (Pangkur):
1. Ngungkurkên rèhing angkârâ, pangarahé mrih lêbdâ
ing pambudi, dadalané wruh ing dunung, nanangi
wêninging tyas, sanityâsâ miyak wahyanirèng kayun,
kang kayungyun kayumanan, lastari tataning batin.
2. Pantês yèn dèn patitisnâ, ananirâ guru mungguh ing
urip, miwah sumbêrirèng kawruh, kang kaprah ingulatan,
nyatanirâ arang ingkang tan pitambuh, êmbuh ngêndi
dunungirâ, guru sanggyaning dumadi.

Para kadang sutresna, eman banget dene bundhel
Kalawarti “Djawa Boedi Moerni” kang ana ing tanganku
mung tekan edisi nomer 6 (enem). Mula Wedharan Sang
Wiku ngenani Kawruh Sangkan Paran ya mung kandheg
tekan samene. mBok manawa bae ing antarane para
kadang ana sing bisa ‘nemu’ bacute kalawarti Djawa
Boedi Moerni’ (Angka 7 sateruse) kersowa andum kawruh
ana ing Sekar Jagad. Bisa uga ana ing
perpustakaan-perpustakaan kuna isih ana sing nyimpen.
Sumangga padha digoleki bareng-bareng murih bisa tutug
anggon kita sinau Kawruh Sangkan Paran iki.

Ki Sondong Mandali

Tulisan ini dikirim pada pada April 19, 2008 10:42 am dan di isikan dibawah SANGKAN PARAN. Anda dapat meneruskan melihat respon dari tulisan ini melalui RSS 2.0 feed. r Anda dapat merespon, or trackback dari website anda.
4 Tanggapan ke “SANGKAN PARAN”

   1. tomy Berkata:
      Oktober 21, 2008 pukul 7:27 am | Balas

      Bermula dari perjalanan

      Kertas lembaran yang putih tertoreh tinta emas

      HANA CARAKA ….. ”ada utusan”

      Saat manusia tafakur bersyahadat

      ashadu anna muhammadar rasulullah

      Kesaksian bagi SETIAP manusia sebagai utusan Sang Hidup

      Untuk saling berjumpa menjadikan rahmat bagi seluruh semesta

      Dalam perjumpaan,

      Dalam relasi yang saling memerdekakan,

      Hidup berjumpa dengan Hidup membangun rangkaian indah Pohon Kehidupan

      wit kastuba uripWit Kastuba Urip,

      Pang papat,

      Pentile sakembaran,

      Kang putih aran Kembang Wijayamulya,

      Kang abang aran Kembang Wijayakusuma,

      Pohon Kehidupan kesejatian manusia

      Bercabang empat hakikat tangan dan kaki

      Melangkah dan berkarya ’memayu hayuning bawana’

      Berbuah kembar di dalam lapangnya dada

      Putih timangan berkah ayahanda

      Perlambang suci kemurnian jiwa

      Merah embanan restu ibunda

      Perlambang keabadiaan hidup, cinta yang membangkitkan

      Begitulah kisah Sang Prajaka

      Ditemani 4 karib setia dalam perjalanan ke arah Barat mencari Kitab Suci

      Rhisiswa, sang pemberani maha sakti

      Raibabi, yang nakal selalu gembira

      Demalung, penghibur hati

      Kudawahana, titihan mulia

      Gambaran manusia beserta ke-4 nafsunya

      Dalam mencari kepenuhan hidupnya

      Ditempa pengalaman sepanjang perjalanan

      Melewati 33 rintangan 99 pencobaan

      Sang Prajaka tak pernah berhenti memaknai

      Hingga sampailah ketempat tujuan

      Ujung barat kehidupan

      Dimana mentari meredup sinar

      Beristirahat dalam buaian malam

      Lawang Selamatangkep, pintu gerbang Kerajaan Surga

      Dimana Kitab Suci berada

      Dijaga oleh 2 malaikat raksasa Cingakara Bala dan Bala Upata

      Tertahan langkah Sang Prajaka

      Mandheg mangu tergeragap

      Menjawab tanya Sang Malaikat Penjaga

      “SIAPAKAH ENGKAU..?!!!”

      SIAPA AKU……

      Jawaban yang terlontar menegaskan pertanyaan

      Dalih yang dikemukakan menelanjangi kenyataan

      AKU tidak lagi mengenalai AKU

      AKU entitas yang tercerabut dari akarnya

      AKU hanyalah predikat dan atribut yang menempel lekat pada diriku

      AKU ….. sungguh tidak tahu siapa sejatinya AKU

      Tertunduk lesu didepan pintu

      Dalam kegalauan tidak diperkenakan masuk ke dalam

      Pupus sudah segala harapan

      Jerih sepanjang jalan seakan debu tertiup angin

      Segala usaha berbuah sia-sia

      Tiada mampu berbuat apa-apa

      Ke-4 sahabat pun terpuruk dalam kebisuan

      Dalam kekosongan harapan

      Dalam keheningan nafsu

      Terdengar para bidadari bermadah merdu

      TUBUH INI BAGAI GUMPALAN BUSA

      PERASAAN BAGAIKAN GELEMBUNG UDARA

      PERSEPSI BAGAIKAN FATA MORGANA

      BENTUK MENTAL BAGAIKAN TANDAN PISANG

      DAN KESADARAN BAGAIKAN TIPU MUSLIHAT

      ISI ADALAH KOSONG

      KOSONG ADALAH ISI

      Bunga yang sedang mekar meringkus hati dengan kemilau indahnya

      Anak burung yang sedang belajar terbang menarik perhatian dengan riuh kicaunya

      Mengantar dalam kebadian ruang dan waktu

      Seakan waktupun terhenti

      Sebuah momen yang sangat intens

      Menyekap seluruh keberadaan diri

      Lalu…..

      Setiap momen menjadi sangat berati

      Setiap momen adalah sapaan Illahi

      Ayat-ayat yang hidup

      Berdenyut dan bernafas dinamis dalam setiap jejak perjalanan

      Sang Prajaka tersenyum

      Kitab Suci tergelar nyata

      Kitab yang tersusun dari ayat kehidupan

      Ditulis oleh tiap hembusan nafas

      Dirangkai oleh tiap detakan jantung

      Alif Laam Mim Dzalikal Kitab

      KITAB BASAH oleh aliran darah

      Yang membentuk kehidupan raga

      ADAM MAKNA, pengertian sejati tentang hakikat manusia

      Yang membangun kesadaran jiwa

      man arofa nafsahu faqod arofa rabbahu

      Dalam kesadaran agung tentang diri yang sejati

      Insan bersatu dengan Illahi

      Manusia yang imanen bertransendensi

      Gempung suwung tan ana apa-apa

      Mung AKU lan ALLAH kang ana

      Sang Prajaka tersentak dalam samadhi

      Terheran-heran takjub menyadari

      Surga adalah DISINI…SAAT INI

      Tempat tujuan yang sama persis dengan tempat bertolak

      Tempat mentari terbit bersinar

      Pula tempat mentari tenggelam diselimuti malam
   2. PAGANESIA FRONT Berkata:
      Oktober 22, 2008 pukul 10:57 am | Balas

      Kedjawen Pagan Front :

      Kedjawen, Kejawen, Kdjaven, Pendjawi, Kabuyutuan hangajawi; adalah konsep spiritualitas pribumi jawa dengan filosofi berke-Tuhan-annya.

      Kedjawen Pagan dengan nilai spiritual kabuyutan hangajawi mempunyai ciri perilaku penghormatan kepada roh nenek moyang/leluhur, menghargai keseimbangan alam, pemujaan kekuatan dewa-dewi penguasa alam beserta manifestasinya. Bentuk religiusitas keyakinan ini disebut mistik kejawen/Javanese occultism. Ritual religiusitas asli warisan nenek moyang ini telah lama ada jauh sebelum peradaban agama-agama monotheis/samawi/abrahamic masuk di bumi Jawa namun yang pasti keyakinan spiritualitas ini telah menjadi sukma dalam darah dan daging anak manusia ras suku Jawa dimanapun mereka berada dan apapun keyakinan baru mereka. Menjadi tugas kami disini untu tetap menjaga agar nilai spiritualitas itu tetap murni dan abadi sebagai The Heritage belief & custom of Java.

      Front, berarti garda depan.

      Representasikan nilai defensive kami untuk siap menangkal usaha-usaha pembinasaan integritas keyakinan ini. Menyikapi kondisi disintegrasi bangsa dan adanya sinyal pergerakan revolusi puritan maka keadaan ini memaksa kami untuk mengambil langkah pertahanan dan kombatan. Saya pribadi sebagai penghayat terakhir generasi ke-tujuh terpaksa harus siap mengawalinya melalui jaringan komunitas ini.

      Pergerakan menuntut:

      1. Pengakuan kepercayaan-kepercayaan asli diseluruh bumi Nusantara sebagai kekayaan local genius atas kebhinnekaan suku budaya bangsa.

      2. Penghapusan pencantuman kolom agama di ID.personal/K.T.P.

      3. Ketetapan Undang-Undang bahwa pemerintah wajib melindungii dan tidak mencampuri kepentingan privat kepercayaan warga negaranya.

      Kami ada karena sebuah reaksi untuk sebuah tegaknya hak ulayat, hukum adat dan nilai -nilai tradisionalis dan band kami adalah salah satu media corong proPAGANda perjuangan.

      Sambut juga eksistensi jaringan kami di UJUNG GALUH Pagan Front, DJENGGALA Pagan Front, DHOHO Pagan Front, TENGGER Pagan Front, BORNEO/DAYAK Pagan Front dan seluruh komunitas Pagan di planet ini.

      2. yang saya tahu selama ini kedjawen merupakan hasil perpaduan antara islam dan kebudayaan (kalu tidak salah) jawa, itu berarti apakah kalian masih menjalankan kewajiban seorang muslim ?

      Oke. Namun tanpa mengurangi rasa hormat kepada Anda, saya tidak bersedia menjawab pertanyaan-pertanyaan yang menanyakan status agama dalam konteks agama-agama Monotheis, Maaf.

      Pemahaman Anda tersebut disebut Kejawen-Tasawuf, Kejawen yang dikembangkan oleh para wali/ulama besar untuk kepentingan penyebaran agama-agama monotheis di Jawa. sementara kami adalah penghayat Kabuyutan Hangajawi / Kedjawen Pagan yang lebih mengutamakan spiritualitas yang mengarah kepada aktualisasi diri daripada hiruk pikuk religiusitas yang mencandu.

      Pemikiran ini menyokong pemahaman bahwa agami iku tan bedha mring ageman nira (agama tidak lebih dari sekedar bermakna baju), bukankah kita mengenal baju karena dikenalkan oleh orang tua kita saat balita ? dan artinya agama-agama monotheis adalah “produk budaya asing” diluar DNA manusia Jawa.

      Ia dikenakan dan tidak diturunkan/diwariskan.

      Semestinya agama-agama monotheis meyakini juga bahwa Spitiualitas ini Jelas dan Religiusitas itu Bias.
   3. Sangkan Paran Berkata:
      Januari 8, 2009 pukul 5:01 pm | Balas

      Saya hanya ingin sharing buat sahabat-sahabat saya;

      Nama saya memang SANGKAN PARAN, setelah menikah nama tua SANGKAN PARANNING DUMADI, dan dahulu ketika saya masih perjaka saya mempunyai banyak wahyu, mimpi yang datang yang bisa kuramalkan kepada pihak yang saya mimpikan dan hasinya benar.contoh pengalaman: Waktu saya bekerja di Surabaya saya mempunyai temen yang punya rental mobil, pada saat itu mobilnya silver dan di sewa seseorang dan orangnya menghilang membawa kabur mobil tersebut. Setelah selama 3 hari pencarian lewat orang pintar gak ketemu – ketemu juga, kemudian pada saat siang hari saya tidur siang jam 2 siang saya memimpikan melihat secara jelas dan gamblang mobil tersebut ada dimana, ternyata mobil yang silver tersebut sudah di ubah menjadi hitam, ditutup mantel, diparkir di tengah lapangan, dan ada di daerah Surabaya timur, orangnya yang mencuri, tinggi sekitar 170,rambut kebelakang suka memakai kaca mata hitam, dan mimpi tersebut siang-siang kuceritakan kepada temen saya yang punya mobil dia ketawa, setelah kejadian mimpi itu selang 2 hari mobil di ketemukan dan benar sudah di cat hitam, di Surabaya timur, dan ditempat lapangan.
      Saya ga tau dari kecil saya suka semedi, WIRIDAN,prihatin,dikamar, ditempat yang sunyi, hutan, makam raja mataram, sungai, sawah, dan saya banyak cenderung kejawen welas asih, kepada siapa saja.
      Saya juga sering mendapat wahyu mimpi-mimpi yang akan terjadi kepada diri saya, atau saudara,teman hal buruk ataupun baik yang akan terjadi, tetapi kadang saya takut dengan bayangan mimpi itu, tetapi Sangkan Praraning hidup Gusti Allah yang menentukan.Hampir setiap kiasan mimpi saya bisa menjabarkan artinya dan bahkan celaka pada diri saya pun tak terelakan waktu di Jogja: Contoh pengalaman di Jogja saya mimpi membersihkan muka saya memakai celana dalam, dan saya tau maknanya pasti saya akan dapat masalah yang sangat besar, dan benar sekali esok harinya jam 5 sore 2 orang anak buah saya yang saya pindahkan dari posisinya dari jabatan nya itu, tidak terima dan memukili saya, sungguh – sungguh mimpi yang menghantui saya tak bisa aku hindari, dan masih banyak sekali mimpi-mimpi indah dan buruk yang telah menjadi kenyataan di bunga hidup saya.


By Mas Kumitir

      Salam

      Sangkan Paran

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar